Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN UNGGAH-UNGGUH BASA

Total questions: 30

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Ibu : Bapak wis dhahar?

Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.

Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama alus

d)

Krama lugu

e)

Ngoko lan krama

2.

"Omahe Bu Siti iku ana ing Sawojajar, sisihe omahku” yen diowahi dadi basa Krama yaiku….

a)

Omahipun Bu Siti iku wonten ing Sawojajar, sisihipun dalem kula.

b)

Dalemipun Bu Siti menika wonten ing Sawojajar, Sandhingipun griya kula.

c)

Griyanipun Bu Siti ana ing Sawojajar, Sandhingipun dalemipun kula.

d)

Dalemipun Bu Siti menika ana ing Sawojajar, sisihe omahku.

e)

Omahe Bu Siti, , menika wonten ing Sawojajar, sisihe omahku

3.

Simbah kula menika sampun seda wiwit kala wingi dinten senin. Yen diowahi dadi basa ngoko yaiku…..

a)

Simbahku iku wis dhahar wiwit dek wingi dina senin.

b)

Simbahku iku wis gerah wiwit dek wing bengi senin.

c)

Simbahku iku wis seda wiwit dek wingi dinten senin.

d)

Simbahku iku wis mati wiwit dek wingi dinten senin.

e)

Simbahku iku wis seda wiwit dek wingi dina senin

4.

Bapak : Ibumu wiwit mau wis ………… karo Kangmasmu.

Ayu : hla kok boten diderekaken kaliyan bapak wonten menapa?

Bapak : Iya, ketoke bapak lagi ………… . wiwit wingi sore adem panas.

Ayu : sampun ……. Obat napa dereng ta, Pak?

Isinen ceceg-ceceg ing pacelathon iku!

a)

Dhahar, ngunjuk , teka

b)

Tindak, lara, ngombe

c)

Kesah, dhahar, ngunjuk

d)

Tindak, lara, ngunjuk

e)

Tindak, gerah dhahar

5.

Tiyang gesang menika kedah kathah sokur dhumateng Gusti Pangeran, amarga

sejatosipun sedaya menika saking Panjenenganipun. Tembung kang kacitak kandel iku bisa uga diarani …..

a)

Urip

b)

Kerja

c)

Seda

d)

Kesah

e)

Panguripan

6.

Miturut gunane, basa kaperang dadi telu yaiku ...

a)

Basa Masyarakat, Basa Lumrah, Basa Ibu

b)

Basa Ilmu, Basa Budhaya, Basa Kulawarga

c)

Basa Komunikasi, Basa Ilmiah, lan Basa Ibu

d)

Basa Ibu, Basa Komunikasi, Basa Lumrah

e)

Basa Ibu, Basa Budhaya lan Basa Ilmu

7.

Pak Guru (takon) punapa Dwi Isworo sampun (maem). Tembung ing njero kurung basa kramane kang trep, yaiku ...

a)

Taken, maem

b)

Mundhut pirsa, dhahar

c)

Mundhut pirsa, nedha

d)

Nyuwun pirsa, nedha

e)

Nyuwun pirsa, dhahar

8.

Ukara ing ngisor iki kalebu kang diarani krama lugu yaiku,.....

a)

Aku nembe dhahar sapunika.

b)

Mas, Mangga tumut mobil kula, enggal budhal kok !

c)

Bu, niki sampun jam 10 panjenengan napa siyos kesah sakniki

d)

Pakdhe kula dereng wangsul saking kelurahan.

e)

Ngapunten kula lan adhik badhe tindhak rumiyin.

9.

Wuwuhan kok/ko lan mu ing ragam krama alus dadi....

a)

Slirane

b)

Sampeyan

c)

Panjenengan

d)

Adalem

e)

Sliranipun

10.

Pacelathon bisa nganggo pirang-pirang basa amarga ....

a)

Ana paraga-paraga kang sadrajat pangkate

b)

Ana paraga-paraga kang padha ngajeni ing pasrawungan

c)

Ana paraga kang padha kalungguhane

d)

Ana paraga kang bedha-bedha kalungguhane ing pasrawungan

e)

Ana paraga kang kudu diajeni ing pasrawungan

11.

Ibu lara, raine pucet. Yen dibasakake krama alus, dadi ...

a)

Ibu sakit, pasuryane pucet

b)

Ibu gerah, pasuryane pucet

c)

Ibu lara, pasuryane pucet

d)

Ibu nembe kemawon gerah, pasuryanipun pucet

e)

Ibu gerah, pasuryanipun pucet

12.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

e)

Krama Madya

13.

Ukara iki kalebu ragam basa krama alus, kejaba ...

a)

Ibunipun sampun rawuh

b)

Ingkang ibu sampun rawuh

c)

Putranipun sampun rawuh

d)

Eyangipun sampun rawuh

e)

Putra sampeyan sampun rawuh

14.

Ukara kang ora kena didadekake ragam basa ngoko alus ...

a)

Aku wis adus

b)

Simbah wis adus

c)

Simbah kakung wis mangan

d)

Bapak wis adus

e)

Bu Ida wis adus

15.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

Krama

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

e)

Krama Madya

16.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

Krama Lugu

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

e)

Krama Madya

17.

Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku ...

a)

Adhi kula sampun dhahar kalawau

b)

Bu, panjenengan menika ingkang mbekta tas punika, kula ingkang ngasta buku!

c)

Kula tindak dhateng sekolah, bapak kesah dhateng kantor

d)

Pak guru kondur, kula ugi ndherek wangsul

e)

Bapak isih turu, dene ibu isih masak

18.

Menawa tetupang karo kanca kang umure luwih tuwa, unggah-ungguh basane kang bener ...

a)

Jenengku Dhika, omahku Jajag

b)

Nama kula Dhika, griya kula Jajag

c)

Asma kula Dhika, griya kula Jajag

d)

Nama kula Dhika, dalem kula Jajag

e)

Nami kula Dhika, griya kula Jajag

19.

Yen sowan daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Krama Inggil

c)

Ngoko Lugu

d)

Ngoko Alus

e)

Krama Madya

20.

Ukara ing ngisor iki kalebu kang diarani krama lugu yaiku,.....

a)

Aku nembe dhahar sapunika

b)

Mas, mangga tumut mobil kula. Enggal budhal kok!

c)

Bu, niki sampun jam 10 panjenengan napa siyos kesah sakniki

d)

Pak Dhe kula dereng wangsul saking kelurahan

e)

Ngapunten kula lan adhi badhe tindak rumiyin

21.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

22.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

23.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

24.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

25.

Vania lan Susanti kanca sekelas lan umure subabag. Susanti takon marang Vania. Mangkene pitakone kang bener manut unggah-ungguhe....

a)

Vania apa sliramu wis sida tuku buku?

b)

Vania apa sliramu wis sida tumbas buku?

c)

Vania menapa sliramu wis mundhut buku?

d)

Vania apa njenengan wis sida tumbas buku?

26.

Tumrap tiyang Jawi, ringgit purwa mujudaken salah satunggaling seni tradisional edi peni saha narik kawigatosan, langkung-langkung tumrap kasepuhan.

Ukara ing dhuwur migunakake basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

27.

Nalika wulangan Basa Jawa Juwita ditimbali Pak Mintaraja. Kadospundi ature Juwita dhateng guru ingkang nembe ngasta ing kelas?

a)

“Nuwun sewu Bu, kula ditimbali pak guru.”

b)

“Nuwun sewu Bu, Bu kula ajeng teng kantor guru ditimbali Pak Mantarja.”

c)

“Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula nyuwun idin badhe sowan Pak Mantarja.”

d)

“Nuwun sewu Bu, kula badhe kepanggih Pak Mintarja ing ruang guru amargi kula ditimbali Pak Mintarja.”

28.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

29.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

30.

Kula sampun mbeta seratipun, Pak.

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....

a)

Aku ora gawa apa-apa, Pak

b)

Aku wis gawa serat, Pak

c)

Aku wis gawa surate, Pak

d)

Aku ora gawa surate, Pak