wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B. JAWA KELAS 9

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Basa kang digunakake dening pranatacara/mc ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa kang kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa …

a)

basa krama alus

b)

basa ngoko alus

c)

basa mataraman

d)

basa rinengga

2.

Simbah arep lunga menyang endi?

Ukara kasebut yen diowahi menyang basa krama alus yaiku ...

a)

Simbah arep tindak menyang endi?

b)

Simbah arep kesah menyang endi?

c)

Simbah badhe kesah menyang pundi?

d)

Simbah badhe tindak dhateng pundi?

3.

Salah sawijining karya sastra awujud manuskrip lan prasasti yaiku selat wulangreh. Sinten ingkang ngripta Serat Wulangreh ...

a)

Mangkunegara IV

b)

Ranggawarsita

c)

Pakubuwana IV

d)

Ki Padmasusastra

4.

Kidung mijil mangka amiwiti

Wijanging pangraos

Ya sanadyan sajak mung sepele

Tadhah soking wutahaning ati

Hardaning ubalsih

Jatining wong wuyung

Guru gatra tembang macapat ing dhuwur yaiku ...

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

5.

Dhandhanggula

Pancasila, manteb sun yakini

Dhasar nagri miwah gegebengan

Rakyat Nuswantara kabeh

Manembaha Hyang Agung,

Kang sapisan dene kaping dwi

Kamanungsan kang tata

Kaping tiganipun

Persatuan Indonesia

Kerakyatan papat, dene kang mungkasi

Keadilan sosial.

Tembang macapat ing ndhuwur dumadi saka …. gatra

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

6.

Wujud wiji asalku

Tinandur ing tegalan kang subur

Digemeni diopeni ngati-ati

Wite dadi lemu-lemu

Katon ijo royo-royo

Guru lagune tembang macapat ing dhuwur yaiku ....

a)

u, u, i, u, o

b)

u, i, i, i, a

c)

u, r, i, u, o

d)

u, u, i, u, a

7.

Puji syukur kula aturaken dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt awit sampun paring kesehatan, kekiyatan, saha keselametan. Karana menika panjenengan saha kula saged makempal wonten adicara silaturahmi.

Pratelan pidhato kuwi kalebu perangan….

a)

surasa basa/isi

b)

salam pambuka

c)

purwaka basa

d)

wasana basa/panutup

8.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

9.

Ukara ing ngisor iki kang klebu tuladhane wasana basa sesorah yaiku….

a)

Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten

b)

Matur nuwun bilih panjenengan sampun saged ngrawuhi wonten adicara menika

c)

Katur Panjenenganipun Bapak saha Ibu Guru saha Kepala Sekolah

d)

Mangga kula dherekaken ngunjuk syukur dumateng Gusti Allah

10.

Soroting mripat nalika maca teks pidhato becike….

a)

tunuju ing pamireng diselingi ing teks

b)

mandhuwur karo maca teks

c)

mangisor karo maca teks

d)

jlalatan tanpa maca teks

11.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.


Ukara iku ing pidhato kalebu….

a)

Pangarep-arep

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Salam pembuka

12.

Nalika badhe nembang macapat kedah nggatekaken ...

a)

Lafal, intonasi, lan solah bawa

b)

Guru lagu, watak, lan basa

c)

Lafal, busana, lan basa

d)

Guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra

13.

Ingkang dipunwastani (diarani) guru gatra inggih menika ….

a)

Cacahing gatra saben sapada

b)

Tibaning swara ing pungkasaning gatra

c)

Cacahing wanda saben sapada

d)

Cacahing pada saben sagatra

14.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
15.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

16.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

17.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
18.

Bukune ana 25.

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
19.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

20.

Crita sing nyritakake asal-usule papan utawa panggonan diarani ...

a)

fabel

b)

legendha

c)

sage

d)

mite