Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH Basa Rinengga

Total questions: 15

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.

Esuk dhele sore tempe, nduweni teges . . .

a)

a. Wong kang ora tetep atine

b)

b. Wong kang bola-bali nemu cilaka

c)

c. Wong kang kena apus kanthi gampang

d)

d. Wong sing murungake janji sing diucapke

e)

e. Wong sing njagakake barang sing durung mesthi

2.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

(1) Anak polah bapa kepradah

(2) Lambe satumang kari samerang

(3) Becik ketitik ala ketara

(4) Pitik trondhol diumbar ing padaringan

Kang kalebu tuladhane paribasan yaiku . . .

a)

a. 1 lan 2

b)

b. 1 lan 3

c)

c. 1 lan 4

d)

d. 2 lan 3

e)

e. 3 lan 4

3.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung entar, yaiku . . .

a)

a. Ayem tentrem

b)

b. Andap asor

c)

c. Guyub rukun

d)

d. Adus kringet

e)

d. Angkat junjung

4.

Bapak : “Le, wis muga-muga pisan iki wae aku urusan karo sekolahan amarga tingka lakumu sing bola-bali nglanggar aturan.”

Anak : “Niku jane sanes salah kula, Pak. Mung kula tiba apes mawon, kula wingi salah kanca kula, kalah wingi ugi salah kanca kula.”

Bapak : “ Yen ngene terus bisa judheg nggonku mikir awakmu, Le!”

Anak : “ kang penting niku sanes salah kula!”

Wangsalan kang pas kanggo pacalathon mau, yaiku . . ..

a)

a. pitik walik saba kebon

b)

b. mrica kacut sauna-unine

c)

c. njangan gori bisa gawe judheg

d)

d. njanur gunung kadingaren

e)

e. nyaron bumbung gawe cengklungen

5.

Ing ngisor iki kang kalebu jinis-jinise basa rinengga, yaiku . . ..

a)

a. purwakanthi, tembung entar, cangkriman, pepindhan, wangsalan, bebasan lan tembung saroja

b)

b. tembung entar, suluk pedhalangan, tembung kosok balen, wangsalan, lan sanepa.

c)

c. geguritan, tembang, pepindhan, sesanti, tembung kriya, ukara sambawa, lan wangsalan.

d)

d. tembung yogyaswara, pirwakanthi, tembung garba, tembung kriya, lan parikan.

e)

e. parikan, cangkriman, tembung entar, tembung kriya, tembung aran.

6.

Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing plembang, ngon ingone sang Bupati. Yen lumampah, si pucung lambeyan grana. Wangsalan tembang bapak pucung mau diarani . . ..

a)

a. manuk

b)

b. gajah

c)

c. gunung

d)

d. klenthing

e)

e. jaran

7.

Bocah cilik tlusap-tlusup ana ing kebon, tegese . . ..

a)

a. sapu

b)

b. tuma

c)

c. pring

d)

d. dom/jarum

e)

e. tombak

8.

Wayah esuk wayahe budhal sekolah, udane kok saya deres. Gelem ora gelem aku kudu budhal. Banjur aku kudhungan payung tumuju menyang halte bis. Biyasane lete angkutan sing liwat mung sepuluh menit, nanging iki wis limalas menit durung ana sing liwat. Kadingaren kaya mengkene.

Kahanan mau yen ing wangsalan kayadene . . ..

a)

a. njanur gunung

b)

b. pitik walik saba kebon

c)

c. nyaron bumbung

d)

d. njangan gori

e)

e. mrica kecut

9.

Cilik gedhe, enom tuwa padha jejel riyel ngebaki dalan. Ukara kasebut kalebu jinise . . ..

a)

a. lumaksita

b)

b. tembung entar

c)

c. tembung garba

d)

d. purwakanthi

e)

e. tembung saroja

10.

Temokna jinising basa rinengga apa tetembungan ing ngisor iki!

a. Bocah iku gedhe sirahe, senengane mamerake kasugihan wong tuwane.

b. Kukus gantung, dak sawang atimu bingung.

c. Busuk ketekuk,pinter keblinger.

a)

a. tembung saroja, purwakanthi, saloka

b)

b. tembung entar, paribasan, bebasan

c)

c. tembung garba, saloka, paribasan

d)

d. tembung entar, wangsalan, paribasan

e)

e. pepindhan, wangsalan, paribasan

11.

Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

saloka

c)

pepindhan

d)

bebasan

e)

paribasan

12.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

b)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

c)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

d)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

e)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

13.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

b)

sapa sing salah kudu ngalah

c)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

d)

Paijo nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

e)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

14.

sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.

tembung kang digaris isore kuwi klebu basa rinengga jinis...

a)

seroja

b)

saloka

c)

entar

d)

paribasan

e)

purwakanthi

15.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

Sainem senengane mara tangan yen lagi nesu

b)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

c)

sapa sing salah kudu ngalah

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah