wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Unggah ungguh Basa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Unggah-ungguh basa sajroning basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku . . . . lan . . . .

a)

Basa alus lan basa kasar

b)

Basa ngoko lan basa krama

c)

Basa ngoku alus lan basa ngoko lugu

d)

Basa krama alus lan basa ngoko lugu

2.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani basa . . . .

a)

Ngoko

b)

Ngoko lugu

c)

Krama

d)

Krama alus

3.

Basa krama kang tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani basa . . . .

a)

Ngoko

b)

Ngoko lugu

c)

Krama

d)

Krama alus

4.

Basa ngoko lugu iku panganggone tumrap . . . .

a)

Wong kang sadrajad (sebaya)

b)

Siswa marang gurune

c)

Wong enom marang wong tuwa

d)

Putu marang eyange

5.

Wondone basa krama alus panganggone tumrap . . . .

a)

Wong tuwa marang anake

b)

Guru marang siswane

c)

Eyang marang putune

d)

Anak marang bapak/ibune

6.

Basa kang digunakake kanggo wong kang lagi wae dikenal yaiku . . . .

a)

Krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko

d)

Ngoko lugu

7.

Ibu tindak . . . . sepedha montor

a)

Nitih

b)

Ngasta

c)

Numpak

d)

Mbeta

8.

Bu Guru lagi nulis ing blabag.

Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .

a)

Maos

b)

Nyerat

c)

Lenggah

d)

Nedha

9.

Pak Ahmad kondur saka mesjid sawise shalat isya.

Tembung kondur tegese padha karo tembung . . . .

a)

Mulih

b)

Rawuh

c)

Kesah

d)

Dugi

10.

Ibu lunga menyang pasar.

Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .

a)

Ibu kesah dhateng peken

b)

Ibu bidhal dhateng peken

c)

Ibu tindak dhateng peken

d)

Ibu rawuh saking peken

11.

Roni matur marang bapake, "Panjenengan punapa sampun managan?" Tembung mangan, sing bener yaiku . . . .

a)

Nedha

b)

Dhahar

c)

Maem

d)

Nedhi

12.

Bapak lunga menyang kantor.

Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .

a)

Bapak tindak dhateng kantor

b)

Bapak kesah dhateng kantor

c)

Bapak rawuh saking kantor

d)

Bapak dugi dhateng kantor

13.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku . . . .

a)

Krama

b)

Krama alus

c)

Ngoko

d)

Ngoko lugu

14.

Simbah saweg sare.

Ukara kasebut kalebu ukara . . . .

a)

Krama

b)

Krama alus

c)

Ngoko

d)

Ngoko lugu

15.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit.

Ukar kasebut gunakake ukara . . . .

a)

Krama

b)

Krama alus

c)

Ngoko

d)

Ngoko lugu

16.

Bapak lan ibu ndeleng tv.

Tembung ndeleng sing bener yaiku . . . .

a)

Nonton

b)

Mirsani

c)

Mirengake

d)

Maos

17.

Sirah basa kramane mustaka.

Yen rambut basa kramane yaiku . . . .

a)

Palarapan

b)

Grana

c)

Rikma

d)

Talingan

18.

Mbah kakung lara untu.

Yen dikramakake dadi mbah kakung gerah . . . .

a)

Waja

b)

Mustaka

c)

Tutuk

d)

Grana

19.

Aku turu ing kamar tengah, wondone simbah . . . . ing kamar mburi.

a)

Tilem

b)

Sare

c)

Siram

d)

Ngunjuk

20.

Aku ditumbasake ibu sepatu enggal.

Tembung aku sing bener kudune . . .

a)

Kowe

b)

Panjenengan

c)

Kula

d)

Sampean