Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pawartos

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Prastawa / kedadosan ingkang dipunlaporaken dening wartawan biasanipun anggadhahi sipat actual lan faktual dipunwastani …

a)

pawarta

b)

wara-wara

c)

ariwarti

d)

kalawarti

e)

layang

2.

Ciri-ciri pawartos inggih menika aktual. Aktual tegesipun ….

a)

tansah wonten pawartos enggal

b)

katujokaken kangge masyarakat

c)

pawartanipun trep kaliyan kedadosan saestunipun

d)

kaaturaken kanthi seimbang

e)

kaserat mawi 5W+ 1 H

3.

Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas, kalebet sipat pawartos ....

a)

konflik/congkrah

b)

tintrim

c)

teknologi inovasi

d)

aktual

e)

emosi

4.

Peranganipun pawartos kanthi urut inggih menika

a)

awujud irah-irahan (head), emperan pawartos (lead), larikan tengah ( dateline) saha wosing pawartos (body).

b)

awujud irah-irahan (head), larikan tengah ( dateline), wosing pawartos (body) saha emperan pawartos (lead)

c)

awujud irah-irahan (head), larikan tengah ( dateline), emperan pawartos (lead), saha wosing pawartos (body).

d)

larikan tengah ( dateline), emperan pawartos (lead), wosing pawartos (body) saha awujud irah-irahan (head)

e)

emperan pawartos (lead), irah-irahan (head), larikan tengah ( dateline) saha wosing pawartos (body)

5.

Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng kalebet ing ....

a)

wiraswara

b)

wirasa

c)

wirama

d)

wicara

e)

wiraga

6.

Maos kanthi sora utawi rindhik gumantung wiyar ruwangan saha microfon, kalebet ing ....

a)

wirasa

b)

wicara

c)

wirama

d)

wiraga

e)

wibawa

7.

Desa Imogiri, Kecamatan Imogiri, Bantul ngadani pembangunan talut ing bulak Garjoyo dawane 355 meter. Mangkono keterangane Lurah Desa Imogiri Sunardi marang Djaka lodhang ing kantore.

Pembangunan talut mau kanggo nglancarake lakune banyu kalen, lan dalane dadi jembar. Dalan sadurunge dibangun talut ambane mung 2 meter saiki mundhak amba dadi 3,5 meter bisa diliwati mobil.

Pembangunan talut mau oleh dana program Nasional Pemberdayaan Mandiri Pedesaan (PNPM) Rp. 101.812.000,00 katambah swadaya masyarakat Rp. 5.335.000,00 total ragate ana Rp 107.147.000,00. Dene pelaksanaan pembangunan katindaake TPK Desa Imogiri. (NHD/DL)

(Kapethik saka Djaka Lodhang, 12 Oktober 2013, edisi 20)


Irah-irahan ingkang trep kangge ngisi pawarta ing wacan 2 inggih menika ….

a)

Desa Imogiri Entuk Dana

b)

Desa Imogiri Maju

c)

Swadaya Masyarakat Desa Imogiri

d)

Bangun Talut Butuhke Ragat

e)

Desa Imogiri Bangun Talut

8.

Desa Imogiri, Kecamatan Imogiri, Bantul ngadani pembangunan talut ing bulak Garjoyo dawane 355 meter. Mangkono keterangane Lurah Desa Imogiri Sunardi marang Djaka lodhang ing kantore.

Pembangunan talut mau kanggo nglancarake lakune banyu kalen, lan dalane dadi jembar. Dalan sadurunge dibangun talut ambane mung 2 meter saiki mundhak amba dadi 3,5 meter bisa diliwati mobil.

Pembangunan talut mau oleh dana program Nasional Pemberdayaan Mandiri Pedesaan (PNPM) Rp. 101.812.000,00 katambah swadaya masyarakat Rp. 5.335.000,00 total ragate ana Rp 107.147.000,00. Dene pelaksanaan pembangunan katindaake TPK Desa Imogiri. (NHD/DL)

(Kapethik saka Djaka Lodhang, 12 Oktober 2013, Edisi 20)


Saking pundi dana kangge bangun talut Desa Imogiri ?

a)

Dana masyarakat lan pemerintah

b)

Dana PNPM lan swadaya masarakat

c)

Dana PNPM lan pemerintah

d)

Dana Swadaya asaraka lan pemerintah

e)

Saking lurah desa Imogiri kaliyan swadaya masarakat.

9.

Menapa ingkang dipungatosaken nalika nulis pawarta ?

a)

Temane kudu ditulis

b)

Kudu ana pemanggih narasumber

c)

Kudu nggunakake 5W+1 H

d)

Ora butuh judul

e)

Tanpa ana nama panyerat

10.

Wicarane nalika maos pawarta kedah ….

a)

Nggatekake tembung-tembung wigati

b)

Pocapane kudu munggah medhun

c)

Anggone maca cepet

d)

Anggone maca alon

e)

Pocapan cetha, jelas, mboten blero

11.

Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul mujudaken papan kangge mucal uwuh saking kabupaten Sleman, Bantul, lan Kota Yogya. Tumraping tetiyang ingkang mapan ing sakiwatengening TPA, papan kasebat temtu ngrejekeni. Ing wekdal sakawit, saderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning warga masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak taun 1996, pagesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak sae, awit ndayakaken uwuh menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngeblak, Ahnyar ugi ngendikakaken bilih, sasampunipun TPA ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya rame. Kejawi menika warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa dene ngingah lembu, satemah pagesanganipun saya mindhak.


Menapa topik ingkang dipunbahas wonten ing pawarta nginggil ?

a)

TPA ing Ngeblak tumraping masyarakat mujudaken papan ingkang ngrejekeni.

b)

TPA ing Ngeblak mujudaken papan kangge mucal uwuh sakig kabupaten-kabupaten ing Yogya.

c)

Anyar, minangka masyarakat Ngeblak, ngraosaken bingah amari padamelanipun mindhak.

d)

Kawontenaning masyarakat sakderengipun dipunbikak menika mrihatosaken.

e)

Masyarakat sakiwatengening TPA menika ndayakaken uwuh kangge sumber padamelan.

12.

Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul mujudaken papan kangge mucal uwuh saking kabupaten Sleman, Bantul, lan Kota Yogya. Tumraping tetiyang ingkang mapan ing sakiwatengening TPA, papan kasebat temtu ngrejekeni. Ing wekdal sakawit, saderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning warga masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak taun 1996, pagesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak sae, awit ndayakaken uwuh menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngeblak, Ahnyar ugi ngendikakaken bilih, sasampunipun TPA ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya rame. Kejawi menika warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa dene ngingah lembu, satemah pagesanganipun saya mindhak.


Kadospundi pagesanganing masyarakat Ngeblak sakderengipunn tahun 1996 ?

a)

Pagesanganipu kirang sae

b)

Pagesanganipun sampun sae

c)

Pagesanganipun mbebingahi amargi nambal ban

d)

Pagesanganipun sampun pados uwuh

e)

pagesanganipun sami ngingah lembu

13.

Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul mujudaken papan kangge mucal uwuh saking kabupaten Sleman, Bantul, lan Kota Yogya.

Tembung mucal tegesipun ....

a)

buwang

b)

mulang

c)

ngasta

d)

nyepeng

e)

mbeta

14.

Ciri-ciri pawartos inggih menika publisitas. Publisitas inggih menika ….

a)

tansah wonten pawartos enggal

b)

pawartanipun trep kaliyan kedadosan saestunipun

c)

kaaturaken kanthi seimbang

d)

katujokaken kangge masyarakat

e)

kaserat mawi 5W+ 1 H

15.

Tuladha pawartos Nemokake bayi ing pawuhan, kalebet sipat pawartos ingkang ....

a)

aktual

b)

congkrah

c)

emosi

d)

humor

e)

akibat