wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Krama

Total questions: 35

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

2.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

3.

Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar bagan ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon pacelathon, jagongan utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane basa kaperang dadi telung golongan. Basa Jawa minangka basa budaya yaiku ...

a)

basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa apa dene wong-wong manca negara

b)

basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa.

c)

Basa jawa digunakake kanggo medharake saweneh kawruh

d)

Basa jawa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair awit saka sesambungane keluarga utawa masyarakat kiwa tengene

e)

Wangsulan A lan B bener

4.

Adhedhasar pamawasmu ngenani telung gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben panggon beda-beda. Minangka pribadi lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan jalaran ...

a)

Ing endi lan karo sapa kita rembugan panggonane basa pada wae

b)

Panggonane basa ing warung kopi padha karo ing arisan

c)

Bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe yen jagongan, basa e padha wae

d)

Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae

e)

Beda papan lan bab kang dirembug bisa ndadekake beda panggonane basa

5.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

6.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

7.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

8.

Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

9.

Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !

Bagus : Drun, nyang endi ?

Badrun : Lapangan, melu ta?

Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul

Badrun : Ana acara ta

Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro

...

Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

e)

basa krama madya

10.

Jingglengono 5 ukara ing ngisor

1. wong tuwa marang wong enom

2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane

3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane

4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor

5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni


Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....

a)

1,2,3

b)

1,2,4

c)

2,3,4

d)

2,4,5

e)

3,4,5

11.

Manut gunane, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 3 yaiku ....

a)

Basa alus, basa kasar, basa biasa

b)

Basa ilmu, basa ibu, basa budaya

c)

Basa daerah basa dialek, basa budaya

d)

Basa Jawa, basa sanskerta, basa aksara

12.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

13.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur

14.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

15.

PUASA ?


Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.

Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..

Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.

Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!

............ Ujug-ujug bapak rawuh.

Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.


Kegiyatan ingkang adhi, kakang ugi bapak tindakaken meniko disebat .....

a)

pacelathon

b)

cangkriman

c)

sesorah

d)

piwulangan

16.

Sing mbedakna ngoko alus karo krama lugu yakuwe ...

a)

ngoko alus yakuwe ngoko kabeh tapi nganggo tembung madya

b)

ngoko alus yakuwe tembung-tembunge ngoko kabeh

c)

krama lugu yakuwe krama kabeh tapi nganggo tembung madya

d)

krama lugu yakuwe tembung-tembunge krama kabeh

17.

PUASA ?


Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.

Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..

Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.

Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!

............ Ujug-ujug bapak rawuh.

Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.


'Kula ajeng sanjang'. Ukara kuwe nek didadekna ngoko lugu dadine ...

a)

aku badhe matur

b)

aku arep ngomong

c)

kulo badhe matur

d)

kulo arep ngomong

18.

Deni: "Kula Nuwun ...!"

Bu Tuti: "Manggaaa! Ee Nak Aji, ngeneh, ngeneh mlebu!"

Deni: "Enggih Bu, matur nuwun. Nuwun sewu napa Beni wonten nggriya, Bu?"

Bu Tuti: "Sedhela Den, Andi lagi diutus bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho. Enteni sedhela, ora suwe koh!"

Deni: "Bapak gerah napa, Bu?"

Bu Tuti: "Biasa koh, wong angger kesayahen ya kaya kuwe. Siki sida padha arep sinau klompok apa?"

Deni: "Enggih Bu, ko Ibu priksa?"

Bu Tuti: “Andi mau wis matur Ibu."


"Menawi bapak gerah, napa mboten ngganggu, Bu?"

Ukara iku nggunakna ragam basa...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

19.

Nuwun sewu majalah wonten meja menika punapa…. Bapak nggih?

a)

duweke

b)

gadhahipun

c)

kagunganipun

d)

nggone

20.

Bu Darmi, Panjenengan wingi kok boten … dhateng pundi nggih?

a)

dugi

b)

rawuh

c)

teka

d)

wonten

21.

Siti ….marang ibune yen bapakne …. menyang daleme Pak RT

a)

kandha; lunga

b)

crita; mara

c)

sanjang; kesah

d)

matur; tindak

22.

Nalika kemah kula kebageyan … kompor lan panci.

a)

mbekta

b)

ngasta

c)

nggawa

d)

ndamel

23.

Omahe Pak Guru cedhak omahku.

Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus dadine ....

a)

Griyanipun Pak Guru caket griya kula.

b)

Dalemipun Pak Guru caket dalem kula.

c)

Griyanipun Pak Guru caket dalem kula.

d)

Dalemipun Pak Guru caket griya kula.

24.

Budhe tuku gedhang arep diparingake simbah.

a)

Budhe tumbas pisang arep diaturake simbah

b)

Budhe mundhut pisang badhe dipun caosaken simbah

c)

Budhe mundhut pisang badhe diaturake simbah

d)

Budhe tumbas pisang ajeng diaturake simbah

25.

"Bu, menawi kepareng kula badhe . . . . . pirsa"

a)

Mundhut

b)

Taken

c)

Nyuwun

d)

Matur

e)

Tanglet

26.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladha basa krama lugu yaiku . . .

a)

Pak Dhe kula dereng wangsul saking kelurahan

b)

Pak Dhe kula sampun kondur saking kecamatan

c)

Pak Dhe nembe kemawon tindak dhateng kantor

d)

Pak Dhe durung sare amarga ngrampungake tugas

e)

Pak Dhe taksih dhahar kaliyan Ibu wonten warung

27.

"Wekdal Ibu . . . . dhateng peken, kula taksih . . . . wonten kamar"

a)

Kesah-Siram

b)

Tindak-Tilem

c)

Kesah-Sare

d)

Lunga-Turu

e)

Tindak-Turu

28.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama lugu

e)

Ngoko lugu

29.

Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.

Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .

a)

Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.

b)

Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.

c)

Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.

d)

Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.

30.

Bapak mulih saka swah jam sepuluh esuk.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.

b)

Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.

c)

Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.

d)

Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.

31.

Kowe digawakake obat saka godhong suruh.

Basa krama aluse yaiku. . . .

a)

Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.

b)

Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.

c)

Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

d)

Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.

32.

Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.

Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .

a)

Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

b)

Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.

c)

Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.

d)

Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.

33.

Mangana dhisik wae!

Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .

a)

Panjenengan dhahar rumiyin mawon.

b)

Sampeyan nedha rumiyin mawon.

c)

Panjenengan dhahar dhisik wae!

d)

Sampeyan nedha dhisik wae!

34.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 13 yaiku . . .

a)

Mangan

b)

Nedha

c)

Dhahar

d)

Maem

35.

Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 14 yaiku . . .

a)

Tuku

b)

Tumbas

c)

Mundhut

d)

Numbas