Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA IXA

Total questions: 40

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

2.

Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Manfaat

3.

Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......

a)

Basa kang kulina digunakake ing karya sastra

b)

Basa Rinengga

c)

Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni

d)

Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna

4.

Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...

a)

Jejer

b)

Wasesa

c)

Lesan

d)

Katrangan

5.

Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap

a)

Kancaku maca buku nganggo kacamata.

b)

Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.

c)

Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.

d)

Ibu masak sayur lodheh senenganku.

6.

Sing diarani ukara andharan yaiku : ...

a)

Ukara kang mratelakake rasa pangrasa

b)

Ukara kang isine aweh pawarta

c)

Ukara kang isine ngongkon

d)

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan

7.

Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...

a)

Ukara Sambawa

b)

Ukara Panguwuh

c)

Ukara Pitakon

d)

Ukara Andharan

8.

Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...

a)

Panasa ta klambiku ben ndang garing.

b)

Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.

c)

Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.

d)

Hore ,aku entuk biji satus !

9.

Aksara kang digawe kanggo

njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...

a)

Aksara Rekan

b)

Aksara Swara

c)

Aksara Murda

d)

Aksara Legena

10.

Wulan April

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
11.

Aksara " E ", yen ditulis nganggo aksara swara : ...

a)
b)
c)
d)
12.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Abbas lagi panas.

b)

Arman lagi mangan.

c)

Akbar lagi mangan.

d)

Sabar lagi panas

13.

Yen ditulis nganggo aksara latin : ...

a)

Pitri budhal nyanyi

b)

Fitri budhal ngaji

c)

Putri budhal ngaji

d)

Fitri budal ngaji

14.

Bukune ana 25.

Yen ditulis nganggo aksara jawa : ...

a)
b)
c)
d)
15.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine Ludruk

a)

Migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja.

b)

Migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran

c)

Sumber critane njupuk saka Kisah Mahabarata

d)

Sumber critane njupuk saka Kisah Ramayana

16.

Ing unsur intrinsik crita, sing diarani setting yaiku : .....

a)

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita.

b)

Pesan moral kang kinandhut ing crita.

c)

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar.

d)

Tata urutan lumakune crita

17.

Kang nglantarake crita, njlentrehne kanthi ringkes gegambaran isine crita. adate ana ngarep/pambuka,diarani ......

a)

epilog

b)

monolog

c)

dhialog

d)

prolog

18.

Sumber crita wayang asale saka ....

a)

Tanah Jawa

b)

Indonesia

c)

India

d)

Arab

19.

"Pakdhe bali saka Semarang numpak bis"


Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku....

a)

Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis

b)

Pakdhe wangsul menyang Semarang numpak bis

c)

Pakdhe kondur dhateng Semarang nitih bis

d)

Pakdhe kondur saking Semarang nitih bis

20.

Basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampur tembung krama diarani …

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

21.

Menawa arep nyuwun idin belajar kelompok, anggone matur marang simbahmu yaiku …

a)

Mbah, kula nyuwun idin badhe belajar kelompok, wangsulipun mangke jam tiga.

b)

Mbah, kula mundhut idin arep belajar kelompok, kondure mangke jam tiga.

c)

Mbah, kula nyuwun idin ajeng belajar kelompok, baline mangke jam telu.

d)

Mbah, kula ajeng idin belajar kelompok, kondure mangke jam telu.

22.

Nalika arep miwiti rapat karang taruna, Fahmi minangka ketua pemudha jaluk para anggotane supaya padha gatekake. Kepriye ature Fahmi menawa jaluk kawigaten para anggotane?

a)

Kanca-kanca aja rame dhisik!

b)

Kanca-kanca rungokna sedhela!

c)

Kanca-kanca bisa meneng apa ora?

d)

Kanca-kanca jaluk kawigatene anteng dhisik.

23.

Ing Kabupaten Gunungkidul akeh wit jati.

Tembung kabupaten asale saka tembung lingga .....

a)

paten

b)

bupati

c)

bupaten

d)

bupatine

24.

....... regane sekilo pelem, Pak?

Tembung pitakon sing mathuk kanggo nggenepi ukara iku yaiku ....

a)

Pira

b)

Sapa

c)

Kapan

d)

Geneya

25.

Crita Rawa Pening iku asale saka . . . .

a)

Sumatera Selatan

b)

Jawa Timur

c)

Jawa Barat

d)

Jawa Tengah

26.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

27.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

28.

Adit tumbas roti menawi ibu ....rasukan

a)

Mundhut

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Tuku

29.

"Ana perlu apa kok sajak wigati banget" Tembung wigati tegese ...

a)

Temenan

b)

Gumun

c)

Pengin

d)

Penting

30.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

31.

Aksara angka Jawa cacahe ana . . .

a)

9

b)

10

c)

20

d)

50

e)

100

32.

Kang ora kalebu aksara angka yaiku ...

a)
b)
c)
d)
e)
33.

Kang dijenengke pada pangkat yaiku ...

a)
b)
c)
d)
e)
34.

Panulisan angka tahun 1856

a)
b)
c)
d)
e)
35.

Mangan tebu, arep banyune emoh ampase. Tegese paribasan kasebut yaiku ....

a)

ora pamrih marang apa wae

b)

gelem enake ora gelem rekasane

c)

ngapusi wong liya

d)

ragu marang apa wae

e)

ngakali wong liya kanggo golek bathi

36.

Tembung kang trep kanggo pranyatan "senengane njikoti barange kancane" yaiku...

a)

tulung menthung

b)

adiluhung

c)

dawa tangane

d)

gumedhe

37.

Ajining dhiri saka..., Ajining awak saka...,

Ajining raga saka...

a)

ati, awak,

tingkah

b)

lathi, polah, tingkah

c)

lathi, awak,

tumindak

d)

ati, awak, tumindak

38.

Bapak lagi siram, aku lagi nonton TV.

Basa kramane yaiku...

a)

Bapak saweg siram, kula saweg mriksani TV

b)

Bapak saweg siram, kula saweg ningali TV

c)

Bapak saweg papung, kula saweg mriksani TV

d)

Bapak siram, kula ningali TV

39.

Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ...

a)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha

b)

vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha

c)

impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

d)

impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha

40.

Maca geguritan kudu ngerti munggah mudhune swara lan pocapan yaiu kang diarani ...

a)

Wicara

b)

Wirasa

c)

Wiraga

d)

Wirama