WorksheetsPERBAIKAN UH KELAS XII CAMPUR
Total questions: 35
Worksheet time: 12mins
Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia. Ukara kuwi kalebu tataran basa
Krama
Ngoko Alus
Krama Inggil
Ngoko Lugu
Krama Alus
Eyang mundhut pirsa, “Apa bapakmu wis omong welingku, Le?”
Kula mangsuli, “Inggih, Eyang. Bapak sampun ….”
Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing ngandhap inggih menika ….
Kandha
Semaur
Ngendika
Matur
Ngandani
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
krama inggil
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
maem
mangan
madang
nedha
dhahar
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, dhahar
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Dhahar, nedha
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
3,4,5
Basa ngoko Yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ....
ngoko alus
ngoko lugu
krama
krama alus
krama lugu
Ibu .... kula, kula lajeng .... Bapak.
Tembang kanggo njangkepi supaya trep karo Unggah-ungguhe .....
nambali - nimbali
ngaturi - ngaturi
ngundang - ngundang
nimbali - ngaturi
ngundang - nimbali
Bapak saiki kagungan pimpinan anyar, dene pimpinane riyin kanca sekelas nalika SMA. Basa kang trep dipungunakaken Bapak marang pimpinanipun inggih menika ….
Krama lugu
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama alus
Krama Inggil
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Sapada Kanca
Anak marang Bapak/Ibu
Murid marang Guru
Guru marang murid
Adik marang Mas/Mbak
Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....
griyanipun - omah - daleme
griyane - griya - omahipun
dalemipun - griya - griyane
dalemipun - omah - griyane
griyanipun - omah - omahe
Ukara ingkang leres menawi lare matur dhateng tiyang sepuh, inggih menika ....
“Turene Bu Giyah, Ibu mau tindak pasar ya?”
“Kula benjing ajeng tindak kaliyan Bu Dhe dhateng Sala.”
“Sik ta Pak, menawi sanes bapak sing njupuk, lajeng sinten?”
“Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”
“Kula pun ngertos kok Pakdhe, wong ibu wingi sampun matur bab menika dhateng kula.”
Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”
Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
wangsul
kondur
tindak
kesah
bali
Pak Camat : “Pak Heru, undangan kanggo Pak Lurah wis diparingke?”
Pak Heru : “Dereng Pak. Menika nengga ............... panjenengan”.
Pak Camat : “Kok durung?”
Pak Heru : “Bibar menika ajeng kula ..... Pak.”
Supados ukaranipun leres, tetembungan ingkang sae kangge njangkepi, inggih menika....
tanda-tangan; paringaken
tapak-asta; paringaken
tapak-asma; aturaken
tanda-tangan; wenehke
tapak-asma; caosaken
Guru : “Bud, wingi kok ora mlebu neng ndi?”
Budi : “....”
Wangsulanipun Budi ingkang leres lan laras kaliyan unggah-ungguh, inggih menika.
“Kala wingi kula nembe gerah Pak.”
“Nyuwun pangapunten Pak, kala wingi kula nembe sakit, boten saged maringi kabar”.
“Nyuwun pangapunten Pak, kula nembe sakit, boten saged mlebet.”
“Kala wingi kula lara Pak, boten saged nyaosi kabar.”
“Kala wingi kula lara, boten saged maringi kabar”.
“Nok, yen mengko Pak Lurah wis ......, diaturi .... sik ya!”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
teka - lungguh
sowan - pinarak
sowan - lenggah
rawuh - pinarak
teka - pinarak
Mau bengi Nita ...................... marang ibune yen awake lagi ora kepenak.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih menika .....
matur
omong
ngendika
kandha
crita
Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menehi
nyaosi
maringi
ngaturi
nyuwun
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Omahmu wis disapu apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .
Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?
Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?
Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?
Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.
Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.
Pilihen endi wae ukara kang nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki!
Bapak mau tindak menyang Solo nitih sepur.
Mbak Sari tumbas bakso wonten peken Bungkal.
Pakdhe mundhut jeruk, pelem lan manggis.
Mas Pras dhahar sega pecel ing warung Cak Man.
Ukara kang nganggo basa ngoko lugu ing ngisor iki yaiku. . .
Adhik tuku layangan telu werna abang.
Mbak Sari Ngunjuk jamu beras kencur.
Kowe mau apa wis mangan?
Bapak ngendikan menawi mengke kondur dalu.
Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu yaiku. . .
Dhik, kowe mau digoleki mbak Sari.
Mas, sampeyan punapa ingkang bekta jeram punika?
Nuwun sewu, sampeyan punika yoganipun sinten?
Sampeyan napa sampun ningali pameran wonten Sasana Praja?
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa Krama Alus yaiku. . .
Panjenengan midhangetaken musik punapa, Pak?
Simbah kalawau dhahar bakwan goreng.
Astanipun Mas Wahyu catu kenekan pangot.
Menda punika kagunganipun sinten?
Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .
Tembung kowe diganti panjenengan
Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe
Migunakake tembung ngoko.
Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.
Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?
Bulik nembe ningali wayang kulit wonten ing pundi ta?
Krama alus
Ngoko alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Nalika micara kadhang kala kita nggunakak ater-ater ko-, ater-ater kasebut yen didadekna ragam basa krama lugu dadi
Kula
Sampeyan
Dalem
Panjenengan
Buku punika sanes..…kula, Bu. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku
Kagungan
Nggene
Nggone.
Gadhahan.
Ukara ngisor iki kang luput miturut unggah-ungguh basa yaiku.....
Bu Guru sampun rawuh.
Bapak sare kula siram
Bapak maos kalawarti
Bapak dhahar sekul pecel
Bapak menawi tindak kantor ....sepedha, dene kula menawi. ....sekolah cekap mlampah kemawon. Ganepe ukara kasebut sing trep yaiku.....
Nitih - bidhal
Nitih – tindak
Numpak - bidhal
Nitih – lunga
Ibu.....gendhis, dene kula ingkang....tigan. Ganepe ukara kasebut sing trep miturut undha usuk Basa Jawa yaiku
Nggawa, ngasta
Ngasta, mbekta
Mbekta, mbekta
Ngasta, ngasta
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus kang mboten trep yaiku
Agemanipun ibu ingkang werni abrit.
Dalemipun budhe caket margi ageng.
Eyang gerah waja sampun tigang dinten
Kula badhe tindak dhateng Surabaya mbenjing enjing.
Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
ngoko lan krama
