Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Persiapan PTS 1 Kelas 9

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Sawise kabeh Bupati nindhakake  sembah sungkem, Sugriwa dhawuh marang ….

a)

Anoman, Anggada, Anila, Subali

b)

Anoman, Anggada, Anila, Janaka

c)

Anoman, Anggada, Anila, Jembawan

d)

Anoman, Rahwana, Anila, Subali

2.

“Welingku marang kowe kabeh aja gampang kapilut marang sapa wae sing durung  ko kenal”. Tembung kapilut tegese yaiku ….

a)

manut

b)

lengket

c)

wani

d)

kapusan

3.

Cerita wayang Ramayana kanthi irah-irahan “Anoman Duta”, nyaritakake Anoman kang dadi dutane Ramawijaya. Tembung  “Duta” tegese  ….

a)

Tugas

b)

Utusan

c)

Kethek

d)

Manut

4.

Sadurunge wanara papat mau padha budhal, Ramawijaya nambahi paring piweling wigati marang Anoman,” Anoman, sira kudu ngati-ati tenanan lan waspada ana ing Alengka. Manawa sira wis nemokake Gustimu Dewi Sinta, kalpika  ini aturna supaya Dewi Sinta pracaya manawa sira bener-bener utusaningsun. Kalpika iki minangka pratandhane, Anoman ngerstokake dhawuh banjur nampa kalpika iku.

Tegese tembung kalpika yaiku ……

a)

Kalung

b)

Gelang

c)

Ari-ari

d)

Ali-ali

5.

Anoman kang lagi mabur kaget kasamber dening Raseksa, banjur  di pangan urip-uripan dening raseksa, yaiku …..

a)

Tatekini

b)

Rahwana

c)

Dasamuka

d)

Maenaka

6.

Ramawijaya iku Putrane Prabu ….. Nata ing ….

a)

Dasarata, Ayodyo

b)

Dasamuka, Alengka

c)

Dasarata, Amarta

d)

Dasamuka, Ayodyo

7.

Ukara kang duweni  jejer, wasese, lesan luwih saka siji yaiku ….

a)

Ukara Tanggap

b)

Ukara Camboran

c)

Ukara Lamba

d)

Ukara Tanduk

8.

Cumanthaka aniru pujangga iku duwe maksud ….

a)

Kumawani niru kaya wong

b)

Enthok-ethok tumindak kaya wong pinter

c)

Sengaja tata-tata dadi wong

d)

Ora sengaja niru pujangga

9.

Tumindhak aniru pujangga tegese tumindak  kaya dadi wong …..

a)

Endah senine

b)

Ilmune akeh

c)

Srawung akih

d)

Sastrane dhuwur

10.

Watak tembang dhandhanggula yaiku ….

a)

Luwe, kewes, lan garang

b)

Luwes, lugu ,lan sregep

c)

Luwes, kewes lan resep

d)

Luwes, semanak lan garang

11.

Paugerane tembang dhandhanggula yaiku …..

a)

10i, 10i, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

b)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

c)

10i, 11a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

d)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 11i, 7a

12.

Basa kang digunakake wong tuwa marang wong enom yaiku …

a)

Ngoko Lugu

b)

Krama Alus

c)

Krama Lugu

d)

Ngoko Alus

13.

Bapak : Tata krama sing kepriye, Rani?Rani : Punika lho Pak, tata kramanipun nem-nem jaman sapunika. Guru kula maringi tugas dhateng kula supados nyuwun priksa dhateng tiyang sepuh utawi tokoh masarakat babagan tata nem-neman ing jaman sapunika. Miturut ngendikanipun guru kula, ing jaman  sapunika kathah nem-neman ingkang kirang ngenggeni tata trapsila. Punika kados pundi?

Tegese nyuwun priksa yaiku ….

a)

Takon

b)

Tulung

c)

Sowan

d)

Melu

14.

Aksara jawa kaping walu yaiku ….

a)
b)
c)
d)
15.

diwaca .....

a)

Aku saiki kelas 8

b)

Aku kelas 9

c)

Aku saiki kelas 9

d)

Saiki aku kelas 9

16.

Pasangan aksara PA yaiku ……..

a)
b)
c)
d)
17.
a)

Angon wedus nang kuburan, durung adus wis pupuran

b)

Nyangking ember kiwa tengen, lungguh jejer tamba kangen

c)

Ngasah arit nganthi landep, dadi murid kudu sregep

d)

Tawon madu ngisep sekar, dadi guru kudu sabar

18.

Sandangan panyigeg ing aksara Jawa yaiku ……

a)

Wigyan, cakra, layar

b)

Wigyan, cecek, layar

c)

Cakra, cecek, pengkal

d)

Cakra keret, pangkon, layar

19.

Bapak lunga menyang sala. Ukara kasebut menawa diubah dadi karma alus yaiku ……

a)

Bapak tindak dhateng sala.

b)

Bapak tindak menyang sala.

c)

Bapak kesah dhateng sala.

d)

Bapak kesah menyang sala.

20.

Tuladha tembung ngoko, karma, lan krama alus ………

a)

Adus, pakpung, siram

b)

Lunga, kesah tindak

c)

Omah, dalem, griya

d)

mangan, dhahar, nedha