wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian I Materi Tembang Dhandhanggula Serat Tripama

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Serat Tripama dianggit dening pujangga mumpuni, kang aran ....

a)

KGPAA Mangkubumi IV

b)

KGPAA Mangkunegara IV

c)

Sri Sultan Hamengku Buwana IX

d)

Sri Paku Alam IX

e)

R. Ng. Ranggawarsito

2.

Cacahe tembang Dhandhanggula ing Pupuh Tripama, yaiku …. pada.

a)

10

b)

9

c)

8

d)

7

e)

6

3.

Tegese Tripama yaiku ….

a)

Tuladha kang utama

b)

Patuladhan kang utama

c)

Telung patuladhan kang utama

d)

Tuladha Bela Negara

e)

Lakon Wayang Bab Bela Negara

4.

Telung tokoh kang dadi patuladhan utama ing Serat Tripama, yaiku ….

a)

Arjuna Sasra, Mahabharata, Ramayana

b)

Patih Suwanda, Kumbakarna, Adipati Karna

c)

Bambang Sumantri, Adipati Karna, Arjuna Sasrabau

d)

Sukrasana, Bambang Sumantri, Arjuna Sasra

e)

Rahwana, Kumbakarna, Dewi Shinta

5.

Pada 1 lan 2 Serat Tripama nyeritakake lakon Wayang ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Adipati Karna

d)

Sukrasana

e)

Rahwana

6.

Pada 3 lan 4 Serat Tripama nyeritakake lakon Wayang ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Adipati Karna

d)

Sukrasana

e)

Rahwana

7.

Pada 5 lan 6 Serat Tripama nyeritakake lakon Wayang ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Adipati Karna

d)

Sukrasana

e)

Rahwana

8.

Lakon Kumbakarna Gugur dijupuk saka cerita ing Kitab ….

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Arjuna Sasra

d)

Minak JIngga

e)

Babad Tanah Jawa

9.

Lakon Adipati Karna Gugur dijupuk saka cerita ing Kitab .…

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Arjuna Sasra

d)

Minak Jingga

e)

Babad Tanah Jawa

10.

Ing piwilange Lakon Sumantri Ngenger, Patih Suwanda asung piwulang menawa satriya iku kudu duwe sipat guna, kaya, purun. Guna tegese ….

a)

ahli, pinter, mumpuni, trampil, lan tansah ngabdi marang negara

b)

kasil nglakoni dhawuh lan tansah aweh untung marang negara

c)

kendel, tangguh, wani mati kanggo negara

d)

mbelani pemimpin, mbelani sedulur, mbelani andhahan

e)

tresna marang keluarga, negara lan bangsa

11.

Ing piwilange Lakon Sumantri Ngenger, Patih Suwanda asung piwulang menawa satriya iku kudu duwe sipat guna, kaya, purun. Kaya tegese ….

a)

ahli, pinter, mumpuni, trampil, lan tansah ngabdi marang negara

b)

kasil nglakoni dhawuh lan tansah aweh untung marang negara

c)

kendel, tangguh, wani mati kanggo negara

d)

mbelani pemimpin, mbelani sedulur, mbaleni andhahan

e)

tresna marang keluarga, negara lan bangsa

12.

Ing piwilange Lakon Sumantri Ngenger, Patih Suwanda asung piwulang menawa satriya iku kudu duwe sipat guna, kaya, purun. Purun tegese ….

a)

ahli, pinter, mumpuni, trampil, lan tansah ngabdi marang negara

b)

kasil nglakoni dhawuh lan tansah aweh untung marang negara

c)

kendel, tangguh, wani mati kanggo negara

d)

mbelani pemimpin, mbelani sedulur, mbaleni andhahan

e)

tresna marang keluarga, negara lan bangsa

13.

Dhandhanggula duwe guru gatra cacahe ....

a)

10

b)

9

c)

8

d)

7

e)

6

14.

Ing cerita Lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang siap perang tandhing, ditohi nyawa dibelani pati, nalika negarane diserang dening bala wanara. Sang Satriya maju perang tanding dudu mbelani Sang Prabu angkara murka, ananging merga ora lila negarane diabul-abul dening bala wanara. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

15.

Ing cerita lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang perang tandhing nglawan sedulure nunggal ibu. Bab kuwi, dudu amarga Sang Satriya ora bekti marang ibune utawa ora tresna marang sedulure. Sang Satriya tetep mbelani negarane kang nerima dheweke, uga negara kang ngangkat drajade. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

16.

Telung Sipat Kaprajuritane Patih Suwanda kang pantes ditiru yaiku ….

a)

guna, kaya, purun

b)

guna, karya, purun

c)

wani, mati, purun

d)

gagah, tangguh, kendel

e)

trampil, sugih, ngabdi

17.

Satria kang ngawula marang Raden Arjuna Sasrabahu kang dadi tuladha ing SeratTripama yaiku

a)

Patih Suwanda

b)

Basukarna

c)

Dasamuka

d)

Gunawan Wibisana

e)

Kumbakarna

18.

Menika tokoh sinten?

a)

Karno

b)

Suryaputra

c)

Patih Suwanda

d)

Kumbakarna

e)

Dasamuka

19.

Adipati Karna ingkang pundi?

a)
b)
c)
d)
e)
20.

Menika tokoh sinten?

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Rahwana

d)

Duryudana

e)

Bathara Surya

21.

Watake tembang Dhandhanggula ....

a)

nyenengake

b)

sedhih

c)

welas asih

d)

guyonan

22.

Satria kang ngawula marang Raden Arjuna Sasrabahu kang dadi tuladha ing SeratTripama yaiku

a)

Patih Suwanda

b)

Basukarna

c)

Dasamuka

d)

Gunawan Wibisana

e)

Kumbakarna

23.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

24.

Dipundamel mawi sekar punapa Serat Tripama?

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Dhandhanggula

d)

Kinanthi

e)

Gambuh

25.

Bambang Sumantri menika saking pundi?

a)

Alengka

b)

Awangga

c)

Maespati

d)

Astina

e)

Mandura

26.

Rayi saking Rahwana ingkang awujud buta utawi diyu nun inggih...

a)

Sarpakenaka

b)

Wibisana

c)

Subali

d)

Kumbakarna

e)

Sugriwa

27.

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka nagri.

Saking pethikan tembang ing nginggil, ingkang dipunmaksud ditya Ngalengka nagri inggih menika...

a)

Kumbakarna.

b)

Sarpakenaka.

c)

Rahwana.

d)

Kumba.

e)

Arimbi.

28.

Aywa kongsi buang palupi,

Manawa tibeng nista.

Saking pethikan tembang ing nginggil, ingkang saged dipundudut nun inggih...

a)

Senadyan kagungan watek ingkang awon, ananging ugi ampun kesupen menawi tiyang menika ugi anggadhahi watek ingkang sae.

b)

Piyambakipun boten anggadhahi watek palupi ugi kagungan watek nista.

c)

Tiyang menika namung gadhah watek nista.

d)

Tiyang menika namung gadhah watek palupi.

e)

Tiyang menika watekipun seimbang.

29.

Ing serat tripama pupuh dhandhanggula rong bait kapisan nyariosaken Bambang Sumantri kang jejuluk Patih Suwanda. Patih Suwanda minangka patihe Prabu Arjunasasrabahu raja sekang maespati. Dheweke minangka tetuladhan abdi kang bangeting setya lan teguh anggone ngleksanakaken kuwajiban kang dijibahaken marang dheweke kanggo mboyong putri (citrangada) lan 800 pengiring.

Saka katrangan kasebut kita bisa nemokaken telung sifat kaprajuritan patih suwanda yaiku ….

a)

Guna, bisa, unggul

b)

Guna, kaya, purun

c)

Guna, unggul, pinter

d)

Guna, pinter, kendel

e)

Guna, setya, kendel

30.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ….

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

31.

Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anulada, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, Aran Patih Suwanda, Lalabuhanipun, Kang ginelung tri prakara, Guna kaya purune kang den antepi, Nuhoni trah utama

Raja ing Maespati yaiku.. . .

a)

Suwanda

b)

Senapati

c)

Kumbakarna

d)

Sasrabau

32.

Setitekna serat tripama pupuh dhandhanggula ing ngisor iki!

Yogya malih kinarya palupi, Suryaputra Narpati Ngawangga, Lan Pandhawa tur kadange, Len yayah tunggil ibu, Suwita mring Sri Kurupati, Aneng nagri Ngastina, Kinarya gul-agul, Manggala golonganing prang, Bratayuda ingadegken senapati, Ngalaga ing Korawa.

Guru wilangan gatra kaping 6 yaiku. . . .

a)

8

b)

9

c)

6

d)

7

e)

10

33.

Urutaken serat tripama pupuh dhandhanggula iki!

1. pantes lamun sagung pra prawira,

2. Katri mangka sudarsaneng Jawi,

3. aja kongsi mbuwang palupi,

4. amirita sakadare,

5. ing lalabuhanipun,

6. tan prabeda budi panduming dumadi,

7. ina esthinipun,

8. sanadyan tekading buta,

9. manawa tibeng nistha,

10. marsudi ing kotaman.

a)

2, 1, 4, 5, 3, 9, 7, 8, 6, 10

b)

1, 2, 5, 4, 3, 7, 9, 8, 10, 6

c)

3, 5, 6, 8, 4, 2, 1, 7, 10, 9

d)

4, 3, 2, 1, 5, 7, 8, 10, 9, 6

e)

5, 4, 3, 7, 6, 1, 9, 10, 8, 2

34.

Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anulada, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, Aran Patih Suwanda, Lalabuhanipun, Kang ginelung tri prakara, Guna kaya purunne kang denantepi, Nuhoni trah utama,

yogyanira kang para prajurit ateges. . .

a)

Becike kang ditindakake para prajurit

b)

Prabu Sasrabau ing Maespati

c)

Lelabuhan kaperang telung perkara

d)

guna, kaya, purun kang diantepi

e)

Setya marang rajane

35.

Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anulada, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, Aran Patih Suwanda, Lalabuhanipun, Kang ginelung tri prakara, Guna kaya purunne kang denantepi, Nuhoni trah utama,

kang ginelung tri prakara ateges

a)

Becike kang ditindakake para prajurit

b)

Prabu Sasrabau ing Maespati

c)

Lelabuhan kaperang telung perkara

d)

guna, kaya, purun kang diantepi

e)

Setya marang rajane

36.

Katri mangka sudarsaneng Jawi,pantes lamun sagung pra prawira,amirita sakadare,ing lalabuhanipun,aja kongsi mbuwang palupi,manawa tibeng nistha,ina esthinipun,sanadyan tekading buta,tan prabeda budi panduming dumadi,marsudi ing kotaman.

Tembung sudarsaneng minangka tembung garba sudarsana + ing. Sudarsana tegese. . .

a)

slamet

b)

maungsa

c)

tuladha

d)

tanah

e)

patih

37.

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anuladha,

Kadya nguni caritane,

Andelira sang Prabu,

Sasrabau ing Maespati,

Aran Patih Suwanda,

Lalabuhanipun,

Kang ginelung tri prakara,

Guna kaya purune kang den antepi,

Nuhoni trah utama

Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping sedasa yaiku.. . .

a)

7a

b)

8a

c)

10i

d)

10a

e)

7i

38.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese gatra guna bisa saniskareng karya...

a)

bisa nindake dhawuh dadi senapati

b)

bisa mrantasi pagaweyane minangka patih

c)

bisa biyantu perang ing negara Manggada

d)

bisa kasil mboyong putri dhomas diaturke marang ratune

e)

kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka,

39.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese tembung ditya ,...

a)

satriya

b)

raseksa

c)

prajurit

d)

ratu

e)

senapati

40.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa tegese gatra suprandene nggayuh utami,, ,...

a)

senajan ratu ananging duwe jiwa tetulung

b)

senajan titahe manungsa kasektene ngedab-edabi

c)

senajan gedhe nanging ora umuk

d)

Senajan awujud buta ananging tekade luhur

e)

senajan pageran nanging ora gumedhe

41.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sira anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung triprakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni Trah utama

Ing pada kasebut ngemot piwulang apa...

a)

sawijining satriya kudu kendel mbelani negarane supaya subur makmur

b)

satriya kang njunjung bebener lan nyirnakae durangkara lan nyingkirake bebaya

c)

Satriya agung kang gelem ngorbanake jiwa raga marang negarane tanpa ngarep2 pamrih

d)

satriya kang tansah ngumbar kasektene kanggo numpes durangkara

e)

satriya luhur kang urmat marang pangarsa negarane lan ngudi kautaman

42.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sira anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung triprakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni Trah utama

Apa tegese tembung Andelira

a)

kang dadi agul agule sang prabu

b)

kang ngawula marang sang prabu

c)

kang dadi abdine sang prabu

d)

kang dadi senapatine sang prabu

e)

kang mbiyantu sang prabu

43.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa tegese gatra Wonten malih tuladhan prayogi,, ,...

a)

ana maneh satriya kang becik

b)

ana maneh conto kang utama

c)

ana maneh conto praurit

d)

ana maneh conto kang wigati

e)

ana maneh conto kang nyata

44.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

sapa kang dikarepake dening gatra Wonten malih tuladhan prayogi,, ,...

a)

Begawan Wisrawa

b)

Raden Gunawan Wibisana

c)

Raden Kumbakarna

d)

Prabu Dasamuka

e)

Patih Suwanda

45.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa tegese gatra suprandene nggayuh utami,, ,...

a)

senajan ratu ananging duwe jiwa tetulung

b)

senajan titahe manungsa kasektene ngedab-edabi

c)

senajan gedhe nanging ora umuk

d)

Senajan awujud buta ananging tekade luhur

e)

senajan pageran nanging ora gumedhe

46.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa kang diaturke kumbakarna marang kangmase ,...

a)

supaya nyelametake negara lan bangsane

b)

supaya ora duwe watak gumedhe

c)

kanggo nylametake para kawulane

d)

kanggo mbelani para wanara

e)

supaya mbrasta para mungsuh

47.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa tegese gatra kasebut Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara. ,...

a)

Dasamuka nagdhepi para wanara kanthi ngetokake sakabehing kasektene

b)

Dasamuka mrintahake Kumbakarna supaya mungsuh para Wanara

c)

Dasamuka sarujuk marang Kumbakarna wis ngelingake supaya ora awatak gumedhe

d)

Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna jalaran mung mungsuh bala kethek

e)

Dasamuka tansah mbelani marang negarane suoaya ayem tentrem

48.

Kumbakarna kinen mangsah jurit,

mring kang raka sira tan lenggana,

nglungguhi kasatriyane,

ing tekad datan purun,

amung cipta labuh nagari,

lan nolih yayah rena,

myang leluhuripun,

wus mukti aneng Ngalengka,

mangke arsa rinusak ing bala kapi,

punagi mati ngrana.

Patuladhan apa kang bisa kapethik saka Kumbakarna ing pada kasebut...

a)

Minangka adhine Dasamuka dheweke mbelani kangmasekang wis mulyakne Ngalengka

b)

Minangka satriya negara ngalengka Kumbakarna gugur merga mbelani negarane

c)

Kumbakarna duweni watak satriya bisa numpes para wanara

d)

Kumbakarna ora nggugu marang dhawuhe kangmase merga bela ing bebener

e)

Kumbakarna tansah nuduhake jiwa kasatriya kabukten nalika madeg dadipatih

49.

Yogya malih kinarya palupi,

Suryaputra Narpati Ngawangga,

lan Pandhawa tur kadange,

len yayah tunggil ibu,

suwita mring Sri Kurupati,

aneng nagri Ngastina,

kinarya gul-agul,

manggala golonganing prang,

Bratayuda ingadegken senapati,

ngalaga ing Korawa.

apa tegese pada Suryaputra Narpati Ngawangga,...

a)

Adipati Basukarna asmane liya yaiku surya putra

b)

Adipati Basukarna minagka senapati ing Astina

c)

Adipati Basukarna Raja ing Ngawangga

d)

Adipati karna mbelani marang para Kurawa

e)

Adipati Karna ngabdi marang Duryudana

50.

Yogya malih kinarya palupi,

Suryaputra Narpati Ngawangga,

lan Pandhawa tur kadange,

len yayah tunggil ibu,

suwita mring Sri Kurupati,

aneng nagri Ngastina,

kinarya gul-agul,

manggala golonganing prang,

Bratayuda ingadegken senapati,

ngalaga ing Korawa.

apa tegese pada aneng nagri Ngastina,

kinarya gul-agul,,...

a)

Adipati Basukarna dadi piandele negara Ngastina

b)

Adipati Basukarna Dadi senapatining negara Ngastina

c)

Adipati Basukarna Raja ing Ngawangga

d)

Adipati karna mbelani marang para Kurawa

e)

Adipati Karna ngabdi marang Duryudana