NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN SOAL US
Total questions: 30
Worksheet time: 3600secs
Tembang kangge pitakenan angka 1!
Mingkar mingkuring angkara,
akarana karanan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
kang tumrap neng tanah jawa,
agama ageming aji.
Kapethik saking Prigel Basa Jawa kelas X
Wataking tembang ing dhuwur yakuwe ...
luwes, ngresepake
prihatin lan getun pungun-pungun
greget, tegas lan sereng
sengsara katula-tula
galak lan wani
Setitekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Socaning jiwangganira
jer katara lamun pocapan pasthi
lumuh asor kudu unggul
sumengah sesongaran
yen mangkono kena ingaran katungkul
karem ing reh kaprawiran
nora enak iku kaki
Pitutur luhur kang trep kanggo tembang Pangkur ing ndhuwur, kajaba …
aja seneng pamer
aja seneng sesumbar
aja seneng degsura marang liyan
aja nggugu karepe dhewe
aja ngumbar janji
Waosan kagem pitakenan angka 3!
Kang Limun
Kang Salimun ngrasa dina kiye dina sing nyenengi pisan. Siji-sijine dina, pengrasane Kang Salimun, sing tembe ana sedawan uripe. Goli seneng merga mblandhonge sedina upahe kanjat kena nggo urip seminggu. Sing wis-uwis olihe mung sepuluh ewu. Mung nggo nempur beras sekilo karo tuku uyah. “Alhamdulilah” kang Salimun neng mbatin nguntabna rasa syukur maring Gusti Allah.
Dina kiye Kang Salimun olih dhuwit seket ewu. Ora sepiraha mungguhe Pak Dirno, tanggane Kang Salimun, sing dadi pegawe negeri. Utawa mung dadi selilit, cara Kaki Darmin sing dadi juragan gribig. Senajan awake ngrememeh, pundhake mlothas kiwe tengen ning dhuwit seket ewu tumrape Kang Salimun bisa dadi tamba lara awak.
Seuwise nampa bayaran Kang Salimun gipyak bali umah, rasane bungah ora lumrah. Sedawan dalan dheweke mbayangna lamona si Sri, bojone uga melu bungah. Bungah sing tembe kiye derasakna bojone.
Kapethik saking kalawarti Ancas
Nilai-nilai utawa pitutur kang trep karo cuplikan cerkak “Kang Limun” ing dhuwur yaiku ....
dina sing nyenengi pisan kanggo kang limun.
wong kudu pinter bersyukur maring Gusti Allah
supaya olih duwit kudu kerja.
lubar nampa bayaran mesti bungah.
luru duwit iku angel
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Ing kabupaten Pati ana kirab bendera kang dawane 100 meter lan ambane 3 meter diarak sekang Stadiun Jayakusuma sekang jam siji awan nganti setengah papat sore ing Alun Alun Pati
Acara kirab iki dianakaken kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2018 lan kanggo mbangkitaken jiwa nasionalisme pemuda saniki kang arep luntur. Miturut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngendika yen dheweke matursuwun marang para pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke duwe pangarep- arep kegiatan kaya ngene iki diadakake setahun pisan.
Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat
Undheraning pawarta ing ndhuwur yakuwe ... .
Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) yaiku Pati Endang Sri Wahyuningsih
kirab bendara kang dawane 100 meter lan ambane 3 meter diarak saka Stadiun Jayakusuma
Endang Sri Wahyuningsih duwe pangarep-arep acara kirab dianakake setahun pisan
kirab dianakake amarga jiwa nasionalisme pemuda saiki arep luntur
kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila 1 Oktober 2018, Kabupaten Pati nganakake kirab bendera
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Omah Joglo
Ing arsitektur wewangunan omah joglo, seni arsitektur ora mung babagan seni konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masyarakat pendukunge. Istilah joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama yaiku saka guru awujud patang saka utama kanthi pengeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing dhuwure.
Bab iki nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan, nanging kudu tansah tulung-tinulung lan sesambungan karo wong liya. Kanthi saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan mad sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat. Yen wis kuwat sakabehe bisa ndadekake negarane uga kuwat.
Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X
Nilai kang kakandhut sekang wacana umah adat jawa ndhuwur yakuwe ….
wewangunan omah joglo nglambangake dene manungsa iku makhluk sosial kang ora bisa nglakoni urip kanthi dhewekan.
joglo iku dumadi saka cengkorongan bangunan utama yaiku saka guru awujud patang saka utama kanthi pengeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing dhuwure
seni arsitektur omah joglo babagan seni konstruksi omah.
struktur omah joglo dumadi saka guru minangka sangga struktur utama omah
saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun karukunan lan mad sinamadan ing bebrayan iku uga kuwat lan masarakate uga kuwat
Cobi kapiji ukara ing ngandhap menika, ingkang kaserat mawi sandhangan mandaswara!
A
B
C
D
E
Wigatosaken tembang Sinom ngandhap!
Nulada laku utama
tumrape wong Tanah Jawi
wong Agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
kepati amarsudi
sudane hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amamangun karenak tyasing sesama
(Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X)
Werdinipun tembung Nulada laku utama, inggih punika….
tansah prihatin
nulada tumindak ingkang sae
tansah damel remenipun tiyang sanes
kedah saged meper hawa napsu
A. kalampahanipun panggayuh punika wonten remen tapa brata
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Bima menika putra nomer loro Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Wiwit lair, Bima sampun gawe gegere Suralaya. Gegere Suralaya awit laire Bima nganti pirang-pirang taun isih wae kabungkus ari-ari. Ora ana senjata kang bisa mecah bungkus kuwi. Bima sing isih kabungkus ari-ari digawa Prabu Pandhu marang alas Kredawahana lan ditinggal dhewekan.
Ana ing alas Kredawahana, Bima kang sejatine isih semedi jroning bungkus ari-ari gawe kemrungsunge para raksasa kang manggon ana ing kono. Anane Bima gawe hawa panas panggonan mau. Mula, para raksasa lapur marang Bathari Durga.
(Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X)
Paraga utama saka cuplikan crita wayang ing dhuwur yakuwe ...
Prabu Pandhu
Dewi Kunthi
Gajah Sena
Bratasena
Bathari Durga
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Para Bapak, para ibu ingkang kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicara pengaosan rutin dinten ahad, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis. Kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara pengaosan rutin dinten ahad ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten ...
(Kapethik saking buku Prigel Basa Jawa kelas X)
Tembung kang kacithak kandel ana ing nduwur nduweni teges ... .
urut-urutane
acara
wektu
kumpul
pangapura
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Lanthing kuwe panganan asli daerah kabupeten Kebumen lan Banyumas. Lanthing digawe bahan dasare sekang bodin (singkong). Lanthing kuwe kalebu panganan ringan, kadang kala denggo pacitan nek ana dhayoh neng ngumah. Rasa lanthing gurih renyah, bisa uga denggo klethikan pas ngumpul nang pos ronda, panganan pas nang mobil nek agi mudik, utawa di nggo lawuh nek mangan.
Kapethik saking kalawarti Ancas
manut teks ing dhuwur, kang kalebu tembung saroja yakuwe ...
panganan ringan
kadang kala
gurih renyah
pos ronda
lawuh maem
Miturut waosan kasebut Ki Hajar Dewantara seda wonten pundi, tanggal lan yuswa pinten …?
Surakarta, 25 April 1985 kanthi yuswa 65
Yogyakarta, 26 April 1859 kanthi yuswa 69
Surakarta, 26 Agustus 1959 kanthi yuswa 65
Yogyakarta, 26 April 1959 kanthi yuswa 69
Surakarta, 25 Agustus 1895 kanthi yuswa 69
Serat Wedhatama pupuh Pocung
1) // ngelmu iku kalakone kanthi laku / lekase lawan kas / tegese kas nyantosani / setya budya pangekese dur angkara //
2) // angkara gung neng angga anggung gumulung / gegolonganira / triloka lekere kongsi / yen den umbar ambabar dadi rubeda //
3) // beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun / semune ngaksama / sesamane bangsa sisip / sarwa sareh saking mardi martotama //
4) // taman limut durgameng tyas kang weh limput / kereming karamat / karana karoban ing sih / sihing sukma ngrebda sahardi gengira //
5) // yeku patut tinulad tulad tinurut / sapituduhira / aja kaya jaman mangkin / keh pra mudha mundhi dhiri rapal makna //
Pitutur luhur ingkang nedahaken kedah meper hawa nafsu kados kaserat ing pada …
pada 1
pada 2
pada 3
pada 4
pada 5
Setitekna kutipan novel ing ngisor iki kanggo mangusli soal no. 13
Kumandanging Katresnan
……………….
Sri Endah Wahyuningsih sedhih atine, mikir gerahe bapake mau mula blas ora tau dolan, tansah mugen nunggoni wong tuwane wae. Kangmase sing ana Ngayogja arep dikabari, nanging dipenggak dening bapakke, mundhak gawe kisruhe Susilo, awit lagi nengah-nengahi ujian.
Mundhak dina gerahe R.S Ranuasmara saya ngrekasa nganti ora bisa menyat saka paturon. Salirene saya mundhak kuru, praupane cowong pucet, menyang dhaharan wis ora kersa. Sedina sewengi terkadhang mung ngunjuk susu segelas. Sri Endah Wahyuningsih saya sedhih atine saben dina tansah lungguh ing sandhinge wong tuwane, gagasane ngambra-ambra banget, sedhih, susah, trenyuh, campur dadi siji. Njur kelingan menyang ibune, sing wis ora ana, atine mundhak keranta-ranta nganti luhe carocosan metu, nibani pipine kang alus kaya salju, nganti kacune sutra teles kaya dikum banyu.
“Dhahar ya, Pak ?” Mangkono ature Endah nuju sawijining dina wayah sore.
“Ora…ndhuk Ning…ora…uh…! Hug! Hug…eh …! Eh …!” Wangsulane Ranuasmara karo watuk ngikil.
“Ben sliramu kiyat kok, Pak.”
“Sesuk dipriksakake dokter menyang Surabaya wae apa Pak, jarene kana ana dokter sing pinter !”
“Wis…kasep…Ning, wis ka…huk …!eeeeh…!
“Ngunjuk wedang jeruk karo gul batu apa Pak, kareben watuke ilang ?” R.S. Ranuasmara ora mangsuli mung manthuk nyawang putrane, penggalihe katon sumedhot.
Sri Endah Wahyuningsih enggal-enggal menyat metu menyang mburi gawe wedang jeruk. Bareng wis rampung banjur enggal-enggal diaturake.
……………
(Kapethik saka Prigel Basa Jawa Kelas XI)
Miturut wacan ing dhuwur kepiye watake Sri Endah Wahyuningsih ?
galak
pinter
wicaksana
eman
andhap asor
Waosan kangge pitakenan angka 14
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah, ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru, ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu Karyawan, saha………………….. sumangga kita sedaya ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun maringi pinten-pinten nikmat, saengga kita sedaya saged kepanggih.
Kapethik saking Prigel Basa Jawa kelas XI
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
para kanca ingkang kula tresnani.
para kadang wredha mudha ingkang kula tresnani.
para tamu undangan ingkang kula tresnani.
para hadirin ingkang kula tresnani.
para rencang ingkang kula tresnani.
Gambar adat panggih penganten ing dhuwur iku kang nduweni makna tandha yen penganten kakung iku wis ditampa dadi perangan saka keluwarga....
gambar 1
gambar 2
gambar 3
gambar 4
gambar 5
Waosan kangge pitakenan no 16
Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasihdereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
(Kapethik sekang: LKS Panginyongan Basa Jawa)
Gambar tata cara mantu kang jumbuh karo pratelan iku yaiku ….
A
B
C
D
E
Ukara kasebat manawi kaserat mawi aksara Latin inggih punika.....
Putrane bu Zahra 2, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
Putrane bu Zahra 3, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
Putrane bu Zahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
Putrane bu Jahra 3, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
Putrane bu Jahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah
Gatosaken sekar Gambuh Serat Wedhatama
Sembah raga puniku
pakartine wong amagang laku
susucine ….. ...
kang wus lumrah limang wektu
wantu wataking wawaton
Tembung ingkang trep kangge njangkepi gatra kaping tiga inggih punika....
asarana ing tumindak
among ana raga
niate saka ati
rumasuk ing jiwa
asarana saking warih
Waosan kangge pitakenan no 19
Manut wangsit, Banyak Catra kudu tapa nang wetan Pasirluhur yakuwe nang tempuran kali Logawa lan kali Megaji. Mega tapane sing temen, Banyak catra olih kanugrahan klabi ajaib, menawa klambi kuwe de-nggo bisa malik dadi lutung.
Kapethik sekang Ngrumat Basa Panginyongan
Pitutur luhur sekang pethilan crita rakyat ndhuwur yakuwe….
sing sapa seneng tapa olih klambi lutung
aja tapa mbok dadi lutung
aja seneng adus nang kali mbok dadi lutung
kudu bisa urip prihatin
kudu golet temen sadurunge lunga
Waosan kangge pitakenan no 20
WARA-WARA
SMA N 5 PURWOKERTO
NGANAKAKE ADU KREASI LAN SENI
MENGETI TANGGAP WARSA SMA N 5 PURWOKERTO KAPING 27
TUMRAP KANCA-KANCA SISWA SMA SA-KABUPATEN BANYUMAS
KANG KREATIF LAN INOVATIF ING BABAGAN SENI TRADISIONAL
AYO TUDUHNA KABISANMU ING AJANG IKI.
PAGELARAN IKI KANTHI TEMA :
KANTHI SEMANGAT AYO LESTAREKAKE KESENIAN TRADISIONAL DAERAH
PENDAFTARAN BISA LANGSUNG MENYANG PANITIYA WIWIT TANGGAL 1 SEPTEMBER 2018
ING SMA N 5 PURWOKERTO
JALAN GEREJA NO.20
UTAWA BISA LANGSUNG NGUBUNGI : SURYO (08179345454)
Wara-wara ing dhuwur iku surasane ….
andon kaprigelan
nawakake barang
bela sungkawa
iklan
pentas seni
Gatekna ukara-ukara ngisor!
1) Wayang kulit pancen salah sawijining srana kanggo sinau tumrape manungsa ing alam bebrayan agung.
2) Salah siji kabudayan kang angel ditemoni yakuwe wayang kulit.
3) Wayang uga kanggo srana tuntunan, tegese wayang digelar ora marga mung kanggo hiburan, nanging uga ngemot pendidikan utawa piwulang lan tuntunan luhur.
4) Kabudayan Jawa kang adiluhung angel ditemoni ing jaman kang kaya mangkene.
5) Budaya Jawa mligine wayang kulit sansaya susut pendemene, kahanan kang kaya mangkene nggegirisi lan gawe prihatin.
Adhedhasar ukara-ukara nginggil, menawi kadadosaken dados paragraf ingkang leres kanthi urutan...
1-3-2-4-5
4-5-3-2-1
4-5-2-3-1
4-2-5-1-3
4-5-3-1-2
Gatosaken pacelathon ngandhap!
Aryajodhipati : “Kresna, kakangku! Padha raharja rawuhmu ing Wiratha kene?”
Kresna : “Basuki, Dhimas!”
Aryajodhipati : “Selak panas, aku nyuwun pawarta bab rawuhe Jlitheng kakangku ing Hastinapura.”
Kresna : “Bener kandhaku, Dhimas, menawa Kurawa iku pancen ora kena dijak rembugan.”
Aryajodhipati : “Piye kersamu?”
Kresna : “Bola-bali rak wis daketung, kudu klakon jangkane Dewa.”
Aryajodhipati : “Sida perang labuh nagari, pa piye?”
Kesna : “Wis kudu ngono, Yayi! Dirembug ora kena, mangka pandhawa rak mung njaluk bali separone Hastinapura, ta?”
(Kapethik saking Kabeh Seneng Basa Jawa kelas XII)
Pratelan pacelathon menika minangka salah satunggaling adegan wonten ing pagelaran ...
kethoprak
begalan
ujungan
cowongan
ringgit purwa
Kangjeng Susuhunan Paku Buwana ing Surakarta Hadiningrat. Panyeratipun aksara Jawa (aksara murda) kados ing ngandhap menika ...
A
B
C
D
E
Tembang Kinanthi Serat Wedhatama
Marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking pambudi
bengkas kahardaning driya
supadya dadya utami
Jumbuh kaliyan pada tembang Kinanthi, paugerae tembang inggih menika ...
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8u
8u, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i
Tembang Kinanthi Serat Wedhatama
1) //Pangasahe sepi samun/ aywa esah ing salami/ samangsa wis kawistara/ lalandhepe mingis-mingis/ pasah wukir reksa muka/ kekes-srabedaning-budi//
2) //Dene awas tegesipun/ weruh warananing urip/ miwah wisesaning tunggal/ kang atunggil rina wengi / kang mukitaning sakarsa/ gumelar ngalam sakalir//
3) //Haywa sembrana ing kalbu/ wawasan wuwus sireki/ ing kono yekti karasa/ dudu ucape pribadi/ marma den sambadeng sedya/ wewesan praptaning uwis//
4) //Sirnakna semanging kalbu/ den waspada ing pangeksi/ yeku dalaning kasidan/ sinuda saka sathithik / pamothahing nafsu hawa/ linalantih-mamrih-titih//
5) //Aywa mamatuh nalutuh/ tanpa tuwas tanpa kasil/ kasalibuk ing srabed / marma dipun ngati-ati/ urip keh rencananira/ sambekala-den-kaliling//
(Kapethik saking Serat Wedhatama)
Pada ingkang surasanipun supados tansah eling, waspada, lan tanggel jawab tumrape samubarang ingkang diaturaken, punika pada ingkang kaping….
pada 1
pada 2
pada 3
pada 4
pada 5
Geguritan
SEMUT
Nggatekna lakune semut
Temata
Ora ana sing dhisit-dhisitan
Ora ana sing metu sekang barisan
Gatekna polahe angger pethukan
Mandheg kaya-kaya salaman
Gatekna angger olih pangan
Tansah guyub brayan
Degawa depangan bebarengan
Enggane manungsa kaya semut
Temata
Ora padha cecongkrahan
Ora padha gelutan
Ora padha sesewangan
Ayem lan tentrem
Kapethik saking : Ancas (Kalawarti Panginyongan)
Tegesipun tembung cecongkrahan wonten ing geguritan kasebut inggih punika… .
ora akur
sengit-sengitan
salam-salaman
pasulayan/padu
kerja bareng-bareng
Wigatosaken waosan ngandhap punika!
Nyenyandhang manganggo iku dadya sarana memangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trepna pangetreping panganggon, cundhukna kalawan kahananing badanira, kalungguhan miwah pepangkatanira.
(Kapethik saking : Mumpuni Basa Jawi kangge kelas XII)
Suraosing kutipan teks deskripsi kasebut inggih punika, kejawi… .
busana dados sarana kasusila
busana dipunjumbuhaken dhateng pribadinipun piyambak
busana nyakup lan ngukup babagan adi kang luhur
busana dipuntrepaken kaliyan kalungguhan
busana dipuntrepaken kaliyan pepangkatanipun
Salah sawijinipun piranti gamelan Jawa ingkang ditabuh. Miturut konstruksinipun, kalebet kulawarga gender utawi dipunwastani gender panembung. Nanging gadhah wilahan ingkang cacahipun sami kaliyan wilah saron. Swantenipun (gadhahi oktaf) paling endhek menawi katandhingaken kelompok instrumen saron.
Teks eksposisi salah satunggaling piranti gamelan ing inggil punika, dipunwastani…
saron
gender
peking
slenthem
gambang
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saniskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang manggada nagri,
amboyong putri dhomas,
katur ratunipun,
purunne sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana
Saking pada nginggil, punapa ingkang saged dipuntiru saking patih Suwanda?
kaluhurane, kapinterane lan pengabdiane
kapinterane, kaprigelane lan pengabdiane
iklas, lila lan legawa
kawasisane, kaiklasane, lan lila legawa
kawasisane, kekendelane, lan pengabdiane
Wigatosaken waosan ngandhap!
Wong ing Banyumas ora kena lelungan ing dina setu paing amarga wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina setu paing. Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih saderengipun adipati banyumas seda, panjenenganipun paring wewaler mekaten.
Kapethik saka ngrumat basa panginyongan
Saka teks wewaler ing dhuwur kang dadi pokok-pokok isine yakuwe ….
wong banyumas ora kena lelungan utawa duwe gawe ing dina setu paing
wong banyumas olih lunga-lunga ing dina kapan wae
wong banyumas kudu nindakna hajatan ing dina setu paing
wong banyumas aja percaya anane wewaler setu paing
wong banyumas bakal entuk begya ing dina setu paing
