NEW
Font size
WorksheetsAM BAHASA JAWA 2023
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Teks sing isine ngganbarake obyek kanthi gamblang lan rinci diarani teks
narasi
observasi
dheskripsi
cerkak
Tembung sing nerangake watak,sifat,lan kahanane samubarang diarani tembung....
tembung aran
tembung kahanan
tembung kriya
tembung wilangan
Tembung pemandhangan,kabudayan,pariwisata lsp,tuladha saka tembung....
tembung aran
tembung kahanan
tembung kriya
tembung katrangan
Gunung Kelud misuwur ing saindenging Jawa Timur. Tembung Saindenging tuladha tembung
tembung wilangan
tembung ancer-ancer
tembung panguwuh
tembung panggandheng
Tembung – tembung sing migunakake swara a miring yaiku
layang, balang, saka
larang, apring, layang
bata, kala, supaya
jagang, ngajak, mata
Tuladha saka swara i jejeg yaiku...
wadi, guling, siji
nangis, guling, jarit
jarit, bali, suci
suji, sasi, pitulung
Tembung – tembung sing migunakake swara e pepet yaiku….
sate, mlungker, bebek
seneng, kalem, merem
tape, meri, rene
apel, telo, melon
Tembung sing wis owah saka asale diarani tembung…
tembung lingga
tembung rangkep
tembung andhahan
tembung camboran
Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara.Pandhapuke tembung jero
Kurung yaiku…
mbaleni
bola-bali
bali-bali
dibaleni
Sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku
ny,m,n,ng
dak,ko/kok,di
sa,pa,pi,pra,tar,ta
in,um,er,el
Purwakanthi, miturut wujude dibedakake dadi 3. Pamilahe kaya ing ngisor iki ,kajaba
purwakanthi guru lagu
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
Rakitan tetembungan kang runtut swarane diarani ....
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
purwakanthi lumaksita
Rakitane tetembungan kang runtut sastrane diarani ....
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
purwakanthi lumaksita
Rakitane tetembungan kang runtut basa / tembunge diarani ....
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
purwakanthi lumaksita
Ing ngisor iki tuladha purwakanthi guru swara, yaiku ....
Ireng-ireng ketok untune, bareng seneng ketok guyune
Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
Pak Karta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat kreteg kertasana
Timun – munte – tela – landa – ndemok asu – sugih utang – tanggal siji –jimantolo-lopas lapis
– pista raja – jaka bagus – gusti kula – lombok abang – bangku dhuwur – wura wari – rina wengi
– ngilo kaca – cara landa
Tetembungan kasebut diarani ....
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru lagu
purwakanthi lumaksita
Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh podha tegese digawe bebarengan kang
tujuane kanggo mbangetake diarani tembung….
tembung entar
tembung saraja
tembung dasanama
tembung garba
Tembung loro utawa luwih sing beda tegese dienggo bebarengan lan nuwuhake teges anyar
diarani….
tembung entar
tembung saraja
tembung camboran
tembung garba
Layone prajurit wor suh lan kunarpane para pangeran lan raja wadyabala kurawa lan pandhawa”
Tembung layon lan kunarpa tegese padha karo mayit. Tembung kang padha tegese kaya
tetembungan ing dhuwur diarani ....
temung saraja
tembung dasanama
tembung entar
tembung garba
Wadyabala Pandhawa lan Kurawa wis sapirang-pirang kang dadi kurban, klebu Prabu Salya lan
Raden Drestajumena. Tembung wadyabala iku tembung loro kang padha tegese, dianggo
bebarenga lan ngemu surasa mbangetake. Tembung kaya ing dhuwur diarani ....
tembung saroja
tembung dasanama
tembung entar
tembung garba
Basa sing dipaesi,basa sing didandani supaya luwih endah ,nges,lan mentes diarani basa….
basa lugu
basa rinengga
basa krama
basa camboran
Unen-unen kang ajeg panganggone,duwe teges pepindhan,sing dipindhakake utawa
dibandingke kahanan lan ulah kridane manungsa diarani….
bebasan
paribasan
pepindan
saloka
Adigang,adigung,adiguna ,unen unen iku tuladha saka
bebasan
paribasan
pepindan
saloka
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
Arep jamure ora arep watangane.
Emban cindhe, emban siladan
Ora uwur ora sembur.
Rebut balung tanpa isi.
Pepindhan sing tegese anggone nyambut gawe polahe ora leren-leren siji mari ditandnagi sijine kudu enggal ditandangi maneh, yaiku kaya....
kuthuk kelangan babon
lintang alihan
ngaru napung
niba nangi
Tujuan wawanrembug miturut kaperluane yaiku kanggo…kejaba…
wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta
wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai
wawanrembug kanggo kaperluan panaliten
wawanrembug kanggo kaperluan diskusi
Wawancara sing dianakake dening bagian personalia ing sawijining perusahaan duwe tujuan
wawanrembug kanggo kaperluan liputan pawarta
wawanrembug kanggo kaperluan rekrutmen pegawai
wawanrembug kanggo kaperluan panaliten
wawanrembug kanggo kaperluan diskusi
Wawancara kang susunan pitakone ora ditemtokake luwih dhisik lan kang diomongake
gumantung marang swasanane wawanrembug diarani…
wawanrembug bebas
wawanrembug konferensi
wawanrembug individual
wawanrembug binuka
Saben sasi Agustus ing desaku mesti dianakake lomba tarik tambang.Ukara iku tuladh ukara…
pawarta
pitakon
sambawa
sananta
Ukara sing isine ngemu teges pengarep-arep,senanjan,lan umpana diarani ukara….
pawarta
pitakon
sambawa
sananta
Basa sing digunakake kanggo iklan nduweni sifat kaya ing ngisor iki, kajaba….
persuasif
provokatif
komunikatif
sugestif
Perangan layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani ....
adangiyah
pambuka
titi mangsa
surasa basa
Kajawi saking punika ,kula ugi ngaturi pirsa bilih kang putra sampun angsal padamelan ing pabrik garmen. Pramila kang putra nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi anggen kula nyambut damel saged lancar. Ing wulan punika kang putra dereng saged wangsul amargi taksih dados karyawan enggal. Mugi-mugi wulan ngajeng kula saged wangsul nuweni bapak kaliyan ibu.
Ukara ing dhuwur tuladha saka…..
adangiyah
bebuka
titi mangsa
surasa basa
Mendharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh diarani
sesorah
gurit
pranatacara
nembang
Bagian ing pidhato sing isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Allah diarani….
salam pambuka
surasa basa
purwaka
panutup
Miturut kahanane ,pidhato kaperang kaya kang tinulis ing ngisor kajaba
pidato resmi
pidato improptu
pidato ora resmi
pidato setengah resmi
Wasana namung samanten atur kula,minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya,mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur,kula tansah nyuwun lumunturing samodr sih pangaksami.Nuwun.Ukara iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan
salam pambuka
pangarep-arep
purwaka
panutup
Salah sawijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan jawa diarani kaya ing ngisor kajaba
pranatacara
sesorah
pambyawara
pranata laksitaning adicara
Mugi-mugi samangke saget lulus kanti biji ingkang sae serta sageta katampi wonten sekolah Ingkang dipunkajengaken.ukara iku mapan ing pidhato perpisahan sekolah ,ana ing perangan
panutup
wigatining pidhato
pangarep-arep
purwaka
Basa kang digunakake dening pranatacara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan.Basa mau kepenek dirungokake sarta endah,basa iku diarani basa..
krama inggil
kratonan
rinengga
mataraman
Pawongan kang kajibah ngatur lumakuning adicara pawiwahan diarani
pranatacara
praniti swara
pamedhar sabda
paminta sraya
Tembang macapat iku kaiket paugeran.....
guru gatra,guru wilangan,guru swara
guru pada,guru gatra,guru wilangan
guru gatra, guru wilangan, guru lagu,
guru pada, guru gatra, guru wilangan
Cacahing wanda saben sagatra diarani...
guru wilangan
guru wanda
guru gatra
guru pada
Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar ing drama tradisional diarani
tema
improvisasi
alur
setting
Gagasan pokok sing dikembangake dadi crita kang digelar ing pentas drama diarani
tema
improvisasi
alurs
etting
Genea sajrone pentas drama para paraga kudu bisa improvisasi
Supaya ora lali karo teks/naskahe
Supaya ora perlu ngapalake naskah drama
Supaya bisa nutupi yen ana paraga sing lali karo teks/naskahe
Supaya bisa nggawe naskah anyar
Obah mosike praen nalika meragake teks drama diarani
interpretasi
ekspresi
olah tubuh
olah vokal
Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku
pambuka, panutup, isi
pambuka lan isi
pambuka, isi, panutup
isi, pambuka, panutup
Ukara kang cocog kanggo bagean panutup ing teks laporan kegiatan yaiku
Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang.
Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135
Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar.
kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.
Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani
ukara lamba
ukara camboran
ukara carita
ukara pakon
