WorksheetsUJIAN SEKOLAH (US) SMP TAPEL 2024-2025
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Name
Class
Date
1.
Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen Anoman dutaning sang nata. Yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu Dasamuka.
Pethikan crita wayang Ramayana ing dhuwur kajupuk saka crita lakon ....
a)
Anoman Obong
b)
Anoman Duta
c)
Sinta kadhusta
d)
Rama lan Sinta
2.
Kang rinembug ing pasewakan yaiku ....
a)
palapurane Resi Jatayu
b)
ature Narpati Sugriwa
c)
panemune Raden Laksmana
d)
ilange Dewi Sinta
3.
Inti sarine paragraf siji yaiku ....
a)
Jatayu atur palapuran manawa kang ndhusta Dewi Sinta yaiku Prabu Dasamuka
b)
Prabu Ramawijaya kaadhep dening Raden Laksmana Widagda, Narpti Sugriwa, lan sawetara bala wanara.
c)
Prabu Ramawijaya nyarujuki supaya ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka.
d)
Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing negara Ngalengka.
4.
Andharan ing ngisor iki kang jumbuh karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
a)
Anoman diutus merangi raja yaksa Negara Ngalengka.
b)
Anoman diutus nakyinake kaanane Dewi Sinta.
c)
Anoman diutus ngrangket wadya bala raseksa.
d)
Prabu Rama milih Kapi Anoman minangka senopati.
5.
Miturut palapurane Jatayu, Dewi Sinta kadhustha dening Prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka. Tembung yaksa tegese padha ing ngisor iki, kajaba ....
a)
raseksa
b)
denawa
c)
wanara
d)
buta
6.
Ingkang dados dutaning Sang Prabu Ramawijaya inggih menika ....
a)
Anila
b)
Anoman
c)
Anggoda
d)
Subali
7.
Anoman ngaturake sesupe Sotya Ludira marang Dewi Sinta, sotya iku ...
a)
ali-ali
b)
kalung
c)
gelang
d)
inten
8.
Piwulang luhur kang bisa kapethik munggwing Anoman yaiku ....
a)
antenge pribadi
b)
setyane marang guru
c)
sentosa ing tekad
d)
pintere tumindake
9.
Asmaradana Sun lali lali tan lali,
sun lelipur saya brangta, gembili gung wohing tawang, gedebugan wak ing tawang, jenang gamping reca kayu, dalenjet nggoleki ndika.
Cangkriman ing tembang dhuwur yaiku ....
a)
sun lali lali tan lali
b)
sun lelipur saya brangta
c)
gembili gung wohing tawang
d)
gedebugan wak ing tawang
10.
Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur, tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Cakepan ing dhuwur diarani tembang macapat ….
a)
Dhandhanggula
b)
Pangkur
c)
Sinom
d)
Mijil
11.
Pitutur luhur kang dumunung ing tembang dhuwur yaiku ....
a)
Aja gumedhe, aja bungah yen dialem, aja susah yen dicacad lan tansah andhap asor
b)
Bungah menawa dialem, tansah gumedhe atine susah yen dicacad pinter ngrumpaka.
c)
Nirua pujanga supaya diarani wong pinter lan akeh wong sing seneng.
d)
Nirua pujangga supaya akeh wong kang ngesem lan pinter ngrumpaka.
12.
Pamedhare wasitaning ati. Tembung wasita tegese kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a)
pitutur
b)
piwulang
c)
wewarah
d)
perintah
13.
Guru wilangan lan guru lagune tembang macapat Dhandhanggula gatra pungkasan yaiku ....
a)
6 a
b)
7 a
c)
10 a
d)
12 a
14.
Piwulang luhur kang kepengin diaturake pengarang ing sajroning crita diarani .…
a)
tema
b)
amanat
c)
latar
d)
alur
15.
Bapak : “Nur, ibumu wis mulih?” Nurni : “Wis, saiki lagi turu.”
Wangsulane Nurni ora bener unggah- ungguh basane, kang bener yaiku ....
a)
Sampun, sapunika nembe turu
b)
Sampun, sapunika lagi sare
c)
Sampun, sapunika saweg tilem.
d)
Sampun, sapunika nembe sare.
16.
Pakdhe menika kula .... Bapak ....
sedhahan”. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ....
a)
dikengken - marigaken
b)
dipunutus - ngaturaken
c)
dipundhawuhi - menehaken
d)
dipunkengken - nyaosaken
17.
Simbah lagi mangan, mula durung lunga. Ukara iku yen diowahi dadi basa ngoko alus ….
a)
Simbah nembe dhahar, mula dereng tindak.
b)
Simbah lagi nedha, mula durung kesah.
c)
Simbah nembe nedha, mula durung kesah.
d)
Simbah lagi dhahar, mula durung tindak.
18.
Ibu ..... oleh-oleh budhe.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a)
menehi
b)
nyaosi
c)
nyukani
d)
maringi
19.
Bu Lurah kesah dhateng kabupaten numpak becak.
Ukara menika unggah-ungguhipun basa ingkang leres ....
a)
Bu Lurah tindak dhateng kabupaten numpak becak
b)
Bu Lurah tindak dhateng kabupaten nitih becak
c)
Bu Lurah tindak menyang kabupaten nitih becak
d)
Bu Lurah kesah menyang kabupaten numpak becak
20.
Nalika reresik tangan sing paling becik ditindakake nganggo sabun ing ....
a)
banyu mili
b)
banyu cidhuk
c)
banyu ember
d)
banyu anget
21.
wacane …
a)
jambu bol enak
b)
jumiatun bocah pinter
c)
jaman edan
d)
jajan pasar setangkep
22.
wacane .....
a)
Atiku ambyar
b)
Atiku lara lapa
c)
Atiku lara banget
d)
Atiku cidro
23.
Salam pambuka ing pidhato isine
a)
Atur salam
b)
Atur pakurmatan marang tamu
c)
Pangarep – arep
d)
Jaluk pangapura
24.
Cekap semanten atur kula, kupat siniram santen menawi lepat nyuwun pangapunten.
Pethikan ukara ing inggil dipunaturaken wonten ing perangan …
a)
Purwaka/pambuka
b)
Wasana/Penutup
c)
Isi
d)
Perangan Wigatos
25.
Pidatho Padatan ugi disebut
a)
Cerito
b)
Sesorah
c)
Maca biasa
d)
Nyayi
26.
Ing ngisor iki sing ora kalebu struktur drama yaiku ...
a)
Paraga
b)
Orientasi
c)
Komplikasi
d)
Resolusi
27.
Bab kangPerlu Digatekake nalika ngomentari teks drama kejaba ...
a)
Swara
b)
Polatan
c)
Bathin
d)
Polah tingkah
28.
Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!
Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh
Saka pacelathon drama ing nduwur, watek Klething Abang yaiku ….
a)
Sabar
b)
Wicaksana
c)
Ladak/galak
d)
Seneng tetulung
29.
Klething Abang: Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!
Klething Kuning: Inggih Mbak Yu sendika dhawuh
Saka pacelathon drama ing nduwur judhul drama sing trep yaiku …
a)
Jaka kendhil
b)
Jaka tarub
c)
Keong mas
d)
Andhe-andhe lumut
30.
Ludruk, kethoprak, wayang kalebu drama …
a)
Tragedi
b)
Modern
c)
Tradisional
d)
Komedi
31.
“Keparenga kula matur minangka sesulih siswa-siswi SMP Kristen Elkana, ngaturaken sugeng rawuh wonten ing adicara perpisahan kelas 9 ingkang sampun purna anggenipun sekolah kanthi lancar sedayanipun”.
Tema pamedharsabda ing inggil inggih menika …
a)
Pengetan Dinten Pahlawan
b)
Nampa siswa enggal
c)
Perpisahan kelas 9
d)
Pentas seni
32.
Supados saged narik kawigatosanipun para pamidhanget, nalika medharsabda kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap inggih menika …
a)
Vokal/swara, intonasi, ekspresi lan isi pamedharsabda kedah cetha.
b)
Vokal/swara, intonasi, ekspresi lan improvisasi kedah cetha
c)
Impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kedah cetha
d)
Impromtu, vokal/swara, intonasi lan ekspresi kedah cetha
33.
Ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh/tamu/undhangan) sarana micara sing wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu diarani ...
a)
Tanggap Wacana
b)
Moco
c)
Sinau
d)
Wawancara
34.
Piwulang dhasar nalika arep tumindak ana ing serat wulangreh klebu piwulang ing pupuh….
a)
Kinanthi
b)
Gambuh
c)
Sinom
d)
Girisa
35.
Pupuh pocung ing serat wulangreh ngandhut piwulang babagan….
a)
Laku sembah
b)
Pasaduluran
c)
Rasa serah dhiri
d)
Nindakake ibadah
36.
tembang sinom dumadi saka … gatra.
a)
8
b)
9
c)
10
d)
11
37.
Guru lagu lan guru wilangane tembang sinom yaiku …
a)
8i, 8a, 8o, 7a, 8u, 8a
b)
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c)
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
d)
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
38.
Ing ngisor iki kang ora klebu jinise tembang macapat yaiku ....
a)
Campursari
b)
Maskumambang
c)
Megatruh
d)
Pocung
39.
Rama wijaya nasak wana amargi dipundukani dening ….
a)
Dewi sinta
b)
Jatayu
c)
Prabu dasamuka
d)
DRaden lesmana
40.
Sing kasengmsem marang dewi sinta yaiku….
a)
Raden lesmana
b)
Rama wijaya
c)
Jatayu
d)
Prabu dasamuka
41.
Kang klebu jinising paragraph miturut mapane ukara pokoke, kejaba …
a)
deduktip
b)
induktif
c)
deskriptip
d)
ineratip
42.
Sadurunge nulis karangan deskriptip kudu ….
a)
gawe salam penutup
b)
gawe salam pembuka
c)
nemtokake bab kanga rep ditulis
d)
wawancara marang sadhengah pawongan
43.
paragraph kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragraph, banjur kasusul ukara-ukara panjlentrah diarani ....
a)
deskriptip
b)
induktip
c)
ineratip
d)
deduktip
44.
Tembung cambaron sing tembung siji lan sijine isih duwe teges dhewe-dhewe diarani camboran …
a)
tugel
b)
wutuh
c)
tuggal
d)
wudhar
45.
Piwulang dhasar nalika arep tumindak ana ing serat wulangreh klebu piwulang ing pupuh….
a)
kinanthi
b)
gambuh
c)
sinom
d)
girisa
46.
Pupuh pocung ing serat wulangreh ngandhut piwulang babagan….
a)
laku sembah
b)
pasaduluran
c)
rasa serah dhiri
d)
nindakake ibadah
47.
Gatekna paugerane tembang ing ngisor iki!
(1). 12u,6a,8i,12a
(2). 12i,6a,8i,8a
(3) 12a,8i,8u,8i,8o
(4). 7u,10u,12i,8u,8o
Paugerane tembang gambuh di tujukake nomer….
a)
1
b)
2
c)
3
d)
4
48.
Cacahe gatra saben sapada kasebut….
a)
guru gatra
b)
pupuh
c)
pada
d)
wanda
49.
Gatekna paugerane tembang ing ngisor iki!
(1) 12u,6a, 8i, 12a.
(2) 12i, 6a, 8i,8a
(3 ) 12u,8i,8u,8i,8o
(4) 7u,10u,12i,8u,8o
Paugerane tembang megatruh di tujokake nomer….
a)
1
b)
2
c)
3
d)
4
50.
ing ngisor iki kang klebu parangane sandiwara kajeba …
a)
tema
b)
plot
c)
lakon
d)
wiraga
100 %
