Worksheetsunggah ungguh basa
Total questions: 41
Worksheet time: 36mins
jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...
basa formal - basa informal
basa tulis - basa lisan
basa ngoko - basa krama
basa gancaran - basa sastra
basa rinengga - basa madya
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
maem
mangan
madang
nedha
dhahar
Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!
Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.
Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ngoko dan krama
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngunjuk
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, dhahar
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Dhahar, nedha
Anis : mengko sore sido latihan ora san?
Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.
Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Madya
Krama Alus
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama madya
basa krama alus
Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !
Bagus : Drun, nyang endi ?
Badrun : Lapangan, melu ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul
Badrun : Ana acara ta
Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro
...
Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
basa krama madya
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
3,4,5
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
krama
Ngoko alus
Krama inggil
Krama andhap
Ngoko lugu
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.
Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .
Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.
Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.
Bapak mulih saka sawah jam sepuluh esuk.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.
Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.
Omahmu wis disapu apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .
Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?
Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?
Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?
Kowe digawakake obat saka godhong suruh.
Basa krama aluse yaiku. . . .
Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.
Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.
Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.
Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.
Mangana dhisik wae!
Yen diowahi basa krama lugu yaiku. . .
Panjenengan dhahar rumiyin mawon.
Sampeyan nedha rumiyin mawon.
Panjenengan dhahar dhisik wae!
Sampeyan nedha dhisik wae!
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 11 yaiku . . .
Lunga
Kesah
Tindak
Minggat
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 12 yaiku . . .
Mangan
Nedha
Dhahar
Maem
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 13 yaiku . . .
Mangan
Nedha
Dhahar
Maem
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 14 yaiku . . .
Tuku
Tumbas
Mundhut
Numbas
Tembung sing trep kanggo ngisi titik-titik nomor 15 yaiku . . .
Warunge
Sabine
Wandene
Pekene
Pilihen endi wae ukara kang nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki!
Bapak mau tindak menyang Solo nitih sepur.
Mbak Sari tumbas bakso wonten peken Bungkal.
Pakdhe mundhut jeruk, pelem lan manggis.
Mas Pras dhahar sega pecel ing warung Cak Man.
Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu yaiku. . .
Dhik, kowe mau digoleki mbak Sari.
Mas, sampeyan punapa ingkang bekta jeram punika?
Nuwun sewu, sampeyan punika yoganipun sinten?
Sampeyan napa sampun ningali pameran wonten Sasana Praja?
Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa Krama Alus yaiku. . .
Panjenengan midhangetaken musik punapa, Pak?
Simbah kalawau dhahar bakwan goreng.
Astanipun Mas Wahyu catu kenekan pangot.
Menda punika kagunganipun sinten?
Ing ngisor iki titikane basa krama alus yaiku. . .
Tembung kowe diganti panjenengan
Digunakake kanggo wong sing umure luwih tuwa lan duweni drajat pangkat luwih dhuwur saka awake dhewe
Migunakake tembung ngoko.
Tembung panambah di- lan -ake diganti dipun- lan -aken.
Mbah Gito kesah Rumah Sakit enjing wau kalih Mbak Rina.
Ukara kasebut migunakake basa ....
krama lugu
krama alus
ngoko
ngoko alus
ngoko lugu
Rani diutus ibuke .... gula ning warunge mbak Tutik.
Titik-titik ing dhuwur isine ....
tuku
tumbas
mundhut
pundhut
dipundhutna
Sampeyan ajang kesah dhateng pundi?
Ukura kasebut gunakke basa ....
ngoko
ngoko alus
ngoko lugu
krama alus
krama lugu
Pak Ardi astane sakit, saiki tindak menyang Rumah Sakit karo Pak Ryan.
Ukara kasebut gunakake basa ....
krama
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Basa ngoko kang kecampuran krama inggil, iku titikane basa ....
krama alus
ngoko
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
Wekdal Bapak ...., kula ....
Tembung kanggo njangkepi supaya tepat kanggo Unggah-ungguhe yaiku .....
dhahar - siram
dhahar - adus
nedha - siram
mangan - adus
mangan - siram
Tuladha basa ngoko alus ....
Pak dhe kula dereng wangsul saking kelurahan.
Pak Dhe kula sampun kondur saking kecamatan
Pak dhe nembe kemawon tindak dateng kantoripun.
Pak dhe durung sare amarga ngrampungake tugase
Pak dhe taksih dhahar kaliyan Ibu wonten warung.
Ibu .... kula, kula lajeng .... Bapak.
Tembang kanggo njangkepi supaya trep karo Unggah-ungguhe .....
nambali - nimbali
ngaturi - ngaturi
ngundang - ngundang
nimbali - ngaturi
ngundang - nimbali
Tuladha basa krama alus ....
Agamanya Bapak durung disetrika
Lik Darmaji niku sakit napa ta Kang?
Panjenengan wis maos layangku tah?
Adhik tasih dereng purun sekolah
Mangga sami dhipun dhahar
"Bu Narti, aku kok ora tau tumon Jenengan ki tindak endi wae?"
Ukara kasebut migunakake basa ....
Krama
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
"Le, mbok kowe sinau sing sregep ben lulus, sukur-sukur isa nerusake perguruan tinggi!"
Ukara kasebut migunakake basa ....
Krama
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Kula kala wau sampun diparingi arta eyang, supados dipunaturaken dumateng panjenengan.
Ukara kasebut mugunakake basa ....
Ngoko
Ngoko alus
Ngoko lugu
Krama alus
Krama lugu
Sampeyan napa sampun nate ninggalin wayang?
Ukara pihaknya kasebut migunakake basa ....
Ngoko
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama alus
Krama lugu
Bu Karti tuku gula limang kilo ing tokone Dhe Lastri.
Ukara iki migunakake basa ....
Krama
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
