NEW
Font size
WorksheetsSOAL LATIHAN PS KELAS XI
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
kang ora kalebu dasa namane tembung Pranatacara yaiku
panata adicara
pambagyaharja
panata acara
pewara
panambiwara
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ...
pambuka
rantaman adicara
isi
panutup
papan lungguhe
isine pidhato kanggo ringkes kang diandharake dening MC diarani jenis pidhato ...
pidhato pambuka
pidhato pengarahan
pidhato sambutan
pidhato peresmian
pidhato laporan
pidhato kanggo ngarahake sawijing kegiyatan diarani ...
pidhato pambuka
pidhato pengarahan
pidhato sambutan
pidhato peresmian
pidhato laporan
pidhato kanthi cara migunakake teks utawa naskah kanthi langsung diarani metode ...
naskah
apalan
impromtu
ekstemporan
campuran
tembung liyane pidhato yaiku ..
wara-wara
sesorah
pirembugan
pacelathon
wawan rembug
cara pidhato nganggo kang nganggo cathetan cilik sing isine cengkorongane pidhato, diarani ...
naskah
apalan
impromtu
ekstemporam
campuran
Struktur teks pewara kang runtut yaiku ...
salam pambuka, pambuka, panyapa, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
salam pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
salam pambuka, pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
salam pambuka, panyapa, pambuka, wosing pranatacara, panutup
salam pambuka, panyapa, pambuka, wosing pranatacara, panutup, salam panutup
kang ora kalebu kabisan kang kudu diduweni pambiwara yaiku ...
kudu nduwe persiapan kang mateng
handuweni selera humor
kudu bisa improvisasi
handuweni rupa kang ayu utawa bagus
bisa gawe penasaran lan antusiasme
keparenga kula atur uninga rerangkening adicara ing wekdal menika, pembuka, atur pambagya saking Pandhega Karang Taruna, sesorah saking Pangrasa/Bapak Lurah KAluruhan Sumbermulya, pirembagan Panitia Pengetan Dinten Kamardikan RI, lan donga/panutup. perangan kasebut diarani ...
salam pambuka
pambuka
wosing pranatacara
wusana
panutup
minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung. ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani ...
salam pambuka
pambuka
panutup
salam panutup
wosing pranatacara
perangan pidhato panutup isine yaiku babagan ...
pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kepareng rawuh
nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
sakabehe inti sari kang diaturake marang para rawuh/tamu sing kepareng rawuh
atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake pidhato
ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake nalika pidhato yaiku ...
swara lan pocapan
enggal-enggal dirampungi
nggatekake tata rakite ukara kang becik
nggunakake unggah-ungguh basa kang becik
mangerteni sapa wae sing rawuh/tamu lan swasanane, saengga bisa ngetrapake tata trapsila sing becik
patrape pranatacara kudu nuduhake tata krama utawa trapsila, bab kasebut minangka salah sawijine bab kang kudu digatekake anggone nindakake pranatacara ing babagan ...
busana
sikap
basa
ngadi sarira
titisastra
"para pepundhen, para pinisepuh ingkang dahat kinabekten". ukara iki kalebu perangan ...
salam pambuka
atur pambagyaharja
atur pakurmatan
atur puji syukur
tetepungan
Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan ...
pambuka
rantaman adicara
isi
panutup
papan lungguhe
salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antaran kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. wirama wedharing ukara iku padha karo ...
arikulasi
intonasi
lafal
vokal
wirama gendhing
mugi katentreman saha karahayon tansah hangayomi panjenengan sami. pethikan ukara ing ndhuwur kalebu peranganing pidhato kang manggon ing ...
isi
salam pambuka
purwakaning atur
pangajeng-ajeng
wasana
ing panatacara lan pamedhar sabda, anggone medharake pangandikan dirasakake tanpa jiwa lan tanpa rasa. mula banjur kepriye ...
kapireng ampang tanpa bobot
mboten angsal tanggapan
bayaranipun mirah
mboten diremeni tiyang
mboten saged wicanten
kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten ...
pranatacara
sulih kang hamangku gati
pamedhar sabda pambagya
sulih kadang besan
wakil tuan rumah
