NEW
Font size
WorksheetsPH Bahasa Jawa 7 A
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 15mins
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
tembung kramane sikil ya iku ....
suku
asta
sirah
manah
Basa ngoko lugu iku lumrahe kagunakake dening …
priyayi padha priyayi
menawa guneman dhewe utawa karo kanca raket
sanak tuwo marang sanak enom kang luwih dhuwur drajate
bojoning priyayi marang sing lanang
Dheweke adol gabah limang kintal neng selipan. Tembung-tembung neng ukara kasebut sing klebu tembung sesulih yakuwe ... .
dheweke
adol gabah
limang kintal
neng selipan
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
narasi
deskripsi
persuasi
fabel
Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....
Deskripsi
Eksposisi
Narasi
Persuasi
Gambar wayang iki jenenge . . . .
Werkudara
Janaka
Gathutkaca
Baladewa
sampeyan ajeng kesah dhateng pundi? Ukara kasebutnggunakake basa..........
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak rawuh kawratan ngasta buku. Ukara kasebut klebu basa............
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
pinter, ayu, gedhe klebu tembung...........
sesulih
aran
sifat
wilangan
lara lapa klebu tembung.....
yogyaswara
garba
plutan
saroja
sadurunge nulis karangan deskriptif kudu....
gawe salam panutup
gawe salam pambuka
nemtokake bab kang arep ditulis
wawancara marang sadhengah pawongan
sawijining teks utawa tulisan sing nggambarake sawijining obyek diarani............
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragrap, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani...........
deskriptif
induktif
ineratif
deduktif
huruf aksara jawa cacahe ana.............
20
25
30
35
murid marang guru kudu nganggo basa......
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
tembung kang nduweni teges walikan karo tembung liyane diarani.....
sinonim
antonim
hiponim
homonim
unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedek maksude diarani...........
wangsalan
parikan
cangkriman
pepindhan
ing ngisor iki kang klebu tembung lingga kejaba........
turu
laku
dus
sinambi
ing ngisor iki kang klebu jinising karangan kejaba........
narasi
persuasi
ekstemporan
deskripsi
Gineman antawisipun siswa kaliyan siswa, kedahipun siswa ngginakaken basa menapa?
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Jam setengah pitu ibu Ranti wis rawuh ing sekolahan.Ukara kasebut miturut unggah-ungguh migunakake basa....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Wong sing neng sekolah, penggawehane mulang murid-murid yaiku?
Polisi
Dokter
Guru
Penjaga
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…
Priyayi kakung marang garwane.
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Kepriye ukarane yen sliramu ndhisiki lakune wong liya?
Nuwun sewu Kepareng Kula ngrumiyini.
Kalmiit kula riyin nggih?
Amit Nggih
Kepareng ndherek langkung
yen mlaku bebarengan iku apike kepriye?
mlaku bareng ngebaki dalan
mlaku loro-loro sinambi gojeg
mlaku loro-loro
mlaku bareng sinambi geguyon
Kang kudu digatekake nalika gawekarangan, kejaba ...
nemtokake tema
milih irah-irahan
basane sing becik
nulis nganggo aksara latin
Kang ora kalebu ketrampilan dhasar maca yaiku ...
ketrampilan ngwasani mripat
ketrampilan ngwasani tembung
ketrampilan ngwasani tembung kunci
ketrampilan nulis
Cara maca kanggo nggoleki bab-bab kang wigati kanthi cepet diarani ...
cara intensif
cara skimming
cara scaning
cara ekstensif
Sekaten utawa upacara Sekaten saking tembung ...
Sadatain
Syahadat
Sahadaatain
Syahadatain
Upacara Sekaten dianakake saben tanggal ...
2
3
5
10
Basa kang biasane digunakake marang wong kang lagi tetepungan yaiku ...
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Sampeyan ajeng kesah dhateng pundi? Ukara kasebut nggunakake basa ...
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak rawuh kawratan ngasta buku. Ukara kasebut kalebu basa ...
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
sampeyan sampun nedha dereng? Ukara pitakon kuwi migunakake basa ...
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Supaya ancase kang bakal dikandhakake ana sajroning pacelathon isa ditampa kanthi cetha, rembugan kudu ...
ngambra-ambra
jumbuh karo bab kang diomongake
ngayawara
milih-milih sapa kang diajak rembugan
Panjenengan arep dhahar sakiki apa mengko?Basa kang digunakake yaiku ...
ngoko
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kang kalebu tembung aran, kejaba ...
gunung
dereng
manggis
kursi
Tembung mulang kalebu tembung ...
tembung kang digunakake kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane
tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng , rasa kaget, rasa kuciwa, rasa susah, lan rasa gumun
tembung kang gunane kanggo ngancer-nganceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran
tembung kang digunakake minangka sesulih wong, barang, utawa apa wae kang dianggep barang
Pinter, ayu, gedhe, kalebu tembung ...
sesulih
sifat
panggandheng
panyeru
kang kalebu tembung ancer-ancer kejaba ...
hore
saking
dhateng
menyang
Tembung ginambar asale saka tembung lingga gambar kawuwuhan ...
ater-ater n-
seselan -in-
seselan -an
panambang -in
Bapak priksa layang banjur dipundhut, ukara kasebut nggunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
