Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

JHS Ragam Basa Jawa

Total questions: 31

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Unggah-ungguh basa kanthi cara sing paling dhasar yaiku kaperang dadi loro. Unggah-ungguh basa ragam ..... lan ....

a)

ngoko lan krama

b)

ngoko lan madya

c)

krama lan madya

d)

krama lan krama inggil

2.

Jeneng liyane unggah-ungguh basa yaiku .....

a)

unggah-ungguh

b)

undha usuk/tingkat tutur/ speech level

c)

tata basa

d)

tata krama basa

3.

Basa ngoko mujudake basa kang lugu. Tembung lugu duwe teges kaya ing isor iki, yaiku kajaba .....

a)

sedherhana

b)

wajar

c)

prasaja

d)

alami

4.

Basa ngoko andhap (ngoko alus) sing dumadi saka tembung ngoko lan krama inggil diarani .....

a)

ngoko lugu

b)

krama alus

c)

antyabasa

d)

basaantya

5.

Basa sing ana ing tengah-tengah antarane ngoko lan krama diarani ....

a)

basaantya

b)

antyabasa

c)

basa madya

d)

madya ngoko krama

6.

"Simbah, menawi kepareng mangke sonten kula badhe sowan dhateng dalemipun Simbah." Ing ukara kasebut ana tembung sing kalebu jinise krama andhape, yaiku .....

a)

eyang

b)

kepareng

c)

Sowan

d)

dalem

7.

Ukara "Pakdhe Bambang menawi mundhut sekul kuning mesthi boten kersa ngagem tigan." kalebu jinise ragam basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Madya

d)

Krama alus

8.

"Bubar siram ibu arep tindak pasar." Ukara kasebut kalebu ukara sing nggunakake ragam basa ......

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

9.

Ing ukara krama alus iku sing ora owah yaiku tembung .....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

madya

d)

krama

10.

Miturut paugeran pandhapuke krama alus, tetembungan sing magepokan karo kewan lan tuwuhan prayogane kepriye .....

a)

ora diowahi amarga dudu manungsa

b)

diowahi manawa ana tembung krama alus

c)

diowahi dadi tembung krama lugu

d)

ora diowahi amarga ora perlu diurmati

11.

Manawa ing basa Jawa ragam krama alus, ater-ater kok- diowahi dadi ....

a)

kowe

b)

sampeyan

c)

panjenengan

d)

njenengan

12.

Camboran dak- -ne menawa dikramakake dadi .....

a)

dalem- -ipun

b)

dalem- -aken

c)

dak- -ipun

d)

dalem- -anipunaken

13.

Basa krama alus lumrahe digunakake kanggo pacelathon dening .....

a)

anak marang wong tuwa

b)

anak marang wong enom

c)

anak marang sapadha-padha

d)

wong tuwa marang anak

14.

Eyang, kalawau tilem tabuh pinten? Tembung krama alus kang durung trep ing ukara kasebut yaiku .....

a)

Eyang

b)

kalawau

c)

tilem

d)

pinten

15.

Basa krama alus bisa uga kagunakake dening .....

a)

atasan marang andhahane

b)

ibu marang bulik

c)

wong kang lagi dikenal

d)

wong kang wus akrab

16.

"Rasukanipun ingkang pethak sampun kula asta." Manut ukara iku ana tembung sing durung pener, yaiku ....

a)

pethak

b)

asta

c)

kula

d)

rasukanipun

17.

Tembung krama inggil prayogane yaiku .....

a)

dinggo ngurmarti awake dhewe

b)

dinggo ngurmati wong liya sing luwih tuwa

c)

dinggo ngajeni awake dhewe

d)

dinggo ngajeni wong sing luwih enom

18.

Wonten ing adicara pasrah panampi manten lumrahe migunakake basa .....

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko lugu

d)

ngoko andhap

19.

Ing isor iki sing kagolong contone tembung netral yaiku .....

a)

ijo

b)

kuning

c)

jeruk

d)

mlaku

20.

Unggah-ungguh basa Jawa sing kabeh leksikone awujud ngoko lan netral diarani…

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

kramantara (krama desa)

21.

"Pak Agus sampun nedha menapa dereng?" Tuturan kuwi mau nggunakake unggah-ungguh basa Jawa ragam ….

a)

ngoko alus

b)

ngolo lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

22.

Unggah-ungguh basa Jawa sing dumadi saka leksikon ngoko lan netral sarta katambahan leksikon krama inggil lan/utawa krama andhap diarani unggahungguh basa Jawa ragam ….

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

23.

"Panjenengan sida arep tindak apa ora, Mas?" Tuturan kuwi nggunakake unggahungguh basa Jawa ragam ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

24.

Unggah-ungguh basa Jawa sing leksikone dumadi saka leksikon krama kabeh lan bisa ditambah leksikon krama inggil lan/utawa krama andhap diarani unggahungguh basa Jawa ragam ….

a)

ngoko lugu

b)

madya lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

25.

Tetembungan krama sing kadhar aluse andhap yaiku ….

a)

ngoko

b)

madya

c)

krama andhap

d)

krama alus

26.

“Kula ajeng teng Semarang, sampeyan ajeng teng pundi?” Ing ukara iku tembung ajeng lan teng kalebu tembung….

a)

ngoko

b)

madya

c)

krama lugu

d)

kasar

27.

“Mangke siyang menawi siyos, bapak kula ajeng tumbas montor.” Ukara iki nggunakake unggah-ungguh basa Jawa ragam ….

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

krama kasar

d)

krama alus

28.

Undha usuk yaiku .....

a)

piranti kanggo micara

b)

piranti kanggo rembugan

c)

unggah-ungguh basa sing ngemu surasa pakurmatan

d)

undhakake basa sing sijine ngoko lan krama

29.

“Pak Bima mau (ngomong) manawa garapane bisa diklumpukake ana ing kantor guru.”. Tembung kang dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi.…

a)

ngomong

b)

sanjang

c)

matur

d)

ngendika

30.

Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa didadekake ngoko alus sing bener yaiku…..

a)

Njenengan sampun rampung anggone dhahar?

b)

Panjenengan wis rampung anggone dhahar?

c)

Sampeyan sampun rambung anggone mangan?

d)

Kowe wis rampung anggone mangan

31.

Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung kang dikurung supaya trep unggahungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi ....

a)

diparingi

b)

diwenehi

c)

diaturi

d)

dicawisi