wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian 1 Bahasa Jawa Kelas XI

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

basa Jawa kang tetembungane kacampur basa ngoko lan karma inggil yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

ing ngisor iki kang kalebu basa ngoko lugu yaiku...

a)

kancaku budal sekolah numpak sepedha

b)

Pak Camat nyuwun pirsa dalemipun Pak Kades pundi nggih?

c)

Panjenengan lho saiki ora tau nitih motor

d)

Kula remen resik resik girya amarga wonten ibu

3.

Pakdhe panjenengan kok tindakan ora ngasta jacket engko masuk angin

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

4.

Njaluk ngapura ya bu nek aku ana salah akeh karo ibu, menawa diowahi dadi basa karma alus yaiku...

a)

nyuwun pangapura ya bu kula akeh salah kalih ibu

b)

nyuwun pangapunten ya bu aku kathah salah karo ibu

c)

nyuwun pangapunten nggih bu kula kathah klentu kalih ibu

d)

nyuwun pngapunten ya bu kula kathah salah kalih ibu

5.

kowe ora tau gelem gawa tugas senengane nyonto kancane

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

6.

aku dikongkon pak lurah maring kantor, diowahi dadi basa krama lugu yaiku....

a)

aku dikengken pak lurah menyang kantor

b)

aku dikongkon pak lurah dhateng kantor

c)

kula dipunkongkon Pak lurah dhateng kantor

d)

kula dipunkengken Pak lurah dhateng kantor

7.

Dek Sinta ora gelem bali senenge dolan nang sawah, basa kramane yaiku....

a)

Dek SInta mboten Kerja kondur remenipun dolan ing sabin

b)

Dek Sinta mboten purun wangsul remenipun dolan ing sabin

c)

Dek Sinta ora kersa kondur senenge dolan nang sawah

d)

Dek Sinta ora gelem bali senenge dolan ing sabin

8.

Mbak panjenengan ora kersa dhahar soto bancar nang kene

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

9.

ngoko lugu paling trep digunakake kanggo....

a)

guru marang muride

b)

anak marang Wong tuwa

c)

wong kang orang dikenal

d)

putu marang simbahe

10.

sore iki aku arep mancing karo kancaku ing kali mburi umah, owahen dadi basa kramane....

a)

sore menika kula badhe mancing kalih kancaku ing kali wingking griya

b)

sonten menika kula badhe mancing kalih kanca kula ing lepen mburi griya

c)

sonten menika kula badhe mancing kalih kanca kula ing lepen wingking griya

d)

sonten menika kula badhe mancing kalih kanca kula ing lepen wingking dalem

11.

ing ngisor iki kang kalebu ngoko alus yaiku....

a)

aku seneng mangkat sekolah amarga ketemu kanca-kancaku

b)

Ardhi didukani Pak guru amarga ora garap pr

c)

ibu badhe tindakan dhateng kantor nitih sepedha

d)

kula lan Santo mboten siyos tumbas mendoan ing alun-alun

12.

panjenengan kala wau sampun dhahar bu?

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

13.

Panjenengan dipunaturi jumeneng sawetawis

a)

ngoko lugu

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

14.

Simbah tindak peken ngasta songsong

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

15.

Sampeyan kalawau sampun nedha?

a)

krama lugu

b)

karama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

16.

Dek Mujimin mangke kesah jam pinten?

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

17.

Retno diutus Pak guru tuku bolpen ireng nang koprasi sekolah

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

18.

Panjenengan apa mau sida kondur kok aku ora ngerti

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

19.

kang kejaba ngoko alus ing ngisor iki yaiku....

a)

Panjenengan mau apa sida sare?

b)

Mau esuk Eyang tindak pasar.

c)

bapak ngujuk kopi mau esuk nang ngarep umah

d)

wis saiki aku manut karepmu arep kepriwe

20.

ingisor iki kang ora kalebu basa ngoko lugu yaiku....

a)

sesuk aku arep tuku rames kowe titip apa ora?

b)

bu like siti miyos saka daleme mau bengi

c)

jere wingi sore arep dolan mrene kok ora sida

d)

polpen nang meja sapa sing njukut

21.

kang kejaba panggenan basa ngoko alus yaiku....

a)
  • Sedulur enom marang sedulur tuwa.

b)
  • Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.

c)
  • Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.

d)

bocah marang bocah

22.

ing ngisor kang ora kalebu basa Jawa ngoko lugu yaiku....

a)
  1. Kowe gelem turu kene, Mbak?

b)
  1. Arkhan sesuk apa sida lunga?

c)

mbak dina iki sida tindak menyang Purbalingga

d)
  1. Santi ditukokake jajan pasar?

23.

Panggonan basa ngoko lugu kang ora trep yaiku....

a)
  1. Wong enom marang wong tuwa

b)
  • Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.

c)
  • Dienggo ndhuwuran marang andhahan.

d)

Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom

24.
  • Panjenengan dipunpundhutaken jajan asking peken kalih ibu lurah, kalebu basa...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

25.

asa krama lugu yaiku...

a)

basa Jawa sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.

b)

basa jawa sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.

c)

basa Jawa sing tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan. 

d)

basa Jawa sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula.