wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Undak-Usuk Basa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ngandhap punika ingkang kalebet ukara basa ngoko alus yaiku …

a)

Apa wingi panjenengan sida tindak Semarang

b)

Aku lunga pasar cedhak kono

c)

Bapak kaliyan ibu sampun kondur

d)

Kadiparan, pekenira wingi mboya wonten ngriki

e)

Nun sewu pak, kula boten saged ndherekaken

2.

Kalawingi ing griya jenengan kados wonten tamu.

Ukara punika kalebet ukara basa …

a)

Krama inggil

b)

Krama desa

c)

Kramantara

d)

Kedhaton

e)

Madya krama

3.

Ibu mundhut apel badhe dipunparingaken mbakyu.

Basa sing digunakake yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

4.

Sore-sore arep tindak ngendi, Dhe?

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

5.

Benjing Setu bapak diaturi tindak nggih, Dhik!

Basa kang digunakake yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

6.

Dhek wingi sore ngendikane bapak tindak mrene.

Basa kang digunakake yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

7.

Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

8.

Dados lare kedah manut kaliyan pangandikanipun bapak lan ibu guru.

Basa kang digunakake yaiku ….

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama madya

d)

Krama

e)

Krama inggil

9.

Basa kang digunakake kanggo wong kang lagi wae kenal yaiku ….

a)

Krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

e)

Krama andhap

10.

Mangga Pak, konduripun kula dherekaken.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

e)

Krama andhap

11.

Basa ngoko andhap/alus digunakake kanggo …

a)

Wong sing lagi kenal

b)

Wong sing padha tuwane

c)

Wong enom marang wong tuwa sing isih ngajeni

d)

Bocah marang wong tuwa

e)

Wong kang wis suwe kenal

12.

Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku…

a)

Kulo boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng lan

ngendikan

b)

Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?

c)

Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo

d)

Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan

kaliyan panjenengan

e)

Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat

13.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para

tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa

kang digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

14.

Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan

dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

15.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le!

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

16.

Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi

sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

17.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas

nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi

yaiku ….

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

18.

Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang

digunakake yaiku …

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

19.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama inggil

d)

Krama andhap

e)

Ngoko lugu

20.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit, ukara kasebut gunakake

ukara...

a)

Krama

b)

Ngoko alus

c)

Krama andhap

d)

Krama inggil

e)

Ngoko lugu