wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN AKHIR SEMESTER BAHASA JAWA

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.
1. Drama yaiku salah sawijining karya sastra sing nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik sing dialami kanthi pacelathn lan tindak tanduk ing ndhuwur panggung. Miturut jinising pementasan drama bisa digolongake dadi 4 yaiku …
a)
A. Drama tragedi, komedi,melodrama,dhagelan.
b)
B. Drama tragedi, komedi, tradisi, konvensional
c)
C. Drama tragedi, komedi, konvensional, kuno
d)
D. Drama tradisional, tragedi,komedi,kontemporer.
2.
2. Sawijining kegiatan pementasan ing panggung kang bisa mujudake panguripan saben dina ,sing nggambarake kadadeyan ing masyarakat, diarani . …
a)
A. dongeng
b)
B. mite
c)
C. drama
d)
D. fabel
3.
3. Ing sawijining drama iku biasane kang dicritakake yaiku …
a)
A. prastawa kang kadadeyan ing masyarakat.
b)
B. prastawa kang durung kadadeyan
c)
C. kadadeyan kang dumadakan
d)
D. prastawa kang arep kadadeyan.
4.
4. Ing sajroning crita drama iku ana sawijining struktur kang jinising ana kang arupa unsur intrinsik lan ana kang arupa unsur ekstrinsik ing antarane 1.tema 2.plot 3. Politik 4.sosial 5. tokoh 6. Latar 7.amanat 8.ekonomi. unsur kang kalebu intrinsik yaiku ...
a)
A. 1, 2, 3, 4, 5
b)
B. 3, 4, 5, 6, 7
c)
C. 4, 5, 6, 7. 8
d)
D. 1, 2, 5, 6, 7
5.
5. Miturut wujude drama iku ana kang awujud modern lan ana kang awujud tradisional. Kang kalebu drama tradisional yaiku ….
a)
A. kethoprak
b)
B. opera
c)
C. rok opera
d)
D. melodrama
6.
6. Sawijining paraga utama kang tumindak apik, sabar, sopan santun ing sajroning drama diarani .…
a)
A. antagonis
b)
B. protagonist
c)
C. tritagonis
d)
D. trigonis
7.
7. Paraga utama kang nindakake ayahan minangka panengah kang dadi paraga kanggo nentremake swasana diarani ….
a)
A. antagonis
b)
B. antigonis
c)
C. protagonis
d)
D. trigonis
8.
8. Paraga utama kang tumindak ala, nduweni watak cugetan, judes,gampang nesu, daksiya marang liyan ing sajroning drama diarani ….
a)
A. antagonis
b)
B. antigonis
c)
C. protagonis
d)
D. Trigonis
9.
9. Drama tradisional iku nduweni tata cara lan aturan-aturan utawa pakem-pakem kang akeh banget, drama sing ndhobrak tata cara drama konvensional yaiku …
a)
A. Drama kontemporer
b)
B. Drama kang kuno.
c)
C. Drama tradisional
d)
D. Drama dagelan.
10.
10. Crita ing ndhuwur iku nyritakake kedadeyan ing....
a)
A. Karang Wulusan
b)
B. Desa dhadhapan
c)
C. Ing tengah kali
d)
D. Sajroning Padhepokan
11.
11. Sawijining memungsuhan antarane paraga protagonis karo antagonis ing sajroning drama diarani ….
a)
A. dialog
b)
B. epilog
c)
C. konflik
d)
D. prolog
12.
12. Paraga ing crita Andhe-Andhe Lumut sing bener ing antarane yaiku....
a)
A. Kleting Kuning, Kleting Abang, Andhe-Andhe Lumut,...
b)
B. Yuyu Kangkang, Mbok Randha Dhadhapan, Kleting Ireng ...
c)
C. Andhe-Andhe Lumut,Kleting Ijo, Pendhita Pratapa ...
d)
D. Bango Thontong, Mbok Randha Karang wulusan, Bulus,...
13.
13. Andhe-Andhe Lumut mudhun saka panggone semedi ing Sanggar Pamujan kang sejatine ...
a)
A. Putra Jenggala
b)
B. Bango Thonthong
c)
C. Panji Asmara
d)
D. Dewi Sekartaji
14.
14. Kleting Kuning iku sejatine....
a)
A. Putri pratapa
b)
B. Putra Daha
c)
C. Putri Jenggala
d)
D. Bango Thonthong
15.
15. wacane ....
a)
A. Prabu Pandhu Dewanata raja Astina.
b)
B. Janaka iku satriya ing Madukara.
c)
C. Prabu Puntadewa raja ing Amarta.
d)
D. Prabu Watugunung raja ing Gilingwesi.
16.
16. wacane ….
a)
A. Pak kyai nganggo jubah.
b)
B. Pak kyai nganggo kopyah.
c)
C. Sang kyai nganggo jubah.
d)
D. Sang kyai nganggo kopyah.
17.
Pranyatan ing ndhuwur kang bener kabeh yaiku ….
a)
A. 1, 2, 3
b)
B. 2, 3, 4
c)
C. 1, 3, 4
d)
D. 1, 2, 4
18.
Pranyatan ing ndhuwur kang bener yaiku ….
a)
A. 1, 2, 3
b)
B. 1, 3, 4
c)
C. 2, 3, 4
d)
D. 1, 2, 4
19.
19. Sadurunge panulisan palaporan salah sijine kegiatan katindakake supaya ora ana sing kaliwatan apa kang kudu ditulis lan supaya bisa runtut anggone nulis sarta kepenak anggone maca mula kudu luwih dhisik ….
a)
A. Nulis cengkorongane
b)
B. Nulisake tujuane
c)
C. Nemtoake temane
d)
D. Nemtoake isine
20.
20. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Wetan mligine menyang Wisata Bahari Lamongan ( WBL) lan ngidentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL iku kalebu ….
a)
A. Cengkorongane palaporan
b)
B. Tujuane palaporan
c)
C. Temane palaporan
d)
D. Isine palaporan
21.
Urutan kang leres yaiku...
a)
A. 1,2,3,4,5,6,7
b)
B. 2,1,4,3,5,7,6
c)
C. 2,1,3,4,5,6,7
d)
D. 1,3,2,4,5,6,7
22.
22. Kegiyatan karya wisata katindakake ing dina jum'at nganti senin tanggal 22 nganti 25 Maret 2018. Pranyatan kang mangkono iku kalebu ….
a)
A. Latar belakang
b)
B. Jeneng kegiatan
c)
C. Waktu kegiatan
d)
D. Diskripsi kegiatan
23.
23. Pranyatan ing ngisor kang kalebu panutuping palaporan kegiyatan yaiku ….
a)
A. Kegiyatan karya wisata katindakake ing dina jum at nganti senin tanggal 22 nganti 25 Maret 2018
b)
B. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Wetan mligine menyang Wisata Bahari Lamongan ( WBL) lan ngidentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL.
c)
C. Laporan kegiyatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiyatan wis rampung katindakake.
d)
D. Kegiyatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab-bab kang bisa disinaoni kanthi langsung.
24.
24. Kegiyatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab-bab kang bisa disinaoni kanthi langsung. Pranyatan kasebut kalebu ….
a)
A. Panutuping palaporan kegiyatan.
b)
B. Pambukaning palaporan kegiyatan
c)
C. Kaleksanane palaporan kegiyatan
d)
D. Wektu arep nindakake kegiatan.
25.
25. Kegiyatan karya wisata wis katindakake ing dina jum at nganti senin tanggal 22 nganti 25 Mei 2018. Pranyatan iku kalebu ….
a)
A. Jenenge kegiatan
b)
B. Wektu kegiatan
c)
C. Acara kegiatan
d)
D. Rencana kegiatan
26.
26. Stuktur teks laporan kegiyatan ing ngisor ngendi sing bener. Coba aranana.
a)
A. Pambuka
b)
B. Pambuka, isi
c)
C. Pambuka, panutup
d)
D. Pambuka,isi,panutup.
27.
27. Yogyakarto kondhang minangka jujugan wisata tumprap wisatawan domestic lan wisatawan manca Negara. Ora aneh, jalaran Yogyokaro pancen bener-bener panggonan kang nyenengake. Ukara iku minangka pratelan ngenani panggonan wisata kang kalebu ing ….
a)
A. Latar belakang
b)
B. Jeneng kegiatan
c)
C. Waktu kegiatan
d)
D. Diskripsi kegiatan
28.
28. Teks laporan observasi kudu ditulis nggunakake basa sing gamblang,gampang dimangerteni, lan ora mbuleti,nduweni tujuwan supaya….
a)
A. ora gampang / luwih angel dimangerteni
b)
B. supaya sing maca bisa gampang mangerteni hasil laporan
c)
C. supaya teks bisa dimangerteni tanpa maca isi laporan
d)
D. bisa ndadekake wong ora mangerteni isi amarga mbulet
29.
29. Cekap semanten, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Ukara iki mujudake bageyan pidhato kang diarani….
a)
A. Atur pangapunten
b)
B. Atur panutup
c)
C. Atur Pambagyo
d)
D. Atur Kinurmatan
30.
30. Ing sajroning pidhato kang isine ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung diarani ….
a)
A. Purwaka
b)
B. Salam pambuka
c)
C. Isi
d)
D. Pangarep-arep
31.
31. Ing sajroning pidhato kang isine ngandharake pangucap salam marang para amu kanggo tandha atur pakurmatan diarani ….
a)
A. Purwaka
b)
B. Salam pambuka
c)
C. Isi
d)
D. Pangarep-arep
32.
32. Ing ngisor iki kang mujudake bageyane pidhato utawa sesorah yaiku….
a)
A. Pambuka, isi, Panutup
b)
B. Pambuka, Kata Pengantar, Panutup
c)
C. Pambuka, isi, Panutup, Atur Kinurmatan
d)
D. Pambuka, isi, dudutan/pamrayoga, panutup
33.
33. Panutuping atur ana ing sajroning tanggap wacana bisa kawaca ana ing ukara ...
a)
A. Sugeng siyang
b)
B. Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh.
c)
C. Wasana cekap samanten atur kula, matur nuwun.
d)
D. Kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para rawuh sedaya.
34.
34. Tanggap wacana yaiku ngendika ana ing sangarepe wong akeh kanthi tujuan kang gumathok.Ing sajroning tanggap wacana kudu kaemot perkara- perkara kang bakal diandharake kanthi rantaman-rantaman pokok yaiku: 1. Purwaka,2.isi,3. Salam pambuka,4.pangarep-arep,5.dudutan,6. Panutup. Coba urutna rantaman pidato / tanggap wacana iku !
a)
A. 3-1-2-5-4-6
b)
B. 3-1-2-4-5-6
c)
C. 1-2-3-4-5-6
d)
D. 1-2-4-3-5-6
35.
35. Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani , sekedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan SMP N 2 WARU menika. Pramila,mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing penggalih panjenengan sedaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten. Pethikan saka sesorah ing ndhuwur yaiku, kalebu bagian sesorah…..
a)
A. Purwaka Basa
b)
B. Wasana Basa
c)
C. Surasa Basa
d)
D. Pangarep-arep
36.
36. Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. pethikan sesorah ing ndhuwur kalebu sesorah babagan…..
a)
A. Pangarep-arep
b)
B. Salam Pambuka
c)
C. Salam Panutup
d)
D. Surasa Basa
37.
37. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani pidhato ….
a)
A. Resmi
b)
B. Ora resmi
c)
C. Setengah resmi
d)
D. Guyonan
38.
38. Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lesan ing sakngarepe wong akeh. Yen pidhato iku ditindhakake nalika ing acara pahargyan kang tujuwane gawe sumringah lan nyenengake nganggo basa kang kepenak. Pidhato kang diandharake ing ngarep nduweni tujuwan kanggo ….
a)
A. Menehi hiburan
b)
B. Menehi kawruh
c)
C. Pangajak-ajak.
d)
D. Menehi pengaruh
39.
39. Assalamu'alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh.Pethikan sesorah ing ndhuwur kalebu sesorah babagan ....
a)
A. Salam pambuka
b)
B. Wasana Basa
c)
C. Surasa Basa
d)
D. Pangarep-arep
40.
40. Paraga ing Gambar iki minangka salah sawijining paraga kang arane kleting abang, kleting kuning lan ana uga mbok Randha ndhadhapan. Iku mujudake crita kang kanthi irah-irahan ….
a)
A. Jaka Tarub
b)
B. Bawang Putih
c)
C. Brambang Abang
d)
D. Andhe-andhe Lumut
41.
Ana ing sajroning pacelathon ing ndhuwur paraga Anik migunaake basa ….
a)
A. Ngoko lugu
b)
B. Ngoko andhap
c)
C. Krama lugu
d)
D. Krama andhap
42.
42. Paraga Pak Karji migunakake basa ….
a)
A. Ngoko lugu
b)
B. Ngoko andhap
c)
C. Krama lugu
d)
D. Krama andhap.
43.
43. Unggah ungguhing basa kang digunakake ana ing sajroning pacelathon ana kang awujud ngoko andhap kang tegese ….
a)
A. Ngoko kabeh lan ora kacampuran basa liyane.
b)
B. Ngoko kang kacampuran basa krama.
c)
C. Basa kang wujude krama inggil kabeh.
d)
D. Basa kang digunakake kang sapadha-padha.
44.
Pethikan teks drama ing ndhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane …
a)
A. Eksposisi
b)
B. Klimaks
c)
C. Komplikasi
d)
D. Ending
45.
45. Ing wektu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho lan kanca-kancane sing isih ngamen ing prapatan lampu merah padha drodosan kringete gulune krasa garing, mula iku arep tuku es kanggo nelesi gulune. Nanging ora adoh saka karo ana bocah kang pinggir dalan lan katone lagi bingung.Paragraph iku miturut struktur teks kalebu perangane ….
a)
A. Eksposisi
b)
B. Klimaks
c)
C. Komplikasi
d)
D. Ending
46.
46. Plot utawa alur iku rerangkenan sing ngrakit crita ing naskah drama. Kang kalebu perangane plot yaiku ….
a)
A. Eksposisi ,Klimaks, prolog, dialog
b)
B. Eksposisi ,Klimaks, prolog, tokoh
c)
C. Eksposisi ,Klimaks, Komplikasi, prolog.
d)
D. Eksposisi ,Klimaks, Komplikasi, Ending.
47.
47. Struktur teks drama sing ngrakit perkara utawa masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani ….
a)
A. Tema
b)
B. Tokoh
c)
C. Plot
d)
D. Amanat
48.
48. Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sifat lan perilaku tokoh sing kudu diperagakake, latar/setting nalika kadadean lumaku ing teks drama wujude ….
a)
A. Gancaran
b)
B. Dialog
c)
C. Puisi
d)
D. Geguritan
49.
49. Kethoprak lan ludruk iku kalebu kesenian tradisional amarga ….
a)
A. Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdeka
b)
B. Mung bisa nggelarake crita panguripan bangsawan Kraton
c)
C. Digelar kanthi alat music, busana tradisional lan crita tradisional
d)
D. Digelar kanthi music modern , busana lan crita modern
50.
50. Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani ….
a)
A. Tema
b)
B. Tokoh
c)
C. Plot
d)
D. Amanat