NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsPRA ASTS BAHASA JAWA
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Name
Class
Date
1.
Pranyatan ing ngisor iki kang nuduhake tuladha purwakanthi swara yaiku ....
a)
yen dadi siswa, dadia siswa kang becik
b)
yitna yuwana lena kena
c)
sluman slumun slamet
d)
bibit bobot bebet
2.
Kala kula kelas kalih kula kelangan kalung. Reroncening tembung iku migunakake purwakanthi ....
a)
purwakanthi lumaksita
b)
purwakanthi sastra
c)
purwakanthi swara
d)
purwakanthi gatra
3.
Ana ing ngisor iki kang nuduhake tuladha purwakanthi basa lumaksita yaiku ....
a)
tata titi tentrem
b)
gemi setiti ngati-ati
c)
sapa salah bakale seleh
d)
yen dadi siswa, dadia siswa kang utama
4.
Geguritan iku nduweni basa kang mentes. Kang diarani mentes yaiku ....
a)
basane duwe purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita.
b)
basane kasusun saka tembung-tembung pilihan.
c)
basane duwe makna kang jero.
d)
basane ora nggladrah.
5.
Tembung-tembung ngisor iki endi kang mawa seselan -in-?
a)
Angin tumiyup alon nerjang gegodhongan.
b)
Lampu-lampu padha murup pating kerelip ing pinggiring dalan.
c)
Ing sawah kang wiyar winih tetanduran katon ijo royo-royo.
d)
Ora krasa jebul jenengmu wis tinulis ing atiku.
6.
Seselan ugi saged andadosaken basa ing geguritan katon endah. Tembung ing ngandhap menika ingkang mawa seselan -um- wonten ing ukara ....
a)
Naskah kuna iki tinulis kanthi rapi.
b)
Pancawati dadi putra kinasihe Pak Budi.
c)
Lintang-lintang ing langit katon pating krelip.
d)
Bareng dadi pejabat dheweke saiki gumedhe.
7.
“Ora rina kang tak tunggu, dudu wengi kang tak antu-antu.” Tembung rina ing ukara kasebut nduweni teges ....
a)
esuk
b)
awan
c)
sore
d)
bengi
8.
Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Apa sing dikarepake ana ing pethikan geguritan ing kasebut?
a)
Jaman wis mardika
b)
Jaman dijajah landa
c)
Jaman perang kamardikan
d)
Sadurunge jaman reformasi
9.
Ajining dhiri iku saka lathi, duweni karep ....
a)
ajining dhiri gumantung saka kapinteran.
b)
ajining dhiri gumantung saka omongane.
c)
ajining dhiri gumantung saka busanane.
d)
ajining dhiri gumantung saka pangkate.
10.
Menawa maca geguritan pangucape a, å, i, o, é, è, ê, ta, tha, da, dha kudu cetha, pener, jelas, lan ora blero. Kang mangkono mau diarani nggatekake....
a)
wirasa
b)
wicara
c)
wirama
d)
wiraga
11.
Obahing awak utawa mobah mosiking perangan badan kudu luwes aja katon yen digawe-gawe nalika maca geguritan, bab iku diarani nggatekake ....
a)
wiraga
b)
wirasa
c)
wicara
d)
wirama
12.
Dito anggone maca geguritan kanthi tema perjuangan, pamacane gurit sero lan semangat. Bab iki ateges Dito bisa ngecakake….
a)
wicara
b)
wirasa
c)
wiraga
d)
wirama
13.
Anggone maca geguritan Dito uga ora ninggalake bab wirasa, amarga wirasa iku…
a)
lirih lan serone swara
b)
cetha lan orane swara
c)
rasa pangrasane pocapan
d)
munggah mudhune swara
14.
Ing ngisor iki carane nulis geguritan, kajaba ....
a)
nulis judhul kang trep karo isine
b)
nemtokake undheraning rembug/perkara
c)
milih tetembungan kang apik digunakake
d)
ngrakit tembung kang trep karo undheraning rembug
15.
Gagasan pokok kang arep ditulisake ing geguritan diarani ....
a)
ide geguritan
b)
basa geguritan
c)
endahe geguritan
d)
rerenggan geguritan
16.
Nalika nulisake geguritan panganggit biasane migunakake lelewaning basa. Ing ngisor iki kang ora kalebu lelewaning basa yaiku ....
a)
personifikasi
b)
pepindhan
c)
metafora
d)
seselan
17.
Lelewaning basa kang nggambarake barang-barang kaya-kaya urip utawa duwe nyawa lan nduwe sipat kaya uwong, diarani ....
a)
repetisi
b)
metafora
c)
pepindhan
d)
personifikasi
18.
Dipungatekake andharan ing ngisor menika!
1. Jaman saiki para mudha kurang tata ing pasrawungan.
2. Manuk-manuk padha menehi panglipur tumrap kesedhihan.
3. Watu-watu minangka seksi katresnanku iki.
4. Wit-witan ing kene sing ngancani, nalika aku ngenteni sliramu.
Endahe geguritan iku kejawi migunakake purwakanthi, wangsalan, ugi lelewaning basa. Adhedhasar andharan ing nginggil pundi kang kalebet lelewaning basa?
a)
1, 2, 3
b)
1, 2, 4
c)
1, 3, 4
d)
2, 3, 4
19.
Tembung wadon duwe teges kaya ing ngisor iki, kajaba....
a)
estri
b)
putri
c)
wedok
d)
jaler
20.
Kawruh Basa kadhapuk saka tembung kawruh lan basa. Tembung kawruh tegese ....
a)
ngerti
b)
tuturan
c)
omongan
d)
unen-unen
21.
Adhedhasar pranyatan ing ngisor kang kalebu unen-unen paribasan yaiku ....
a)
nomer 1 lan 2
b)
nomer 1 lan 4
c)
nomer 2 lan 3
d)
nomer 2 lan 4
22.
Nuturi putra boten namung ngangge swara, nanging tumindake tiyang sepuh ugi kedah saged kangge tuladha kang putra. Paribasan kang mathuk kanggo pranyatan kasebut yaiku ....
a)
ing madya mangun karsa
b)
ing ngarsa sung tuladha
c)
jer basuki mawa bea
d)
tut wuri handayani
23.
Tiyang sepuh ingkang boten adil kaliyan para putranipun, jalaran saben dinten asring mbedak-mbedakake, bebasanipun ....
a)
kadang konang
b)
kebanjiran segara madu
c)
diwenehi ati ngrogoh empela
d)
emban cindhe embang siladan
24.
Bebasan ‘kegedhen empyak kurang cagak’ duwe teges ....
a)
keladuk panjangkane
b)
panjangkane ora ana nyatane
c)
panjangkane salaras karo kahanan
d)
kegedhen panjangka kurang sarana
25.
Unen-unen ‘kebo nusu gudel’ kalebu jinising ....
a)
paribasan
b)
bebasan
c)
saloka
d)
sanepa
26.
Pak Sarjono wis suwe kerja ing Sumatera, nalika pensiun Pak Sarjono kondur ing desa anggone lair, yaiku ana ing Bantul. Saloka kang trep kanggo andharan kasebut yaiku ....
a)
kutuk marani sunduk
b)
gajah alingan suket teki
c)
njagakake endhoke si blorok
d)
kebo mulih menyang kandhange
27.
Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kajaba ....
a)
belo melu seton
b)
ana catur mungkur
c)
gajah ngidak rapah
d)
bebek mungsuh mliwis
28.
Berliana iku bocah sing akeh omonge uga akeh critane, saben didhawuhi apa wae bisa dileksanakake kanthi beres bisa ngrampugi gaweane. Bocah kaya mangkono iku paribasane...
a)
ciri wanci lalai ginawa mati
b)
ana catur mungkur
c)
kementhus ora becus
d)
criwis cawis
29.
Putri karo Vera iku wiwit mau akeh omonge, sing diomongke ana-ana wae. Siji omong sijine nanduki gentenan ora entek-entek sing diomongke. Bocah loro iku bebasane ....
a)
kemladeyan ngajak sempal
b)
kaya banyu lan lenga
c)
tumbu oleh tutup
d)
tulung menthung
30.
Adinda : “De, kok umak-umik lagi ngapalake apa?”
Dea : “Lagi sinau bab wangsalan kanggo ulangan basa Jawa.”
Adinda : “Yen ngono tak takon De, wangsalan iku apa?”
Dea : “.... ”
Wangsulane Dea kang trep kanggo ngisi titik-titik ing ndhuwur yaiku ... .
a)
wangsalan yaiku unen-unen kang panganggone mawa gegambaran
b)
wangsalan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara
c)
wangsalan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan nduweni teges entar (kiasan)
d)
wangsalan yaiku unen-unen kang batangane dikandakake kanthi samar ing ukara mburine
31.
Pranyatan ing ngisor iki endi kang nuduhake tuladha wangsalan?
a)
damen-damen pari-pari, biyen-biyen saiki-saiki
b)
klapa mudha, leganana rasane atiku iki
c)
emban cindhe emban siladan
d)
pitik walik saba kebon
32.
Witing pari, dimen lara ati. Witing pari batangane apa?
a)
kalanjana
b)
merang
c)
damen
d)
lamen
33.
Kapi kresna, mutungan nora prayoga. Batangan saka wangsalan kapi kresna yaiku ....
a)
kethek
b)
kresna
c)
lutung
d)
utang
34.
Yen tumandang gawe aja ngembang asem, kesusu-susu iku ora apik. Kembang asem batangane ....
a)
maya
b)
karuk
c)
menik
d)
klungsu
35.
Dina Senin para siswa kelas 8.3 sinau basa Jawa, Bu Arin ngandharake materi bab panyandra. Ing ngisor iki pranyatan kang trep karo materi panyandra yaiku ....
a)
ukara kanggo nggambarake endahe perangane awak
b)
basa kang salah ning wis lumrah digunakake
c)
tembung loro kang nduweni teges padha
d)
unen-unen kang meh padha cangkriman
36.
Alan iku bocah kang nduweni untu cilik-cilik racak. Untune Alan kang kaya mangkono iku panyandrane ....
a)
untune miji timun
b)
untune gingsul
c)
untune griwing
d)
untune miji semangka
37.
Panyandra kanggo nggambarake mripat kang amba lan katon bening yaiku ... .
a)
mblalak-mblalak
b)
ngombak banyu
c)
nanggal sepisan
d)
mucuk eri
38.
Tembung saroja iku loro tembung kang nduweni teges sing padha utawa meh padha. Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane tembung saroja yaiku ... .
a)
babak bundhas
b)
sanak sedulur
c)
ngedab-ebapi
d)
colong jupuk
39.
Wayang minangka salah satunggaling wujud kabudayan Jawa kang adi ... mula kudu diuri-uri.
a)
peni
b)
guna
c)
luhur
d)
luhung
40.
Para siswa nindakake olah raga supaya awake tansah bagas ....
a)
bundhas
b)
waras
c)
prakosa
d)
belur
Reset
