wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TRYOUT PSAJ BAHASA JAWA

Total questions: 50

Worksheet time: 55mins

Name
Class
Date
1.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

2.

Wangsulana pitakonan kasebut

a)
b)
c)
d)
3.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

e)

tha

4.

Pandhawa kuwi cacahe ana lima. Urut-urutane Pandhawa yaiku ....

a)

Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa

b)

Yudhistira, Bima, Nakula, Sadewa, Arjuna

c)

Yudhistira, Arjuna, Bima, Nakula, Sadewa

5.

Gambar wayang ing duwur yaiku ...

a)

Kurawa

b)

Punakawan

c)

Pandhawa

6.

Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika, para siswa sampun sami tepang kaliyan ……………. menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu guru menapa sampun sami tepang?”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika……

a)

kanca-kanca

b)

rencang-rencang

c)

para sedulur

d)

bapak saha ibu guru

e)

sekolahanipun

7.

Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?”

Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”

Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....

a)

wangsul

b)

kondur

c)

tindak

d)

kesah

e)

bali

8.

Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”

Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko

e)

krama inggil

9.

Titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...

a)

ora kaiket paugeran tartamtu

b)

lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra

c)

diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit

d)

guru lagune pinathok

e)

isih ngugemi anane guru wilangan

10.

ING NGISOR IKI JODOHAKE JENIS LAYANG KARO TULADHANE

a)
1.

LAYANG ULEM

b)
2.

LAYANG KITIR

c)
3.

LAYANG LELAYU

11.

Ngisor iki kang kudu digatekake nalikane ngaturake panatacara, kajaba ...

a)

swara kan cetha lan endah supaya kepanak dirungokake.

b)

Panatacara ngagem busana kang bener lan pener, laras karo kahanan utawa kaperluwan.

c)

tatakrama kang becik supaya panatacara duweni kawibawan kang sae.

d)

Basa kang digunakake panatacara bener, pener, becik, endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif.

e)

dhahar kang kathah supaya kuat anggone ngaturake panatacara.

12.

Panatacara menika saking tembung ...

a)

pranata lan cara

b)

panata lan cara

c)

pranata lan adicara

d)

pranatacara

e)

nata acara

13.

Ngisor iki kang kudu digatekake nalikane ngaturake panatacara, kajaba ...

a)

swara kan cetha lan endah supaya kepanak dirungokake.

b)

Panatacara ngagem busana kang bener lan pener, laras karo kahanan utawa kaperluwan.

c)

tatakrama kang becik supaya panatacara duweni kawibawan kang sae.

d)

Basa kang digunakake panatacara bener, pener, becik, endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif.

e)

dhahar kang kathah supaya kuat anggone ngaturake panatacara.

14.

Sora lan lirihipun swanten,rindhik lan rikatipun pangandikan kasebut ....

a)

Wirama

b)

Wiraga

c)

Wirasa

d)

Wirupa

15.

Luwes,mboten ingah ingih dipun wastani ....

a)

Mawastha

b)

Malagawa

c)

Matanggap

d)

Malaksana

16.

Amrih lampahing acara saged sae lan kasil,pranatacara kedah nggatosaken ....

a)

Apal urut urutanipun acara

b)

Tumngkul

c)

Asring mirsani catetan

d)

Asring kukur kukur

17.

Bab engkang kedah kasingkiri deneng pranatacara inggih punika ....

a)

Nderek ngenut lampahing acara

b)

Tumanggap lan nuhoni

c)

Tumungkul

d)

Damel keprananing para tamu

18.

"Pungkasaning atur kula,wassallamuallaikum Wr.Wb."

Wacana ing nginggil wonten ing pranatacara manggen wonten ....

a)

Atur pambuka

b)

Acara inti

c)

Maosaken acara

d)

Panutup

19.

Salah satunggaling tiyang engkang saged lan mumpuni mranata satunggaling acara kasebut ....

a)

Sesorah

b)

Pranatacara

c)

Gineman

d)

Mawastha

20.

urut-urutane perangan teks panatacara ...

a)

salam pambuka - isi- panutup

b)

pambuka - bakuning adicara - panutup

c)

salam pambuka - bakuning adicara - panutup

d)

Salam pambuka - isi - salam panutup

21.

Sarat panatacara iku wewujudane rupa, endahe sastra lan nyandhang penganggo kang trep, pantes lan jangkep diarani

a)

maraga

b)

magatra

c)

malagawa

d)

mawat

22.

Pengumuman utawa wara wara kang isine nawakake barang barang utawa jasa diarani.....................

a)

crita rakyat

b)

pawarta

c)

pariwara

d)

pengumuman

e)

berita

23.

Ing ngisor iki kang ora klebu titikane pariwara yaiku....

a)

Narik kawigaten

b)

Basane prasaja lan gampang dingerteni

c)

Ukarane cekak aos

d)

Kudu ana gambare

24.

Ing ngisor iki kang ora klebu jinis pariwara miturut wos utawa isine yaiku....

a)

Politik

b)

Kesehatan

c)

Lowongan

d)

Layanan Masyarakat

25.

Pariwara kanggo narik kawigaten lan ndayani

konsumen supaya ketarik marang prodhuk kang

ditawakake. Ukara ing dhuwur klebu tegese salah siji jinis pariwara miturut gunane yaiku....

a)

Informatif

b)

Impulsif

c)

Normatif

d)

Persuasif

26.

Ing tuladha pariwara iki ana ukara "Bejo Teko, Angin Lungo" tegese ukara iki yaiku....

a)

Wong beja kang teka marai angin padha lunga

b)

Tekane Pak Beja bareng karo angin kang lunga

c)

Bejo(Bintang Toedjoe) kang bisa nambani masuk angin

d)

Pak Bejo bisa nambani masuk angin

27.

Tuladha pariwara iki yen miturut wos utawa isine klebu jinis pariwara yaiku....

a)

Politik

b)

Pendidikan

c)

Kesehatan

d)

Lowongan

28.

Iklan kang apik iku kudu nduweni... .

a)

Basa kang ngayawara

b)

Wektu panayangan kang dawa

c)

Ancas kang gampang dimangerteni

d)

Merek kang kondhang

e)

Basa kang ndakik-ndakik

29.

Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.

Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambimolet)

Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.

Salim : Padha… Aku iya. Amerga… aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)

Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak duraka kowe iku Lim… Lim…, dikongkon mbokmu jaga toko kok malah dolan.

Saka punggelan teks drama ing dhuwur setting panggonan lan wayahe, yaiku ...

a)

Ing ngarep omah wayah isuk

b)

Ing bug prapatan wayah bengi

c)

ing bug prapatan wayah sore

d)

ing tengah desa wayahe sore

30.

Unsur unsur intrinsik kang ana ing sajrone sandiwara ing ngisor iki kecuali.....

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Alur

d)

Irah irahan

31.

Katrangan kang cocok saka teks sandiwara kasebut yaiku ...

a)

Yulindar ora bali neng ngomah banjur digoleki wong tuwane

b)

Wong tuwane kuatir karo kahanane Yulindar kang ora kaya biasane

c)

Masdar nyalahake Sumyah kang ora ngurusi Yulindar

d)

Yulindar ana masalah karo wong tuwane

32.

Pacelathon antarane Kasini lan Yulindar ditindakake ing...

a)

Pasar

b)

Njero angkot

c)

stasiun

d)

pangkalan ojek

33.

(Ana ing tengah ndalan, nalika Raden Inu Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke banjur malih

wujud dadi manuk gagak lan arep nyilakani Raden Inu Kertapati.)

Mbah Dhukun   : “Raden, panjenengan badhe tindak pundi?"

R.Inu Kertapati  : “Aku arep nggoleki Candra Kirana. Ana apa kowe kok ngalangi lakuku."

Mbah Dhukun   : “Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi pirsa bilih Candra Kirana wonten ing

satengahing alas."

R.Inu Kertapati  : “Apa bener?"

Mbah Dhukun   : “Inggih Raden!"

R.Inu Kertapati  :  “Tak cekel omonganmu!"

Crita ing ndhuwur kadadeyan ing ...

a)

tengah dalan

b)

tengah omah

c)

tengah alas

d)

keraton

34.

Perangan saka crita Sandiwara kanggo nggampangake nindakake alur utawa dalane crita diarani ...

a)

dialog

b)

babak

c)

sutradara

d)

skenario

35.

Gatekna pratelan iki!

I. Klimaks

II. Padudon

III. Pangenalan

IV. Pamungkasan

Urutane alur sandiwara sing bener saka kawitan nganti pungkasan yaiku ….

a)

I - II - III - IV

b)

II - III - IV - I

c)

III - IV - I - II

d)

III - II - I - IV

e)

IV - I - II - III

36.

Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”

Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”

Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama

d)

ngoko

e)

krama inggil

37.

Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah…

a)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”

b)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”

c)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”

d)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”

e)

“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”

38.

Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol. Ragam basa kang digunakake yaiku.…

a)

Ngoko lugu

b)

Krama alus

c)

Ngoko alus

d)

Krama desa

e)

Ngoko

39.

" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

40.

" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

41.

Gatekna tembang Pocung ing ngisor iki!

Ngelmu iku Kalakone kanthi laku 

Lekase lawan kas 
Tegese kas nyantosani 
Setya budaya pangekese dur angkara
 

Guru wilangan lan guru lagu gatra pungkasan yaiku …

a)

12 u

b)

6 a

c)

8 i

d)

12 a

42.

Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!

Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….

a)

A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune

b)

Sumiyati mung predhuli marang Winarto

c)

Sumiyati putra kang bhekti marang ibune

d)

Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati

e)

Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto

43.

"Jam setengah siji kaya adhat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung penghasilane".


Ukara ing ndhuwur nudhuhake latar ....

a)

papan

b)

wektu

c)

wektu lan papan

d)

papan lan wektu

e)

papan lan kahanan

44.

"weruh kahanan ing kurang ajar mau, sekala aku muntab nepsuku. Tanganku terus ngepel marani. ora saranta tanganku terus kumlawe nibani raine nomnoman mau."

wewatek paraga sajroning teks ing dhuwur yaiku ....

a)

jirih

b)

sabar

c)

wani

d)

sangar

e)

pinter

45.

Watake Darmono yaiku…

a)

Legawa marang wong tuwa

b)

Sabar marang wong tuwa

c)

Manut marang wong tuwa

d)

Seneng ketulung

e)

Wani marang wong tuwa

46.

Sesorah kanthi cara ngasta cathetan cilik minangka pangeling-eling urutaning isi ingkang badhe kawedharake

a)

ekstemporan

b)

manuskrip

c)

lipsing

d)

impromtu

e)

memoriter

47.

Mugi-mugi kula lan panjenengan ditebihaken saking virus punika, lan virus punika enggal ical saking donya, Aamiin.

a)

Pamuji syukur

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Salam panutup

48.

Cara nyegah virus punika ingkang kapisan, wijik mawi sabun paling sakedhik 20 detik. Kaping kalih Physical distancing utawi wicanten kaliyan tiyang sanes paling sakedhik wonten jarak 2 meter punika wigatos sanget. Kaping tiga, menawi kedah medal saking griya, kedah ngagem masker. Kaping sekawan, enggal periksa dhateng griya sakit menawi wonten gejala watuk, benter, lan ambekanipun sesek. Ingkang pungkasan, menawi mboten wonten masalah ingkang wigatos, tetep wonten griya mawon.

a)

Pambuka

b)

Surasa

c)

Panutup

d)

Pangajeng-ajeng

e)

Pamuji syukur

49.

Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....

a)

Ekploratif

b)

Eksplanatif

c)

Deskriptif

d)

Prediktif

e)

Preskriptif

50.

Artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakaryan saengga ora kliru utawa salah anggone nindakake diarani jinis artikel….

a)

Preskriptif

b)

Deskriptif

c)

Eksplanatif

d)

Prediktif

e)

Eksploratif