Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SELAMAT DATANG DI FORM PSAJ (PENILAIAN SUMATIF AKHIR JENJANG)

Total questions: 52

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.
NAMA PESERTA (LENGKAP)
4 lines
2.
KELAS
a)
KELAS X
b)
KELAS XI
c)
KELAS XII
3.
Unggah – ungguhing basa sing lumrah digunakake iku ana 4 yaiku…
a)
A. ngoko, krama inggil, ngoko kasar, krama
b)
B. ngoko lugu, krama, ngoko, krama alus
c)
C. ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
d)
D. ngoko, krama, inggil, alus
e)
E. krama kasar, ngoko kasar, ngoko alus, krama alus
4.
Kembang gula iku rasane …
a)
a. legi
b)
b. asin
c)
c. gurih
d)
d. pahit
e)
e. kecut
5.
Ibu, tindak dhateng toko badhe … punapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe … buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku....
a)
a. Mundhut, tumbas
b)
b. Tuku, tumbas
c)
c. Tumbas, mundhut
d)
d. Tuku, tumbas
e)
e. Beli, tuku
6.
Aku kudu ngombe obat amarga untu lara. Basa kramane yaiku.…
a)
a. Kula kedah ngunjuk obat amargi gerah waja
b)
b. Kula kedah nginum obat amargi gerah waja.
c)
c. Kula kedah ngunjuk obat amargi sakit waja.
d)
d. kula kedah nginum obat amargi sakit untu.
e)
e. aku kudu ngombe obat amarga lara untu.
7.
Gatekna pratelan drama ing ngisor iki! Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?” Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?” Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.” Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.” Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.” Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas. Pratelan drama ing ndhuwur nggunakake ragam basa....
a)
a. Ngoko lugu
b)
b. Krama lugu
c)
c. Krama alus
d)
d. Krama inggil
e)
e. Ngoko
8.
Panggonane basa ngoko lugu yaiku…
a)
A. menyang sedulur tuwa
b)
B. menyang garwane priyayi
c)
C. menyang sapadha – padha kang wis kulina banget
d)
D. murid marang gurune
e)
E. wong enom marang wong tuwa
9.
Basa ngoko lugu yaiku…
a)
a. basa kang panggunaane mboten kecampuran basa krama
b)
b. basa kang panggunaane kecampuran basa krama
c)
c. basa kang kasar
d)
d. tetembunge krama kabeh
e)
e. tetembunge ngoko kabeh
10.
Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku...
a)
a. Adhi kula sampun dhahar kalawau.
b)
b.Bu, panjenengan ingkang mbekta tas punika, kula
c)
ingkang ngasta buku!
d)
c. Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng
e)
kantor.
11.
Prosesi kanggo ngresiki awake penganten supaya resik tur suci badane jiwa lan raga…
a)
a. Siraman
b)
b. Midodareni
c)
c. Srah srahan
d)
d. Gantalan
e)
e. Sekaten
12.
Ndhase kewan sing umume dilarung nalika larung saji...
a)
a. Ndhas kebo
b)
b. Ndhas kelinci
c)
c. Ndhas pitik
d)
d. Ndhas banyak
e)
e. Ndhas iwak
13.
Pengaron ing upacara tingkeban digunakake kanggo…
a)
a. Adhahe sega tumpeng
b)
b. Klambi batik
c)
c. Jajanan pasar
d)
d. Kain sindur
e)
e. Adhahe banyu suci
14.
Pengaron kuwi piranti sing digunakake ing upacara?...
a)
a. Tingkeban
b)
b. Sekaten
c)
c. Larung saji
d)
d. Keboan
e)
e. Kebo bingung
15.
Upacara sing diayahi sadurunge upacara temu manten yaiku . . .
a)
a. Manggulan
b)
b. Ngundhuh mantu
c)
c. Undhuh undhuh
d)
d. Dodol dhawet
e)
e. Midodareni
16.
Siti minangka putra kaping catur. Catur tegese...
a)
a. sekawan
b)
b. tiga
c)
c. gangsal
d)
d. eka
e)
e. tri
17.
ana agni mobyar mobyar lan panas. Agni tegese...
a)
a. gunung
b)
b. watu
c)
c. geni
d)
d. anak
e)
e. lemah
18.
tedhak siten asale saka tembung kawi siti. Tegese…
a)
a. anak
b)
b. banyu
c)
c. gedhung
d)
d. lemah
e)
e. dalan
19.
eka, dwi, tri, catur, ...., sat, ...., asta. Isenana teruse.
a)
a. panca, sapta
b)
b. panca, sad
c)
c. sapta, nawa
d)
d. panca, nawa
e)
e. sapta dasa
20.
Tradisi kenduren taksih perlu dianakake. Tanggapan kang trep saka ukara ing dhuwur yaiku ....
a)
a. Kadhangkala ditindakake supaya para warga ora was sumelang
b)
b. Ora perlu dilestarikake, amarga wis ora jumbuh karo jama
c)
c. Perlu dilestarikake, amarga kanggo nguri-uri budaya Jawa
d)
d. Perlu diuri-uri amarga gawe seneng lan tentrem atine para warga
e)
e. Perlu diteliti
21.
kowe minangka pelajar miturut pendapatmu apa dampak positif saking internet?...
a)
a. nambah ilmu pengetahuan
b)
b. nambah mungsuh
c)
c. nambah akhlak lan budi pekerti
d)
d. tansah saya akeh duwit tabungane
e)
e. wawasane tansah saya jembar
22.
Jajan kang digawe saka telo, diwenehi parutan klapa, diarani.....
a)
a. Gethuk
b)
b. Mendut
c)
c. Thiwul
d)
d. Dadar gulung
e)
e. Wajik
23.
Artikel ing ngisor iki wacanen kanthi premati! “Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.” Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo Prathelan artikel Jawa ing dhuwur yaiku … .
a)
a. perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka bakat.
b)
b. bakat uga dadi perangan kang bisa kasil orane manungsa ing donya.
c)
c. kang wigati iku tekad kepengin bisa lan tekad kepengin kasil.
d)
d. kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.
e)
e. manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.
24.
Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan! Nulung Sedulur Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik. Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane. Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo. *** Makna sing terkandung ing alenia 1 wacan ing dhuwur yaiku ...
a)
a. Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah
b)
b. Sarno bocah pinter lan pikirane maju
c)
c. Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku
d)
d. Sarno ora kalah karo kancane sing tetep padha sekolah
e)
e. Wong tuwane Sarno ora duwe ragad
25.
Wos surasane ( makna ) alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku ...
a)
a. Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwane
b)
b. Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur
c)
c. Tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya
d)
d. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe
e)
e. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
26.
Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu” yaiku . . .
a)
a. Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe
b)
b. Sapa sing gelem usaha bakal kelakon sing dikarepake
c)
c. Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake
d)
d. Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe
e)
e. Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe
27.
Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati! Suryani :“Piye kabarmu Pras?” Prasetyo : “Oalah, Sur, esuk nakir sore nakir, sing ditaksir godhong ploso, esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa!” Suryani : “Tegese apa kuwi?” Prasetyo kuwi kreatif kaya awake dhewe. Dheweke uga seneng migunakake parikan kanggo pacelathon. Parikan kang diomongke Prasetyo gunane kanggo ... Suryani kanthi alus.
a)
a. nesu marang
b)
b. ngritik
c)
c. ngenyek
d)
d. maido
e)
e. nyemoni
28.
Parikan ing ngisor iki tutokna supaya dadi parikan kang trep. Kembang anggrek rumambat tepining bethek, …
a)
a. nganti tuwek ngelmu iku ora kalong .
b)
b. nganti sokmben ngelmu iku ora entek
c)
c. nganti sokmben ngelmu iku ora kalong
d)
d. nganti tuwa ngelmu iku ora entek
e)
e. nganti tuwek ngelmu iku ora entek.
29.
Upacara adat mitoni lumrah dilakokaké nalika …
a)
a. Bayi lair pisanan
b)
b. Bocah umur pitung dina
c)
c. Wong wadon meteng pitung wulan
d)
d. Wong tuwa séda
e)
e. Upacara mantenan
30.
Ing upacara adat Tedhak Siten, apa kang dipersiapake kanggo ritual tumrap bocah cilik?
a)
A. Tumpeng lan sesajen
b)
B. Beras kuning lan jajan pasar
c)
C. Undhak-undhakan saka jadah lan kurungan ayam
d)
D. Kembang setaman lan minyak wangi
e)
E. Gamelan lan wayang kulit
31.
Apa kang dadi ciri khas upacara Sekaten ing Kraton Yogyakarta lan Surakarta?
a)
A. Lomba macapat
b)
B. Kirab gunungan lan gamelan Sekati
c)
C. Ritual potong rambut
d)
D. Jamasan pusaka
e)
E. Wayangan semalam suntuk
32.
Nguri-uri kabudayan daerah tegese yaiku...
a)
A. Nglalekake kabudayan leluhur
b)
B. Ngembangake lan njaga kabudayan supaya tetep lestari
c)
C. Ngganti kabudayan lawas karo kabudayan anyar
d)
D. Ngilangake tradhisi kang wis lawas
e)
E. Supaya kabudayan ilang digerus jaman
33.
Ing adat Jawa, sesaji tumpeng biasane ana nalika...
a)
A. Nyadran lan kirab budaya
b)
B. Unduh-unduh lan wiwitan
c)
C. Kenduri lan slametan
d)
D. Seren taun lan ngasek
e)
E. Nyepi lan Galungan
34.
Reog Ponorogo iku salah sawijining kesenian tradisional saka daerah...
a)
A. Jawa Tengah
b)
B. Yogyakarta
c)
C. Jawa Timur
d)
D. Bali
e)
E. Sumatera Barat
35.
Upacara adat Ruwatan lumrah ditindakake kanggo...
a)
A. Ngresiki lemah saka roh jahat
b)
B. Nyingkirake sukerta supaya bebas saka sengkala
c)
C. Ngrawat pusaka kang sakral
d)
D. Ndudhah kasugihan wong sing duwe gawe
e)
E. Nyuwun berkah panen kang bakal teka
36.
Apa tegese geguritan?
a)
A. Tembang kang diiringi musik gamelan
b)
B. Ukara utawa tulisan kang nduweni paugeran tartamtu
c)
C. Crita cekak kang asale saka legenda
d)
D. Puisi utawa karya sastra kang diwangun saka ukara endah lan duweni makna
e)
E. Carita rakyat kang diwarisake turun-temurun
37.
Salah siji ciri khas geguritan yaiku…
a)
A. Ana patokan pupuh
b)
B. Nggunakake tembung-tembung endah
c)
C. Digawe saka tembung kang ora nduweni makna
d)
D. Digawe saka aksara Jawa
e)
E. Mung nganggo basa ngoko
38.
Apa wae unsur-unsur kang kudu ana ing geguritan?
a)
A. Paragraf, bab, lan kesimpulan
b)
B. Pupuh, tembang, lan cangkriman
c)
C. Tembang, tembung, lan parikan
d)
D. Imajinasi, rasa, lan tembung endah
e)
E. Dongeng, paribasan, lan pepindhan
39.
Geguritan bisa kalebu ing jinis sastra…
a)
A. Prosa
b)
B. Tembang macapat
c)
C. Gancaran
d)
D. Gurit lan tembang dolanan
e)
E. Puisi bebas
40.
Apa fungsi saka geguritan?
a)
A. Nyedhiyakake kritik lan saran marang pemerintah
b)
B. Nambah wawasan babagan budaya manca
c)
C. Nglantarake rasa, gagasan, lan kaendahan
d)
D. Minangka piranti komunikasi antarane generasi
e)
E. Digawe mung kanggo hiburan tanpa makna kang jero
41.
Apa bedane geguritan lan tembang macapat?
a)
A. Geguritan ora diatur paugerane, sedangkan tembang macapat ngikutake aturan
b)
B. Geguritan bisa nggunakake tembung liya, nanging tembang macapat ora
c)
C. Geguritan nganggo aksara Jawa, tembang macapat nganggo aksara Latin
d)
D. Geguritan ora bisa ngandhut pupuh, nanging tembang macapat bisa
e)
E. Geguritan ngandhut unsur cerita, tembang macapat mung fokus ing irama
42.
Pupuh tembang macapat sing diarani "gambuh" iku nduweni jumlah suku kata saben larik…
a)
A. 8
b)
B. 12
c)
C. 14
d)
D. 7
e)
E. 10
43.
Jlentrehna apa tegese pawarta lan sebutna tuladhane pawarta!
4 lines
44.
Apa wae unsur-unsur kang kudu ana ing sawijining pawarta supaya bisa dianggep pepak? Jelentrehna!
4 lines
45.
Tulisna sawijining teks pawarta cekak bab kedadeyan banjir ing desamu!...
4 lines
46.
Apa sing diarani kelir ing pagelaran wayang?...
4 lines
47.
Cempala iku piranti kanggo apa?...
4 lines
48.
Apa sing diarani keprak?...
4 lines
49.
Sebutna piranti - piranti sing ana ing gamelan!...
4 lines
50.
Gawenen teks Deskripsi nganggo tema “Panganan Tradisional Jawa”!...
4 lines
51.
Panganan tradisional khas Jawa iku kudu di lestarekake, jelasna supaya apa panganan tradisional iku kudu dilestarekake?...
4 lines
52.
Minangka pelajar jelasna apa wae kewajibanmu marang Guru?...
4 lines