wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Formatif Bab 1

Total questions: 10

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.

Apa masalah utama sing dialami warga kampung Sumberjati?

a)

Warga padha ora gelem kerja bakti

b)

Kali dadi reged amarga sampah sembarangan

c)

Sawah padha kekeringan

d)

Ora ana banyu resik kanggo diminum

2.

Apa pesen utawa piwulang sing bisa dijupuk saka cerkak kasebut?

a)

Saben wong kudu buwang sampah ing kali

b)

Gotong royong ora penting kanggo lingkungan

c)

Njaga kebersihan lingkungan iku tanggung jawab bebarengan supaya urip luwih sehat lan tentrem

d)

Yen lingkungan reged ora usah direresikaké

3.

Gagasan utama utawa idhe sing ana ing crita cerkak, kasebut?

a)

Latar

b)

Alur

c)

Sudut pandang

d)
  1. Tema

4.

“Kampung Sumberjati lan kali sing ana ing kampung.” kalebu unsur intrinsik apa?

a)

Latar

b)

Alur

c)

Sudut pandang

d)

Tema

5.

Apa alur/plot saka crita cerkak iku?

a)

Maju

b)

Mundur

c)

Mandek

d)

Tengah

6.

Sapa wae paraga sing ana ing crita cerkak iku?

a)

Pak Kepala Sekolah

b)

Pak Presiden

c)

Pak RT lan warga kampung

d)

Bu Lurah

7.

Ukara langsung saka ukara ora langsung iki yaiku: Rani kandha yen dheweke seneng maca cerkak.

a)

Rani kandha, “Dheweke seneng maca cerkak.”

b)

Rani kandha, “Aku seneng maca cerkak.”

c)

Rani kandha, “Kowe seneng maca cerkak.”

d)

Rani kandha, “Rani seneng maca cerkak.”

8.

Ukara ora langsung saka ukara langsung iki yaiku: Adi kandha, “Aku ora bisa melu dolanan amarga lara.”

a)

Adi kandha yen dheweke ora bisa melu dolanan amarga lara.

b)

Adi kandha yen aku ora bisa melu dolanan amarga lara.

c)

Adi kandha kowe ora bisa melu dolanan amarga lara.

d)

Adi kandha dheweke bisa melu dolanan amarga lara.

9.

Endi sing kalebu ukara ora langsung?

a)

Ibu ngendika, “Ayo padha nedha dhisik.”

b)

Ibu kandha, “Aku arep menyang pasar.”

c)

Ibu kandha yen dheweke arep menyang pasar.

d)

Ibu ngendika, “Kowe kudu sinau sing sregep.”

10.

Pak Guru ngendika, “Aja lali nggawa buku pelajaran.”

a)

Pak Guru ngendika kowe aja lali nggawa buku pelajaran.

b)

Pak Guru ngendika aku aja lali nggawa buku pelajaran.

c)

Pak Guru ngendika yen kowe kudu nggawa buku pelajaran.

d)

Pak Guru ngendika dheweke kudu nggawa buku pelajaran.