WorksheetsBasa Jawa Ukara Agnya, Panyuwun
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Ing ngisor iki kang kalebu ukara agnya yaiku ....
Buk, kula nyuwun ngapunten amargi sampun mecahake gelas.
Ben, tutupen lawange!
Ben tutupen lawange?
Ukara agnya tegese padha karo ukara ...
prentah
wejangan
panuwun
Pak, nyuwun tulung kula dipundhutake sandal!
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara ....
pitakon
wangsulan
agnya
Dira, aku nyuwun pangapura amarga ora sengaja nyuweknno bukumu.
Ukara ing nduwur kalebu ukara ....
agnya
panuwun
nyuwun pangapura
Ukara agnya, ing pungkasane kudu nggawe tandha pawacan yaiku ....
tandha seru (!)
tandha pitakon (?)
tandha petik (")
Titikane ukara panyuwun, ing pungkasane ukara diwenehi tandha pawacan yaiku tandha ....
seru (!)
pitakon (?)
titik (.)
Yen nyuwun tulung marang wong sing luwih tuwa kudu nganggo ....
Ukara agnya mawa basa krama
Ukara agnya mawa basa ngoko
Ukara panyuwun mawa basa krama
Yen nyuwun tulung marang kang mas prayogane ...
Mas, nyuwun tulung jupukna bukuku!
Mas, nyuwun tulung pundhutake buku kula!
Mas, jupukna buku!
Nalika kowe ora sengaja ngutahno kopine bapak.
Kowe matur ....
Pak, aku nyuwun pangapura amarga ora sengaja ngutahno kopine sampean.
Pak, kopine kutah.
Pak, kula nyuwun pangapura amargi mboten sengaja ngutahake kopine panjenengan.
Nalika kowe ngilangna potelote Nafiz, kowe matur ....
Nafiz, potelotmu ilang.
Nafiz, aku nyuwun pangapunten amargi ngilangake potelote njenengan.
Nafiz, aku nyuwun pangapura amarga mboten sengaja ngilangake potelotmu.
Ukara agnya digawe kanggo ....
mrentah wong liya supaya nindhakake apa sing awak dhewe karepke
nyuwun pangapura nalika duwe luput.
matur nuwun sakmarine di tulungi
Ukara nyuwun pangapura lan pangapunten dienggo kanggo ....
mrentah wong liya
matur nuwun sakmarine ditulungi
nyuwun pangapura nalika duwe luput
Ing ngisor iki kang kalebu ukara nyuwun pangapunten yaiku ....
Ali, aku nyuwun permene.
Mas, kula nyuwun dipundhutake permen!
Mas, kula nyuwun pangapunten amargi sampun nedha permene njenengan.
Yen ngaturi bapak maem, sing bener yaiku ....
Pak, mangga dhahar!
Pak, ayo maem!
Pak, kula sampun dhahar.
Ing ngisor iki kang kalebu ukara nyuwun pangapura yaiku ....
Pak, mangga dhahar!
Mbah, kula nyuwun pangapunten amargi ngilangake sandale panjenengan.
Mbah, saandale ilang.
