wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latian SAS XI BASA JAWA

Total questions: 45

Worksheet time: 23mins

Name
Class
Date
1.

Ing kasusastran Jawa, tembang macapat kalebu ing jinis puisi …

a)

Modheren

b)

Bebasan

c)

Klasik

d)

Geguritan

e)

Parikan

2.

Guru gatra tegesé yaiku …

a)

Tibaning swara ing saben gatra

b)

Cacahing wanda saben tembang

c)

Cacahing gatra utawa baris saben pada

d)

Jeneng watak tembang

e)

Wirama tembang kang endah

3.

Guru lagu tegesé yaiku …

a)

Cacahing gatra saben bait

b)

Tibaning swara ing saben pungkasan gatra

c)

Makna tembang sing kudu dirasakake

d)

Lagu kang dienggo nembang

e)

Tata cara maca tembang

4.

Guru wilangan tegesé yaiku …

a)

Cacahing wanda saben gatra

b)

Cacahing baris saben pupuh

c)

Cacahing tembang saben pupuh

d)

Cacahing swara vokal ing pungkasan larik

e)

Cacahing tembung saben pada

5.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu 11 jinisé tembang macapat yaiku …

a)

Pocung

b)

Durma

c)

Sinom

d)

Kinanthi

e)

Kakawin

6.

Serat Tripoma kaanggit dening …

a)

Yasadipura II

b)

R.Ng. Rangga Warsita

c)

Sunan Pakubuwono IV

d)

KGPAA Mangkunegara IV

e)

Sultan Agung

7.

Serat Tripoma ngandharake piwulang tumrap …

a)

Para pedagang

b)

Para prajurit

c)

Para pandhita

d)

Para sudagar

e)

Para nalayan

8.

Serat Wulang Sunu isiné ngajarake bab …

a)

Katresnan marang nagara

b)

Tatakrama marang wong tuwa lan urip bermasyarakat

c)

Kasetyan prajurit marang raja

d)

Kabecikan dadi pemimpin

e)

Tata cara nembang macapat

9.

Serat Wulang Sunu kagawé watara abad …

a)

Abad 16

b)

Abad 17

c)

Abad 18

d)

Abad 19

e)

Abad 20

10.

Serat Kalatidha kaanggit dening …

a)

R.Ng. Yasadipura II

b)

R.Ng. Rangga Warsita

c)

KGPAA Mangkunegara IV

d)

Sunan Pakubuwono IV

e)

R.A. Kartini

11.

Serat Kalatidha mujudake piwulang bab …

a)

Pitung perkara kaslametan

b)

Kasetyan prajurit

c)

Obahing kahanan jaman lan kautaman

d)

Tatacara nembang macapat

e)

Wulangan matematika Jawa

12.

Serat Sasana Sunu mujudake piwulang bab …

a)

Cara dagang sing bener

b)

Ngalah marang panguwasa

c)

Mulang anak kanthi cara becik

d)

Tatacara memayu hayuning bawana

e)

Perang suci

13.

Purwakanthi tegesé yaiku …

a)

Tembung loro digandheng dadi siji

b)

Ukara kang swarane echo mburi

c)

Ukara utawa wanda kang dibaleni supaya endah

d)

Tembang kang ora nganggo wirama

e)

Piwulang becik kanggo bocah

14.

Tembung garba utawa tembung sinandi tegesé yaiku …

a)

Tembung kang didadekake pepindhan

b)

Tembung sing digandheng dadi siji tanpa ngowahi makna

c)

Tembung kang mbebayani yen salah gunane

d)

Tembung kanggo nembang macapat

e)

Tembung kang tegese isin lan ora pantes

15.

Wujud piwulang luhur Jawa bisa ditemokake ing …

a)

Novel modheren wae

b)

Geguritan lan komik wae

c)

Bebasan, unen-unen, tembang, lan crita wayang

d)

Basa krama inggil wae

e)

Tulisan pemerintah wae

16.

Cerkak tegese yaiku karya sastra …

a)

Nonfiktif kang isine data nyata

b)

Fiktif lan dawa banget kaya novel

c)

Fiktif sing cekak lan gunggunge tembung ora luwih saka 10.000

d)

Crita rakyat sing turun-temurun

e)

Crita lelampahan pribadi saben dina

17.

Unsur sing mbangun cerkak ana rong bagean yaiku …

a)

Intrinsik lan ekstrinsik

b)

Tema lan amanat

c)

Paraga lan latar

d)

Orientasi lan komplikasi

e)

Krisis lan koda

18.

Unsur intrinsik ing cerkak dudu ing ngisor iki yaiku …

a)

Tema

b)

Paraga lan penokohan

c)

Latar

d)

Unsur sejarah pangripta

e)

Amanat

19.

Unsur intrinsik kang magepokan karo sapa wae sing melu ing crita yaiku …

a)

Tema

b)

Paraga lan penokohan

c)

Alur

d)

Latar

e)

Latar sosial

20.

Unsur intrinsik punjering crita tegesé …

a)

Sapa sing dadi sumber crita utawa endi sudut pandangé

b)

Pusat kedadeyan ing pungkasan crita

c)

Latar wektu lan panggonan

d)

Tata cara nulis cerkak

e)

Tata jeneng paraga ing crita

21.

Struktur cerkak sing isih nyritakake kedadeyan awal utawa pambuka yaiku …

a)

Komplikasi

b)

Evaluasi

c)

Koda

d)

Orientasi

e)

Krisis

22.

Ing struktur cerkak, bagean sing nuduhake awale konflik yaiku …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Krisis

d)

Evaluasi

e)

Koda

23.

Bagian sing gawe pamaca deg-degan lan dadi puncaké konflik yaiku …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Evaluasi

d)

Krisis

e)

Koda

24.

Bagian pungkasane crita sing menehi kaweruh marang pamaca babagan nasib paraga yaiku …

a)

Komplikasi

b)

Koda

c)

Orientasi

d)

Evaluasi

e)

Krisis

25.

Evaluasi ing cerkak nerangake kedadeyan sing …

a)

Miwiti prakara utawa awal crita

b)

Miwiti konflik munggah

c)

Krisis dumadi

d)

Tutup crita sing cetha

e)

Paraga mati kabeh

26.

Salah siji tata cara nulis cerkak yaiku …

a)

Nemtokake pupuh lan guru lagu

b)

Nemtokake tema luwih dhisik

c)

Nemtokake tandha baca utama

d)

Ngowahi cerkak dadi geguritan

e)

Nemtokake wanda lan gatra

27.

Ing tata cara nulis cerkak, sawisé nemtokake alur, tumindak sabanjure yaiku …

a)

Nemtokake amanat dhisik

b)

Nemtokake paraga lan punjering crita

c)

Nggawe latar musik

d)

Nggawe purwakanthi

e)

Ngowahi basa dadi prosa

28.

Latar utawa setting cerkak magepokan karo …

a)

Wektu, panggonan, lan kahanan kedadeyan

b)

Suasana ing musik pengiring crita

c)

Suasana atine panulis

d)

Kritik marang pamaréntah

e)

Jeneng-jeneng tembang Jawa

29.

Reng-rengan cerkak tegesé …

a)

Dhaptar pupuh sing ana ing naskah

b)

Pola utawa runtutan kedadeyan ing crita

c)

Penyusunan wanda lan gatra

d)

Cara maca cerkak nganggo swara seru

e)

Cara nyawiji tembung dadi garba

30.

Kang klebu unsur ekstrinsik yaiku …

a)

Amanat lan tema

b)

Paraga lan alur

c)

Kapribaden pengarang lan latar sosial

d)

Punjering crita lan penokohan

e)

Latar wektu lan panggonan

31.

Pariwara ngemot informasi utawa pesen kang ancase kanggo …

a)

Nglipur masarakat supaya ora sedhih

b)

Ngajak masarakat supaya gelem tuku barang utawa jasa

c)

Nyritakake kedadeyan sejarah

d)

Nambah wawasan bab budaya

e)

Ngganti pengumuman pemerintah

32.

Ing ngisor iki dudu ancas pariwara yaiku …

a)

Mbuyarake wong supaya ora tuku

b)

Mbuju masarakat supaya gelem tuku

c)

Nduwe tujuan ngajak

d)

Naweke barang utawa jasa

e)

Marakake wong dadi kepengin

33.

Miturut isine, pariwara bisa kaperang dadi papat, kajaba …

a)

Pariwara pengumuman

b)

Pariwara panjaluk

c)

Pariwara dagang (produk)

d)

Pariwara layanan masyarakat

e)

Pariwara pendidikan basa Jawa

34.

Miturut ancase, pariwara kaperang dadi …

a)

Komersial lan nonkomersial

b)

Elektronik lan cithak

c)

Panjaluk lan pengumuman

d)

Pengumuman lan layanan masarakat

e)

Visual lan audio

35.

Pariwara cithak lumrahé ana ing …

a)

Radio lan YouTube

b)

Majalah lan koran

c)

Televisi lan film

d)

TikTok lan Instagram

e)

Podcast lan aplikasi musik

36.

Salah sawijining ciri pariwara yaiku basane …

a)

Dawa lan muter-muter

b)

Ringkes lan gampang dingerteni

c)

Kandel lan kebak tembung angel

d)

Marakake bingung

e)

Mung nganggo basa prokem

37.

Tembung ing pariwara sing sifaté sugestif lan persuasif, tegesé tembung sing …

a)

Ngajak lan mbujuk

b)

Nyinyir lan nyindir

c)

Mung kanggo guyon

d)

Ora ana maksud apa-apa

e)

Gawe wong kesel

38.

Informasi ing pariwara becik ora kena …

a)

Padhet lan cetha

b)

Nyenggol prodhuk liyane

c)

Jujur lan objektif

d)

Ndhudhut kawigaten

e)

Marakake wong ngerti pesane

39.

Struktur pariwara sing papané ana bagian pambuka yaiku …

a)

Awaking pariwara

b)

Irah-irahan (judul)

c)

Justifikasi

d)

Slogan dawa banget

e)

Hashtag

40.

Bagian pariwara sing nerangake katrangan prodhuk yaiku …

a)

Irah-irahan

b)

Awaking pariwara

c)

Slogan

d)

Testimoni

e)

Hashtag

41.

Salah siji ciri pariwara sing becik yaiku …

a)

Basa ora lumrah lan gawe bingung

b)

Informasine adoh saka fakta

c)

Isine cetha lan nyenengake

d)

Ngapusi konsumen

e)

Marakake wong nesu

42.

Langkah gawe pariwara sing kapisan yaiku …

a)

Nemtokake hashtag

b)

Nemtokake irah-irahan

c)

Nemtokake ancas utawa tujuan

d)

Nemtokake tokoh misuwur

e)

Nemtokake testimoni

43.

Ing cara nggawe pariwara, unsur sing bisa nambah keyakinan calon konsumen yaiku …

a)

Teks mbulet

b)

Testimoni

c)

Tembung kasar

d)

Komentar haters

e)

Gambar ora cetha

44.

Tandha pager (#) ing pariwara gunane yaiku …

a)

Ngganti jeneng produk

b)

Nandheske larangan iklan

c)

Nambah jangkauan pamirsa ing medsos

d)

Mbesuki produsen

e)

Mbusak tulisan sing salah

45.

Mengajak tokoh misuwur ing iklan migunani amarga …

a)

Marakake iklan dilarang

b)

Nggandhengake produk karo wong sing dikenal

c)

Marakake konsumen ora percaya

d)

Ngganti isi pariwara dadi crita sedhih

e)

Supaya ora ana sing nonton