WorksheetsSAS basa jawa kelas 6
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Ireng-ireng gorengan kopi, ....
Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....
Legi-legi rasane gula
Ati seneng juwara siji
Bocah cilik ajar ngaji
Ngenteni bocah sing keri
Pitik walik saba meja, batangane yaiku ....
Nanas
Nangka
Sulak
Sapu
Rukun agawe santosa, crah .....
Paribasan ing dhhuwur iku terusane sing bener yaiku .....
Agawe lumrah
Agawe bungah
Agawe susah
Agawe bubrah
Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........
macapat
dolanan
tengahan
gedhe
Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
guru saka
Cacahe gatra saben sa pada diarani .........
guru wilangan
guru gatra
guru saka
guru lagu
Bapak puncung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara
Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….
Tasbih
gelang
sepur
kalung
ana pira (berapa) guru gatra tembang macapat iki
6
7
8
9
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........
banyu resik
ngopeni banyu
ngopeni banyu sumber penguripan
banyu kali sumber panguripan
Namung tutuk lan netra kalih kadulu
Yen pinet kang karya
Sinunduk netrane kalih
Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah
12u-6a-8i-12a
6a-81-12u-12a
12u-6u-8a-12i
12u-12i-6u-8a
Ukara ngisor iki minangka kelebu cangkriman yoiku ....
Dilebokne malah metu
Klambine dilebokne lemari
Bukune dilebokne tas
Klambine gak dilebokne
Wacanen kanthi patitis!
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.
miturut wacan ing ndhuwur, kalebu jenise teks...
pawarta
persuasi
deskripsi
pariwara
teks sing isine ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca diarani teks...
teks pawarta
teks persuasi
pariwara
teks argumentasi
tembang pangkur nduweni watak ....
tandhes, lugas, sereng
prihati, sedhih, getun
seneng, asih, tresna
sedhih, kuciwa, nelangsa
tembang sing diripta dening kanjeng sunan kalijaga yaiku ....
durma
dhandanggula
pangkur
megatruh
sing ngripta tembang pangkur yaiku ....
kanjeng sunan mayagung
kanjeng sunan muryapada
kanjeng sunan kalijaga
kanjeng sunan bonang
Gathutkaca Gugur
Gathutkaca kuwi salah sawijining putra Bima. Gathutkaca lair saka buta wadon jenenge Arimbi. Bima utawa Bratasena bisa kepincut marang Arimbi amarga ibune yaiku Dewi Kunthi maes Arimbi dadi ayu, saengga Bima tuwuh tresnane. Saka dhaupe Bima lan Arimbi, lair Gathutkaca.
Ibune Raden Gathutkaca iku asmane ....
Dewi Madrim
Dewi Kunthi
Dewi Arimbi
Dewi Pregiwa
Ning ngisor iki ciri-ciri iklan sng paling bener yoiku?
(Jawaban bisa luwih teka siji)
Tulisan lan omongan
Gambar, tulisan, lan swara
Vidio, tulisan, lan gambar
Gambar, pantun, lan vidio
Becik ketitik ala ketara, tegese....
Sapa sing salah bakale kalah
Sapa sing jujur bakal kasil
Ywn kuwasa aja ngrugekake liyan
Tindak lakune manungasa iku apik utawa elek bakal ketok
Supaya wong sing mirengake pidhato bisa ketarik, wong kang pidhato kudu nggateake bab-bab ing ngisor iki, yaiku ...
vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan runtute isi pidhato kudu cetha
vokal/swara, intonasi,ekspresi,lan improviasi kudhu cetha
impromtu, memoriter, intonasi, lan ekspresi kudu cetha
impromtu, vokal/swara, intonasi, lan ekspresi kudu cetha
naliko pidhato ana 4 methode sing bisa digunakake apa wae ..
naskah,deskripsi,eksposisi,narasi
impromptu,memoriter,naskah,ekstemporan
persuasi,naskah,deskrisi,ekstemporan
memoriter,sesanti,deskripsi,impromptu
Wong kang ngalah bakal nemu kabegjan ing tembe burine, Paribasane................
Durung becus keselak besus
Sabaya pati, sabaya mukti
Wani ngalah luhur wekasane
Renggang gula kemepyur pulut
anake gelungan, emboke ore-ore
batangane ....
Wacanen sing tliti!
Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi
Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.
Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.
irah-irahane wacan ing dhuwur sing trep yaiku ….
Budaya Jawa Ing Jaman Globalisasi
Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya
Wujud budaya Jawa
Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna
Unen-unen ngisor iki sing kalebu sesanti yaiku ...
Sabun "resik" pancen ngresiki
Ayo padha sinau nganggo buku 'Pinter"
Jaganen Lestari Alam
Motor "Blaz" pancen irit
Cara sing bener supaya alas ora gundhul yaiku ...
larangan nandur
nandur wit saka wiji
tebang pilih lan reboisasi
larangan saba alas
Tembang macapat kang dumadi saka 10 gatra yaiku tembang .....
kinanthi
dhandanggula
asmaradana
pangkur
Jinise tembang macapat ana . . .
sewelas
pitu
wolu
sepuluh
Bocah kui lungguhe antheng kitiran.
Tegese sanepa ing dhuwur yaiku ….
tansah antheng banget
tansah polah ora bisa meneng
tansah tengok-tengok nganti keturu
tansah ajeg ora bisa obah
Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakake piranti sing sarwa modheren.Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha anane bebaya,Saiki kenthongan mau wis diganti nganggo piranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawa ana banjir utawa tsunami.
Pernyataan ing nduwur nduduhake yen saiki wis diarani jamane....
jaman kuno
jaman internet
globalisasi
sosial media
gambar ing ndhuwur kuwi kalebu jenise...
pawarta
slogan
persuasi
sesanti
Teks pawarta sing ana ing medhiya cithak yaiku...
TV
Radio
Kalawarti
Internet
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
karepe ngirit nanging malah entek akeh
.... sing kok gawa?
Tembung pitakon sing trep yaiku...
Apa
Sapa
Kapan
Ing ngendi
Karangan sing isine nggambarake sawijining kahanan, saengga wong sing maca kaya-kaya melu ndeleng, melu krungu, lan melu ngrasakake kahanan mau diarani karangan...
Deskripsi
narasi faktual
persuasi
eksposisi
Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...
Basa ngoko lugu
Basa krama lugu
Basa ngoko alus
Basa krama alus
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Wacanen pacelathon iki!
Anton : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Timan : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yakuwi lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Anton anggone matur marang Pak Timan nggunakake basa ....
ngoko alus
krama alus
krama lugu
ngoko lugu
Bapak wis teka, aku durung adus.
Basa kramane sing becik yaiku....
Bapak sampun rawuh, kula dereng siram.
Bapak sampun dugi, kula dereng adus.
Bapak sampun rawuh, kula dereng adus.
Bapak sampun kondur, kula dereng siram.
