NEW
Font size
WorksheetsSOAL UM BAHASA JAWA MTs MH
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 30mins
Kanggo soal nomer 1-4
Gunungan Grebeg Sawal
Gunungan ing ndhuwur tandhu disunggi dening para abdi dalem Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Gunungan kasebut isine maneka jenis kasil bumi, kacang-kacangan, woh, kang dadi simbol syukure ratu Kraton Solo lan tanda weweh marang rakyate. Gunungan kuwi metu saben sasi Sawal kanggo mengeti dina riyaya Idul Fitri. Gunungan kuwi cacahe ana loro yaiku gunungan jaler lan estri kang dikirap saka Kori Kamandungan banjur liwat Siti Hinggil, alun-alun Lor tekan Masjid Agung Surakarta banjur didongani. Sakbubare didongani gunungan didum marang masyarakat sing wiwit esuk wis ngenteni gunungan kuwi.
Masyarakat nduweni kepercayaan kasil saka gunungan kasebut bisa menehi barokah. Grebek utawa garebeg saka tembung gembrebeg utawa gemerebeg sing tegese adicara sing pungkasane bakal gembrebeg sebabe padha rayahan gunungan.
Sing nganakake grebeg sawal yaiku....
Kraton Yogyakarta
Kraton Cirebon
Kraton Surakarta
Kraton Banten
Gunungan grebeg Sawal metu saben sasi....
Pasa
Sawal
Rejeb
Sapar
Kraton Kasunanan Surakarta manggon ana ing propinsi....
Jawa Barat
Jawa Tengah
Jawa Timur
D.I. Yogyakarta
Gunungan kang dikirap saka Kori Kamandungan tekan Masjid Agung Surakarta cacahe ana.....
Lima
Papat
Telu
Loro
Saben sapada tembang Pangkur kedadean saka..... gatra.
8
7
6
5
Kang diarani guru wilangan jroning tembang macapat yaiku....
Tibaning swara ing pungkasaning gatra/larik
Tibaning swara ing pungkasaning pada
Cacahing wanda/suku kata saben sapada
Cacahing wanda/suku kata saben larik/gatra
Wong nabuh gamelan iku duwe watak guyub rukun. Kabeh duwe cekelan lan antuk jejibahan tabuhan dhewe-dhewe nanging tetep laras. Jejibahan tegese....
Buku
Jeneng
Kuwajiban
Cathetan
Gamelan iku larase ana werno loro yaiku.....
Slendro lan pathet nem
Slendro lan pelog
Pelog lan pathet sanga
Pathet sanga lan slendro
Wetengku wis krasa ngintir-intir. Ngintir-intir tegese.....
Ngelih banget
Wareg
Rada wareg
Kewaregen
Bu Reni .... marang bocah-bocah supaya sesuk nggawa kamus Bahasa Jawa.
Ngaturi
Ndhawuhi
Nyenyuwun
Nyuwun tulung
Eyang kakung anggenipun badhe......jam pinten?
Lunga
Budhal
Kesah
Tindak
Manuk kang nulungi Dewi Sinta saka cengkeremane Prabu Rahwana arane manuk....
Gagak
Jatayu
Elang
Bango
Prabu Rahwana iku raja arupa raseksa lan duwe watak....
Alus atine
Seneng tetulung
Sabar atine
Angkara murka
Ing jaman mbiyen Kudus mung wujud desa cilik kalebu wewengkon panguwasa Majapahit. Tembung ing ngisor iki tegese padha karo wewengkon, kejaba.....
Pusering
Wilayah
Dhaerah
Laladan
Tlaga Sarangan meniko mapan wonten ing tlatah kabupaten.....
Malang
Ponorogo
Magetan
Madiun
Wacan kanggo nomer 16-17
“.....isih akeh maneh wong-wong sugih lan kang duweni nepsu lawamah padha niti priksa papan panggonan iki. Saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah, sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni, mung wujud papan amba kang dituwuhi suket. Wong-wong wektu iku ngarani papan iki diarani nglimut tegese nylamur utawa ngilang. Nganti saiki papan kasebut diarani nglimut kang mapan ing Desa Gonoharjo, Kecamatan Limbangan Kabupaten Kendal kang kawentar hawane adhem, seger, cocog kanggo wisata.
Wong kang niti priksa salah sijine panggonan kang kawentar gemah ripah loh jinawi yaiku wong ....
Sugih lan mlarat, duweni nempu lawamah
Mlarat duweni nepsu lawamah
Sugih lan duweni nepsu lawamah
Sugih mlarat ora duweni nepsu lawamah
Nglimut mapan ing ....
Desa Gondongharja
Desa Gonoharjo
Desa Gonoreja
Kecamatan Gonoharja
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon,
Pethikan Serat Wulangreh pupuh Gambuh kasebut mengku karep ....
Lumantar tembang Gambuh manungsa aja seneng caturan
Sing diomongake ing tembang gambuh iku polah manungsa
Pakarti sing kebablasen luput yen ora dituturi bakal nyilakakake
Sing ditudhuh kadaluwarsa bisa nyebabake dadi ora becik.
Guru lagu lan guru wilangan gatra kapindho yaiku ...
8u
6a
12 u
10u
Pawarta kuwi saka tembung warta kang tegese ....
Kadadean
Crita
Kabar
Pesen
Tembung ana ing ngendi, ing ciri-ciri teks pawarta iku nuduhake ... prekara kang diwartakake.
Kahanan swasanane
Crita kahanane
Anane kahanan
Papan dumadine
Kanggo soal nomer 22-23
Ndherek mangayubagya awit sampun winisudha minangka Sarjana Pendhidhikan Basa Jawi “SUSI SUSANI” saking Universitas PGRI, mugi dados dwija profesional.
Pariwara kasebut kalebu jinise pariwara ....
Komersil
Kesehatan
Leladi jasa
Keluarga
Isine pariwara kasebut yaiku ....
Susi susani ndherek mangayubagya marang sarjana Pendhidhikan Basa Jawi
Sarjana Basa Jawi ndherek mangayu bagya marang wisudhane Susi Susani
Susi Susani ndherek mangayubagya marang sarjana dwija profesional
Ucapan mangayubagya marang Susi Susani winisudha minangka sarjana.
Tembung resi Jatayu, menawa ditulis kanthi aksara Jawa sing bener ....
Resi Jatayu yaiku kasebutake Manuk Garuda kang nulungi Dewi Sinta. Mula iku Jatayu nduweni sipat ….
Ala
Becik lan jiwa kang suci
Nyenengake
Nyedhihake
Poma-poma wekas ingsun,
Mring kang maca laying iki,
Lair batin den estokna,
Saunine layang iki,
Lan den bekti mring wong tuwa,
Ing lair praptaning batin
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku….
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Ing ngisor iki kalebu legendha sing ana ing Jawa Tengah, kajaba ....
Asal usule Rawa Pening
Dumadine Semarang
Crita Malin Kundang
Candhi Rarajonggrang
Gatekna pacelathon ing ngisor iki !
Bu Lia : “Pak, panjenengan sidane mulih nitih apa?”
Pak Naryo : “Aku mengko arep numpak bis.”
Bu Lia : “Terus kondur apa arep tindak liya enggon, Pak?”
Pak Naryo : “Terus bali ko bu.”
Isi pokok saka pacelathon ing dhuwur yaiku ….
Bu lia arep numpak bis
Pak Naryo tindak numpak bis
Bu lia kondur
Pak Naryo tindak liya enggon
Manawa ditulis latin, yaiku …
Rubuh gedang
Rubuh-rubuh gedhang
Rubuh-rubuh gedang
Gedange rubuh
Wacan iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 31-32
Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang warna seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda Seta. Piyambakipun putranipun bathara Bayu ingkang patutan kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani punika sadherekipun subali saha sugriwa. Nalika kautus dening Raden Ramawijaya lampahipun anoman nemai pambengan ingkang matumpa tumpa. Tanpa kanyana saderengipun, Anoman dipun racun dening satunggaling dewi ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos piyambakipun nemahi wuta. Begja dene wutanipun anoman kenging kausadani dening Garudha satemah waluya jati.
Wacan ing nduwur nyritakake babagan...
Anoman
Dewi Anjani
Prabu Rama Wijaya
Sugriwa lan Subali
Anoman punika jejering rewanda seta. Tembung rewanda seta tegese...
Anak kethek
Putranipun bathara Bayu
Utusane Prabu Ramawijaya
Kethek putih
Kanggo soal nomer 33-34
Nanging yen sira nggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing kukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokor oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana
Tembung nggeguru kaki tegese...
Ngangsu kawruh
Mulang
Nggolek ilmu
Nggolek guru
Cacahe gatra ing tembang dhandhang gula iku ana...
11
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a,6u, 8a, 12i, 7a
1
10
Pambukaning sandiwara kang diwaca/ katindakkake dening salah sawijining paraga diarani...
Adegan
Pacelathon
Prolog
Epilog
Kang kalebu unsur intrinsik sandiwara yaiku...
Paraga
Pacelathon
Narasi
Adhegan
Adat tata cara kang ditindhakake manten kaya ing gambar iki diarani...
Sinduran
Kacar-kucur
Bobot timbang
Sungkeman
Adat tata cara kang ditindhakake manten kaya ing gambar iki diarani...
Nontoni
Salaran
Midodareni
Ngalup alubi
Geguritan iki kanggo mangsuli soal nomer 39-40
Nawala katur dwija
Dening Dra. Ida Wuryanti S.S
Bareng lan sumunaring sang bagaskara
Sliramu wiwit makarya
Ngayahi luhuring jejibahan
Jumangkah tumuju pawiyatan
Geguritan ‘nawala katur dwija’ kaanggit dening...
Sliramu
Dra. Ida Wuryanti S,S
4 gatra
Nawala katur dwija
Tembung sang bagas kara ing geguritan kasebut tegese...
Angin
Keslametan
Srengenge
Langit
Wacan kangge soal nomer 41-42
Dipun sami hambanting sarira
Cegah dhahar lawan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra ambra
Rerema ing tyas si reki
Dadya sabarang
Karsanira lestari
Tembang ing nduwur yaiku tembang...
Pucung
Mijil
Gambuh
Durma
Cegah dhahar lawan guling, tembung kasebut mengku karep...
Nyuda dhahar guling
Ngelongi madhang lan turu
Nyuda dhahar
Nyuda pasa
Wacan kangge soal nomer 43
Bapak Pamuji Raharja sakluarga ugi para rawuh ingkang dhahat kinurmatan kula minangka sulih sariranipun bapak Priyadipura sakadang langkung rumiyin ngaturaken agunging panuwun awit panampinipun dhateng rawuhipun bapak Pamuji Raharja sakadhang saha salam taklim konjuk wonten ngarsa panjenengan sumrambah para rawuh sedaya. Wondene wigatosing gati pisowanan kula sakadhang sapaerlu ngaturaken wudharing gantha babaring sedya,nun inggih kula kadhawuhan masrahaken calon pinanganten kakung pun nakmas Bambang Wijiasmara katur bapak saha ibu Pamuji Raharja.
Wondene lampahipun mekaten, kala wau wanci pukul 08.00 calon penganten kakung kula pendhet saking dalem Pujakusuman kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra tetepangan, sawatawis kula beta sowan dumugi ing dalem Girimulya mriki,kanthi gangsar saha gancar.
Cuwilan teks sesorah ing nduwur iku kalebu bagian sesorah…
Salam pambuka
Purwaka
Isi sesorah
Pengajeng-ajeng
Wacan kangge soal nomer 44
Pramila mboten sanes kula sakanca nderek memuji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Wikan mugi-mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipan punika kangmas Doni Kumara lajeng rumaos pinecut nderek ndidik lan nyengkuyung majengipun bangsa sarta nagari cundhuk kaliyan ilmu ingkang sampun karengkuh.
Kapethik saking Wasita Adi Basa Jawi 3 kaca 78
Cuwilan teks sesorah ing nduwur iku kalebu bagian sesorah…
Salam pambuka
Isi sesorah
Purwaka
Pengajeng-ajeng
Tembung-tembung protagonis, antagonis, apa dene tritagonis ing unsure-unsur intrinsik susastra winengke dening...
Alur
Paraga
Setting
Underaning crita
