NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN PAT B.JAWA 2021
Total questions: 35
Worksheet time: 18mins
Ing sawijining jaman, ana siji kerajaan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni raja kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa. Saben dina Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan kui ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng menyang daerah liya.
Ing dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi digebugi dening grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulna pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah Aji Saka mangkat menyang Medang Kamulan.
paraga utama carita ing nduwur yaiku ... .
prabu dewata cengkar
patih jugul enom
Aji Saka
medang kamulan
"Jaka Kendhil"
Desa ndandapan iku desa sing kepencil, ana sapinggiring gunung dikupengi alas. Ing kono ana randha urip kijenan ora duwe anak, karan Mbok Randha Ndadhapan. Nuju sawijinging dina Mbok Randha ketamon bocah nom-noman sing rupane ala banget, sirahe plonthos wetenge mblendhuk tur endhek. Dheweke matur menawa arep ngenger. Mbok Randha mesakake bocah sing ora duwe sanak kadahang iku mula banjur ditampa apa sing dikarepake bocah mau, malah diaku kaya denen anak e dewe. amarga potongane kaya kendhil mula banjur diceluk "Jaka Kendhil"
latar panggonan wacan ing nduwur yaiku ... .
kepencil
desa Ndadapan
alas
gunung
Wacanen Paragraf ing ngisor iki!
Blumbang ing mburi omahku pancen nyengsemake. Kinupengan tetanduran maneka werna sing padha lagi mekar kembange. Jerune sakmeter seprapat. Ing njerone blumbang dicemplungi eceng gondhok. Blumbang ing mburi omah dianggo ngingu iwak grameh. Kajaba ngiras kanggo pakan grameh, godhong encheng gondok kang ijo royo-royo kena kanggo ngiyup iwak. Ngingu grameh pancen butuh wektu suwe. Amarga saka kamurahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, asilem uga kena dijagakake.
Tegese Tembung "Blumbang" ing wacan nduwur yaiku ... .
kedokan cilik kang isine banyu
waduk
sawah
kalen
Gunung Bromo iku sawijining gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwo tengene gunung beluk kabut kumebul sumundul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Tethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka adohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumripat nyempyog gegodhongan.
Ing paragraf nduwur ana tembung "Laladan" kang tegese ...
dhaerah/wilayah
pegawean
ngubengi
ereng-ereng
Kali ing desaku banyune isih alami tur resik. Ambane watara telung meteran. Bocah-bocah cilik sing langen ora perlu samar. Ora ana uwuh kang kumambang. Gampeng saurute kali ditanduri suket ijo. Sisih kiwane kali sawah kang jembar. Tandurane pari lan jagung. Sisih tengene kali dalan kang nyambung desaku lan tangga desa liyane. Meh saben puluhan meter ana wot kanggo nyebrang wong-wong kang perlu makarya menyang sawah.sinawang pancen katon endah.
Ide pokok paragraf ing nduwur yaiku ... .
kali ing desaku banyune isih alami tur resik
kali ing desaku
kali ing desaku reged banget
kali ing desaku jembar
Wacanen Paragraf ing ngisor iki!
Omahku pancen ndeso, nanging kahanane nyenengake benget. Hawane seger karana akeh tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salah rong dhapur. ing emper ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram kembang. Gandane semribit wangi.
Miturut wacan ing nduwur Kepriye kahanane omahku?
Kahanane nyenengake lan hawane seger.
omahku ing ndeso
omahku ora pati jembar
kahanane omahku cilik
Teks 1
Kelasku kahanane apik. Jogane wis dikeramik warnane putih lan resik amarga saben dino disapu. Tembok e dicet werna ijo enom marakne katon seger yen disawang. Ing kiwa tengen ana candela kaca mubeng dadi sinare srengenge bias mlebu saengga udarane seger. Ing kelasku ana 30 meja lan kursi kanggo murit-murit. Ing ngarep ana meja lan kursi kanggo bu guru. Ing tembok ngarep cumentel papan tulis putih.
Teks 2
Saben dina kemis Rudi lan Tika mesti budal sekolah luweh isuk tekan biasane. Amarga wong loro iki saben kemis kebagian piket kelas. Saben dina kemis Tika lan Rudi budal jam enem isuk, supaya iso resik resik kelas. Ora kejaba kemis iki mau, jam enem pas rudi lan Tika wes metu saka omah supaya ora telat anggone piket. Nanging ing tengah dalan Rudi kepleset marga kurang ati ati ing dalan sing mari keguyur udan. Mula Tika dadi nulungi Rudi. Akhire wong loro mau teka telat menyang sekolah lan ora bias piket isuk.
Andedasar tujuane nulis, bedane teks siji lan teks loro yaiku … .
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks deskripsi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks narasi
Teks siji kelebu teks deskripsi, teks loro kelebu teks persuasi
Teks siji kelebu teks narasi, teks loro kelebu teks eksposisi
Tangane Ranti ............. luwes banget yen lagi njoget.
Panyandra sing pas kanggo ngganepi ukara iki yaiku...
Nraju mas
Nggandewa pinentang
Ngolan-olan
Nyigar jambe
Dewi Shinta drijine cilik dawa yen dicandra drijine....
nggandhewa pinenthang
mucuk eri
micis wutah
miji timun
Dhasar pakulitane putih, untune … yen ngguyu katon manis banget.
Tembung panyandra kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku … .
ngundup mlati
ngombak banyu
miji timun
mucuk eri
Andini pancen ayu, Alise nanggal sepisan. Ukara iki ngemu surasa panyandra.
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-cirine tembung panyandra yaiku . . .
kang dicandra alane
ngemu surasa pepindhan utawa memper
ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen.
kang dicandra becike lan mengku ngelem kaendahan
Ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad/ngilokno uwong diarani ....
panyendhu
panyandra
pepindhan
parikan
Sanajan Gareng kuwi tangane cekot, nanging kelkuane becik. Ukara iki minangka tuladhane tembung panyendhu. Ing ngisor iki sing minagka ciri-cirine tembung panyendhu yaiku ... .
Ngemu surasa pepindhan utawa emper
kang dicandra becike lan ngelem kaendahan
Kang dicandra alane lang ngemu surasa nyacad
ngemu suroso kosok balen nanging mbangetake
Lakune wong ngalor ngidul, ngetan bali ngulon, polahe wong ing kutha kaya . . .
Tembung pepindhan kang mathuk kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku … .
Bantheng ketaton
Kemanten ditemokake
Gabah diinteri
Sulung lumebu geni
Gatekno ukara ing ngisor iki!
1. Bocah ayu kuwi Alise nanggal sepisan lan pipine nduren sajuring
2. Sanajan Bocah loro kuwi kembar nanging Bedane kaya bumi karo langit
3. Amarga mari kacilakaan Mardi sikile dingklang
4. Mbah Kakung lan mbah putri rukun banget, menyang ngendi wae wong loro kaya mimi lan mintuno
Ukara ing nduwur sing kelebu tembung pepindhan yaiku nomer … .
1 lan 2
2 lan 3
2 lan 4
1 lan 3
Ukara ing ngisor iki sing kalebu pengertene tembung parikan yaiku . . .
unen-unen kang dumadi saka rong gatra (larik) lan nengenake purwakanthi runtuting swara.
ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad
ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya
ukara kang digunakake kanggo ngalembana utawa nggambarake awak, solah, bawa.
Ciri-ciri tembung parikan yaiku . . .
nggambarake sarwa ala utawa nacad
ngemu surasa mbangetake nanging kosok balen
gatra kapisan minangka sampiran, gatra keloro minangka isi
tembung kang mawa wewaton guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, kudu sregep ....
lemu
tuku
mlayu
sinau
Sempurnakno parikan ing ngisor iki!
Sepet-sepet sawone mentah.
Diempet-empet selak ra betah
Ojo sok ngenyek marang kanca
Bocah kesed, ora munggah kelas
Ojo dumeh masio wes sugeh
Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.
Tembung sing klebu panyendhu yaiku ...
Dedege dhuwur
Batuke nonong
Lembehane mlarak sempal
Yen mlaku kaya macan luwe
Susanti iku bocah ayu banget, yen nyawang mripate ... .
duren sajuring
tumenga ing tawang
nawon kemit
ndamar kangingan
paraga wayang ing ngisor iki kang aran raden werkudara yaiku ... .
Gambar wayang iki anakke Dewi Anjani jenenge ....
Trijatha
Wibisana
Indrajid
Anoman
Anak Pambarep (Pertama) Pandawa yaiku...
Puntadewa minangka pembayun duwe watak wicaksana, adil, ambegdarma lan narima. Raden Werkudara panengaking Pandhawa gedhe dhuwur gagah prakosa nduweni watak jujur. Raden Arjuna satriya kang sekti mandraguna kondhang baguse, prigel lan pinter manah, jejuluk lelananging jagadRaden
Puntadewa dalah adhi-adhine duwe watak andhapasor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh ing babagan kasekten, nanging najan mangkono ora seneng pamer kasekten lan kadigdayan.
Kepriye watak e raden Puntadewa dalah adhi-adhine .... .
wicaksana, adil ambegdama lan narima
gagah prakosa lan jujur
prigel lan pinter manah
andhap asor, prasaja lan seneng ngangsu kawruh
Ya wiwit dina kuwi , aku manggon ana pertapan. Kakang Sumantri banget tresnane marang aku ( Sukrasana ). Dheweke tansah ngladeni sakabehing kebutuhanku . Menyang endi wae aku mesthi dijak. Mula ora jeneng aneh menawa aku uga tresna banget marang Kakang Sumantri. Rasane aku ora bisa pisah karo dheweke .
Golekana pesan moral kang ana ing pethikan crita wayang ing ndhuwur !
rasa setia tuhu lan srei
setia tuhu lan dengki
rasa welas asih lan setia tuhu
srei lan andhap asor
Sakwise ngasorake negara Ngalengka rama banjur mlebu menyang kraton nggoleki Dewi Sinta. Rama banjur tumuju menyang Taman Argasoka, nanging Rama nolak Dewi Sinta amarga wes dianggep ora suci. Rama banjur njaluk marang Dewi Sinta supaya mbuktekake menawa deweke isih suci sarana nglakoni pati obong. Dewi Sinta slamet saka urupe geni amarga saka pitulunge dewa. kabeh mau mingaka tanda menawa Dewi Sinta tetep wanita kang suci
amanat sajroning crita ing nduwur yaiku ... .
dadi uwong aja sok pinter
salah utawa bener tumindak e uwong iku bakal kebukten
sapa sing salah kudune bisa seleh
dadi uwong ngunu ora oleh tumindak kang becik
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane taman Sriwedari dheweke njerit-njerit kamigilan weruh ana butha bajang ing njero taman. Dewi Citra Wati banjur laporan marang prabu Harjuna. Sang Prabu dawuh marang sumantri supaya nyingkirake buta bajang.
Latar panggonan crita ing nduwur yaiku ... .
Pertapan
Taman Sari
taman Sri wedari
taman Citrawati
Aksara jawa iku menawa ditulis aksara latin yaiku .....
Raden Arjuna
Raden Werkudhara
Raden Janaka
Raden Nakula
Tembung Adigang menawa ditulis aksara Jawa dadine ....
Ukara Jawa ing dhuwur wacane ....
reresik kolah
reresik kolam
reresik omah
reresik kamar
Maosipun ...
Judule lagu ambyar.
Judul lagune ambyar.
Judule lagune ambyar.
Judul lagu ambyar.
Ukara iku menowo ditulis latin unine .....
Bapak nembe siram
Ibu nembe siram
Bapak nembe dhahar
Bapak nembe gerah
Ukara ngisor iki kang nggunakake pasangan "na" yaiku ....
Ukara Jawa ing dhuwur kadunungan pasangan ....
ra
ka
da
ta
