WorksheetsUH GEGURITAN KELAS XI
Total questions: 50
Worksheet time: 43mins
sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing ngisor iki kejaba...
wirasa
wirama
wicara
wilangan
Geguritan iku nang basa Indonesia diarani
pantun
puisi
lagu
sajak
Obahing awak nalika maca geguritan diarani...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
Geguritan kalebu karya sastra gagrag.....
Lawas
Kuno
Anyar
Tradhisional
Pilihan tembung sajrone geguritan diarani
Imaji
Amanat
Diksi
Rima
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Nalika maca sawijining geguritan kudu nggatekake wirasa kang tegese . . .
dawane ukara
rasaning swasana ati
pocapan kang cetha
obahing awak
Basa kang digunakake ing geguritan yaiku basa
padinan
krama
ngoko
rinengga
Pangerten pada yaiku...
Bait
Larik
Suku kata
Rima
Tembang
Pangerten gatra yaiku...
Bait
Baris
Suku kata
Rima
Irama
Tipografi tegese...
Bentuke geguritan
Panyitra
Lelewane Basa
Tembung kang runtut karo ngarepe
Tembung sumambung
Purwakanthi guru swara tegese...
Kang akeh dibaleni swara vokal
Kang akeh dibaleni swara konsonan
Kang dibaleni wanda
Kang dibaleni tembung
Kang dibaleni ukara
Purwakanthi guru sastra tegese...
Kang dibaleni swara vokal
Kang dibaleni swara konsonan
Kang dibaleni wanda
Kang dibaleni tembung
Kang dibaleni ukara
Tema geguritan tegese...
Swasana kang diandharake
Rasa pangrasa kang ana ing geguritan
Punjere isi geguritan
Pitutur luhur
Piwulang moral
Amanat tegese...
Punjere isi
Idhe pokok
Piwulang moral
Rasa pangrasa
Swasana ing geguritan
Tembung larik, pada, wirama, lan isi, uga diarani ... geguritan
Unsur
Tegese
Jenising
Isine
Basa kang endah ing sajroning geguritan uga diarani basa...
Krama
Jawa
Rinengga
Mentes
Jenising geguritan ana loro, yaiku...
Lawas lan tradisional
Anyar lan modern
Bebas lan modern
Tradisional lan modern
Guruku...
Kula nyuwun dunga lan pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu
Saged dados sangu
Kanggo nggayuh gegayuhanku
Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...
Sekolahku
Sinau
Guruku
Gegayuhanku
Guruku...
Kula nyuwun dunga lan pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu
Saged dados sangu
Kanggo nggayuh gegayuhanku
Geguritan ing ndhuwur ana ... larik
3
4
5
6
Guruku...
Kula nyuwun dunga lan pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu
Saged dados sangu
Kanggo nggayuh gegayuhanku
Geguritan ing ndhuwur ana ... pada
1
2
3
4
Pamilihing aksara kang trep sing bisa nuwuhake swara kang endah diarani...
Tembung
Larik
Wirama
Intonasi
Sipate geguritan modhern yaiku...
Duwe wirama sing paten
Kaiket dening guru lagu
Macane gatekake cengkok
Diwaca kanthi ditembangake
Bebas lan mardika
Dhiksi kanggo...
nemtokake prakara ing geguritan
nemokake isi geguritan
ngasilake geguritan kang endah
medhot tembung supaya jangkep
nggancarake geguritan
Geguritan ingkang sae ngemot unsur-unsur ing ngandhap, kajawi ...
endah
mentes
cekak
enggal
Ebahing badan kedah dipungatosaken, kedah luwes boten kaku, bab punika magepokan kaliyan ...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
Sing kalebu titikaning geguritan yaiku, kajaba ....
Cekak
Mentes
Nggladrah
Tembung – tembunge pilihan
Babagan wirasa uga wigati, aja dilaleke amarga wirasa iku ....
Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan
Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca
Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan
Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
Urip ing donya iki,
Kudu tansah gemi, setiti, lan ngati-ati
Duwe pakarti kang edi peni.
Geguritan kasebut nganggo Purwakanthi ....
Purwakanthi sastra
Purwakanthi basa
Purwakanthi swara
Purwakanthi lumaksita
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
sing kalebu struktur lair yaiku
panyitra lan tema
enjambenem lan wirasa
tema lan amanat
diksi lan tipografi
wirasa lan amanat
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...
swara i
sastra t
basa/lumaksita kali
swara um
sastra g
jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.
tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
diksi
tipografi
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudhune....
pinter nembang
bisa ngarang
paham isine
ngerti pengarange
Rukun agawe santosa. Tembung santosa tegese....
kuwat
resik
gotong-royong
slamet
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
resik lan sehat
cancut tali wanda
nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
ora mung padha gumuyu
ora tinggal glanggang colong playu
tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
rukun agawe santosa
guyub rukun kaya sapu sada
Saka geguritan ing dhuwur, pada katelu dumadi saka pirang gtra?
4
3
11
5
iramane moco geguritan (banter, alon, samar, utawa sora )
wirasa
wirama
wiraga
wicara
Tipografi yaiku...
rerangken tetembungan ing geguritan bisa medharake pengalaman indrawi
wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe, sarta ora dipungkasi tandha pawacan
tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji
tembung kang digunakake penyair kanggo nyritakake sawijining bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane
Tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji yaiku...
pengimajinasian
purwakanthi
diksi
tembung konkret
Bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos yaiku...
tema
pangrasane penyair
nada
amanat
Struktur kang mbangun geguritan iku diperang dadi.....
2
3
4
5
Kang klebu struktur batin geguritan yaiku.....
Amanat
Tipografi
Diksi
Rima
Cintaku sekonyong-konyong kodher. Karo kowe cah ayu sing bakul lemper. Lempermu pancen super. Resik tur anti laler. Tembung lemper ing tembang campursari kasebut kalebu purwakanthi ….
sastra
basa
swara
dwipurwa
wasana
Aja mung dadi mandhor. Tudang-tuding mondhar-mandhir. Mundur mungkur gangsir. Pethilan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi ....
lumaksita
swara
sastra
basa
gatra
Cecer cicir cewet, kalebu tuladha purwakanthi ....
guru swara
guru sastra
guru wilangan
guru basa
