WorksheetsUH IX Bab 1 dan 2 Semester 1
Total questions: 20
Worksheet time: 1hrs 20mins
Sasmitaning nagurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-ngaku
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira
Gatra kang cacahe wilangan ora padha yaiku...
1 lan 2
1 lan 10
3 lan 8
4 lan 10
Sasmitaning nagurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-ngaku
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira
Pangrasane sampun udani yaiku...
rumangsane wis diblejeti
rumangsane wis weruh
manut panemune wis bener
pangirane wis wayah udan
Nanging yen sira geguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata
ingknag becik martabate
sarta kang wruh ing khukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing liyan
iku pantes sira guronana kaki
sartane kawruhana
Wong kang wis amungkul iku maksude...
ora mikirake peparingane wong
emoh diparingi apa wae dening wong
tansah ngarep-arep peparingane wong
tumungkul yen ana kang peparing
Nanging yen sira geguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata
ingknag becik martabate
sarta kang wruh ing khukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing liyan
iku pantes sira guronana kaki
sartane kawruhana
Manut tembang ing dhuwur, wong kang ora pantes diguroni yaiku wong kang...
becik martabate
weruh bab ukum
ngibadah lan wirangi
tan mungkul pawehing liyan
Nanging yen sira geguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata
ingknag becik martabate
sarta kang wruh ing khukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing liyan
iku pantes sira guronana kaki
sartane kawruhana
Priyayi kang wis amungkul tegese priyayi kang...
yen tindak ndhingkluk ora mirsani ngarep
mentingake gaweyan lan undhuh-undhuhane
mentingke pawehing liyan tinimbang karyane
ngepenakake gaweyan lan ora mikir pawehing liyan
Prabu Sumali nganakake sayembara sapa sing bisamedharake "Sastra Jendra Pangruwating Diyu" bakal dadi garwane Dewi Sukesi. Apa kang jalari Prabu Sumali nganakake Sayembara?
Amarga Dewi Sukesi duruung duwe garwa
Panyuwune Dewi Sukesi
Nggolek garwa kang bener
Supaya Dewi Sukesi dadi garwane Wisrawa
Dasamuka tetep ngukuhi ora gelem mbalekake Dewi Sinta, mula dadi peperangan. Senapati agul-aguling Ngalengka gugur. Sapa sing digadhang-gadhang dadi senapati perang?
Kumbakarna
Gunnawan Wibisana
Sugriwa
Sarpakenaka
Piwulang becik apa kang bisa kapethik saka wujude anake Wisrawa kang wujude buta lan satriya bagus?
Kabeh wong duwe watek ala kaya Sarpakenaka
Saben wong ora nate nglakoni bingung
Kabeh wong ora nduweni watek becik kaya Gunawan Wibisana senajan sethithik
Saben wong nate duwe watak ala lan becik
Dhasar apa kang kanggo pancadan Kumbakarna maju dadi senapati perang?
Netepi jejering satriya labuh marang negara Ngalengka
Belani Dasamuka
Nginggatake kethek-kethek balane Rama saka Ngalengka
Meri karo Sugriwa kang perang mbelani bebener
Nalika senapati agul-aguling perang padha gugur, sapa satemene sing nandhang wirang?
Kabeh senapati perang
Dasamuka
Kumbakarna
Patih Prahastha
Prabu Rama dhawuh marang Anoman tumuju Alengka. Bab iki dadi pilihane Prabu Rama sesambungan karo anane pawarta kang ora pati cetha bab Dewi Sinta. Duta kang dipilih iki Anoman amarga Anoman nduweni kasekten kang dhuwur dadi yen ngadhepi mungsuh kang ditemoni ing tengah dalan bakal bisa ngrampungi. Apa maneh Anoman kuwi bisa mabur mesthi wae lakune cepet tinimbang senapati liyane kang liwat dharat. Anoman tumuju Alengka kudu ngliwati samodra.
Prabu Rama milih Anoman dadi duta amarga Anoman iki nduweni kasekten kang ora diduweni prajurit liyane...
sarujuk sebab tugas kang kudu dirampungake Anoman iku abot
Ora sarujuk sabab nonton wujude wae, Anoman iku ora mitayani
ing tugas iki ora mbutuhake kasekten, kang dibutuhake amung kuwanen
sarujuk sabab liyane Anoman, prajurit Ayodya ora ana kang sekti
Negara Ngalengka kaya-kaya wis ora kajen, amarga diorak-arik bangsane ketheh-kethek balane Rama. Sing duwe panganggep kaya ngono yaiku...
Dasamuka
Kumbakarna
Rama Wijaya
Dewi Sinta
Bapak turu, nalika aku adus, lan ibu lunga ning pasar tuku beras.
Basa kramanipun...
Bapak sare, nalika kula siram, kaliyan Ibu tindak dhateng peken mundhut wos
Bapak sare, nalika kula siram, kaliyan Ibu tindak dhateng peken tumbas wos
Bapak sare, nalika kula adus, kaliyan Ibu tindak dhateng peken tumbas wos
Bapak sare, nalika kula adus, kaliyan Ibu tindak dhateng peken mundhut wos
Wacan saka Aksara Jawa ing gambar yaiku...
ana uga kang sira anetepi
lamun ana wong micara kaki
sasmitaning ngaurip puniki
nanging yen sira nggeguru kaki
"iya kang wus amungkur"
Aksara Jawane yaiku...
Sebutna Sipat-sipating paraga ing ngisor iki!
a. Dasamuka
b. Kumbakarna
(a)
"Sikile simbah lara, amerga wingi sore mlaku bali saka mesjid kesleo ning dalan"
Basa krama-na ukara ing dhuwur!
(a)
Apa kang diarani Guru Gatra, Guru Lagu, lan Guru Wilangan?
(a)
"Pamedhare wasitaning ati"
ukara ing dhuwur tulisen nagnggo Aksara Jawa!
Tulisen Paugeraning Tembang macapat Dhandhanggula!
(a)
