Font size
Worksheetsbasa karma hadi
Total questions: 39
Worksheet time: 27mins
Mengapa penting untuk memahami perbedaan Krama dan Ngoko?
Agar bisa berbicara lebih cepat tanpa memperhatikan konteks.
Karena Krama dan Ngoko adalah dua jenis makanan.
Untuk menghindari penggunaan bahasa yang salah.
Penting untuk berkomunikasi dengan tepat sesuai konteks sosial dan budaya.
Aku numpak sepeda, dene bapak ...
numpak
nitih
nganggo
nggawa
Bu Guru lagi nulis ing blabag.
Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .
Maos
Nyerat
Lenggah
Nedha
Pak Ahmad kondur saka mesjid sawise shalat isya.
Tembung kondur tegese padha karo tembung . . . .
Mulih
Rawuh
Kesah
Dugi
Ibu lunga menyang pasar.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .
Ibu kesah dhateng peken
Ibu bidhal dhateng peken
Ibu tindak dhateng peken
Ibu rawuh saking peken
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...
ngoko alus
ngoko lugu
ngoko biasa
ngoko umum
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama
Krama inggil
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama andhap
Ngako lugu ngasta
jupuk
nggawa
mbekto
nenteng
Ragam basa kang nduweni titikan ater-ater lan panambang dadi krama lan panyebutan uwong liya bisa "sampeyan" yaiku...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Karma alus
Kula sampun.....menawi boten saged ndherek. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...
ngomong
kandha
matur
ngendika
ngucap
Eyang ngunjuk wedang jahe. Adhiku melu-melu...wedang jahe.
ngombe
ngunjuk
nyruput
ngeglak
nenggak
Adhiku durung gelem mlebu sekolah“. Yen disalin dadi basa krama alus yaiku...
Adhiku dereng gelem mlebet sekolah.
Rayi kula durung gelem mlebu sekolah
Adhi kula dereng gelem mlebet sekolah
Rayi kula dereng kersa mlebet sekolah
Rayi kula durung purun mlebet sekolah
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Bapak ... dhateng Solo. Tembung sing trep yaiku
Lunga
Sare
Tindak
Siram
Ngako lugu ngasta
jupuk
nggawa
mbekto
nenteng
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor
Kowe maeng apa uwis mangan?
Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....
Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?
Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?
Panjenengan wau napa sampun nedha?
Panjenengan wau menapa wis dhahar?
Kula sampun mbeta seratipun, Pak.
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko lugu dadi .....
Aku ora gawa apa-apa, Pak
Aku wis gawa serat, Pak
Aku wis gawa surate, Pak
Aku ora gawa surate, Pak
Krama aluse ngomong yaiku .....
Kandha
Ngendhika
Mbacot
Matur
Ing ngisor iki ukara sing nganggo ngoko alus yaiku ....
Ibu lagi wwae dugi saka pasar
Simbah nembe gerah wajanipun
Bapak ningali TV wonten kamar
Pak lurah ora sido teko
Ukara ing ngisor iki kang kalebu krama alus yaiku……
Simbah adus wayah awan
Aku dhahar sega goreng
Ibu tuku kangkung lan tempe
Simbah saweg turu
Bapak nitih montor tindhak sekolah
panjenengan sampun dhahar?
nggih kula sampun dhahar
nggih kula sampun nedha
nggih kula sampun maem
nggih kula sampun mangan
simbah (maca) koran
maca
maos
mirsani
ningali
bu guru (gawa) buku
nggawa
mbekta
ngasta
njinjing
kula saweg (mangan) bapak saweg (mangan)
dhahar; dhahar
maem; dhahar
nedha; dhahar
maem; nedha
basa kramane TUKU
tumbas
nyilih
mundhut
jajan
piye anggonmu pamit mangkat sekolah?
bu aku pamit budhal sekolah yo?
bu kula pamit tindak sekolahan
bu kula badhe nyuwun pamit bidhal sekolah
bu kula njaluk pamit menyang sekolah
Omahe budhe wonten Semarang. tembung omahe benere ....
daleme
dalemipun
griyanipun
griyane
Ashila dereng saged turu. tembung turu benere yaiku .....
sare
tilem
nyipeng
molor
Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe. Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
krama
ngoko
ngoko alus
krama alus
krama lugu
"Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak mriki." Ature Andri.
"Iya nduk, ana perlu karo bapakmu. Bapak ana?"
Basa kang digunakake Andri yaiku …
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
Krama Lugu
Nalika cecaturan karo Pakdhe, minangka wong kang luwih tuwa, lan mbasakne pakdhe, kita kudu nggunakake basa .....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
"Kowe maeng apa uwis mangan?" Pitakone ibu.
Ukara kasebut yen digenti wong sing ngomong, yaiku anak marang ibune, ukarane sing bener yaiku?
Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?
Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?
Panjenengan wau napa sampun nedha?
Panjenengan wau menapa wis dhahar?
"Nduk, wis sarapan apa durung? Ndang sarapan sik. Iki ana sega goreng senengane sampeyan." Pitakone ibu marang Rika.
"Kula sampun dhahar niki wau buk. Sampun kula incipi sekul gorengipun. Hmm ueca temen." Wangsulane Rika.
---------------------------------
Kepiye tanggapanmu babagan unggah-ungguh basa sing dinggo ing pethikan pacelathon ing dhuwur?
Ibu migunakake Basa Ngoko Lugu, amarga ngomong marang wong sing luwih tuwa.
Ibu migunakake Basa Ngoko Alus, kanggo ngurmati anake
Rika matur nganggo basa Krama Lugu. Nanging ana tembung kang kurang bener, yaiku "dhahar".
Rika matur nganggo basa Krama Lugu nalika matur marang ibune. Lan tembunge wis bener kabeh.
Ukara kang bener kanggo nyuwun izin ora mlebu ekstra kurikuler amarga lara panas, yaiku.....
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged mlebet ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged tindak ekstra kurikuler amargi gerah benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged rawuh ekstra kurikuler amargi sakit benter.
Pangapunten, pak/bu. Kula badhe izin boten saged kondur ekstra kurikuler amargi sakit benter.
"Sajake kok abot temen iku tase nduk. Nggawa apa ae se?" Pitakone Bu Ifah.
"Oh, menika bu, aku nggawa klambi gantos kangge ngerjakaken tugas kelompok mangke, bu." Wangsulane Febri.
---------------
Ukara Febri sing diwehi garis ngisor iku kurang trep karo unggah-ungguhe. Sing bener yaiku.....
Kula ngasta rasukan
Kula bekta rasukan
Kula bekta ageman
Kula ngasta ageman
