WorksheetsWulangan Kraton Ngayogyakarta
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Raja Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang kagungan asma timur Bendara Raden Mas (BRM) Sujono inggih punika… .
Hamengku Buwono I
Hamengku Buwono II
Hamengku Buwono III
Hamengku Buwono IV
Kasetitekna gambar Lambang Kraton Ngayogyakarta (Praja Cihna) ing ngandhap menika!
Perangan nomer 1, 2, 3, 4 punika dipunsebut...
Makara, Ceplik,Lar, Sulur
Praba, Sumping, Sulur, Lar
Songkok, Lar, Aksara HaBa, Sulur
Songkok, Sumping, Sayap, Sulur
Lambang Kraton Ngayogyakarta hadiningrat ingkang gadhah teges “gesang tansah damel sumunar ing bumi” inggih punika… .
Sulur
Ceplik
Tameng
Songkok
Klebet bregada kados ing ngandhap menika asring dipunsebut kanthi nama…
Pareanom
Gula klapa
Bahningsari
Wulandadari
Gambar ing ngandhap menika nedahaken bregada kraton Ngayogyakarta ingkang sinebut…
Bugis
Nyutra
Dhaeng
Surakarsa
Kekancingan asma tumrap garwa dalem padmi Sultan Ngayogyakarta inggih menika…
Kanjeng Bendara Raden Ayu
Kanjeng Bendara Mas Ayu
Gusti Raden Ajeng
Gusti Kanjeng Ratu
Kerajaan Mataram pecah dados kalih inggih Kasultanan Ngayogyakarta lan Kasunanan Surakarta awit saking Perjanjian…
Perjanjian Giyanti
Perjanjian Renville
Perjanjian Linggarjati
Perjanjian Roem Royen
Kekancingan asma tumrap garwa dalem selir Sultan Ngayogyakarta saking trah ningrat inggih menika… .
Gusti Raden Ajeng
Gusti Kanjeng Ratu
Kanjeng Bendara Mas Ayu
Kanjeng Bendara Raden Ayu
Kekancingan asma tumrap putra ratu ingkang ginadhang ing samangkenipun badhe gumantos nata ing kraton Ngayogyakarta inggih menika… .
Gusti Bendara Raden Mas
Kanjeng Gusti Pangeran Harya
Gusti Bendara Pangeran Adipati Anom
Bendara Pangeran Harya Suryadilaga
Jejulukipun ingkang jumeneng nata ing Kasultanan Ngayogyakarta sasampunipun wonten sabda raja inggih menika…
Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana Ingkang Jumeneng Kasepuluh Suryaning Mataram, Senapati Ing Alaga Langgenging Bawana Langgeng.
Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bhawana Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ing Mataram, Senapati Ing Alaga Langgenging Bhawana Langgeng.
Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Buwana Senapati Ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah.
Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Buwana Ingkang Jumeneng Kasepuluh Suryaning Mataram, Senapati Ing Alaga Langgenging Buwana Langgeng
Gambar ing sisih tengen, bregada kraton Ngayogyakarta ingkang sinebat…
Bugis
Wirabraja
Prawiratama
Patangpuluh
Klebet bregada ing sisih tengen dipunwastani… .
Papasan
Cakragora
Bahningsari
Purnamasidhi
Tiyang sepuhipun Bendara Raden Mas Herjuno Darpito inggih punika…
Sunan Amangkurat IV kaliyan garwa selir Mas Ayu Tejawati
Sri Sultan Hamengku Buwono I kaliyan Kanjeng Ratu (GKR) Kadipaten
Sri Sultan Hamengku Buwono IX kaliyan KRAy Widyaningrum
Sri Sultan Hamengku Buwono III kaliyan Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Hageng
Saksampunipun Gusti raden Mas Murtejo seda, ingkang gumantos Nata ing Kraton ngayogyakarta inggih punika…
GRM Sundoro
GRM Mustojo
BRM Sujana
GRM Sujadi
Raja Kraton Ngayogyakarta ingkang kagungan asma timur Gusti Raden Mas Gatot Menol saha dipunsarekaken wonten ing Astana Besiyaran Pajimatan Imogiri inggih punika…
Sri Sultah Hamengku Buwono I
Sri Sultah Hamengku Buwono II
Sri Sultah Hamengku Buwono IX
Sri Sultah Hamengku Buwono V
Ing sakiwa tengen margi antawisipun Panggung Krapyak tumuju dhateng Plengkung Nirbaya kathah tetuwuhan wit asem. Tumraping budaya Jawi, wit asem menika mengku teges ….
Nengsemaken
Raos kecut
Raos lingsem
Awet anom
Bregada menika ngginakaken busana sikepan lurik kanthi rompi emas, sepatu pantopel cemeng, kaos kaki biru sepuh, songkok cemeng. Klebet bregada winastan papasan. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula. Tetabuhanipun gendhing Tameng Madura lan Slahgendir. Menika titikanipun saking prajurit….
Jagakarya
Mantrijero
Ketanggung
Nyutra
Klebet utawi gendera bregada Bugis winastan ….
Wulandadari
Gula klapa
Bahningsari
Cakragora
Bregada utawi prajurit Kraton Ngayogyakarta ingkang gadhah jejibahan minangka cucuking ngajurit salebeting perang inggih menika ….
Lombok abang
Prawiratama
Surakarsa
Patang puluh
Ingkang jumeneng Nata ing Pura Pakualaman ajejuluk ….
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Paku Buwana
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Paku Alam
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Paku Buwana
Gambar menika salah satunggaling wewangunan ing Kraton dalem Ngayogyakarta dipunwastani ….
Bangsal Trajumas
Bangsal Pangrawit
Bangsal Srimanganti
Bangsal Witana
Kekancingan asma tumrap putridalem Sultan ingkang mijil saking garwadalem ampeyan/selir saking trah ningrat ananging dereng palakrama inggih menika… .
Bendara Raden Ajeng
Gusti Kanjeng Ratu
Kanjeng Bendara Mas Ayu
Kanjeng Bendara Raden Ayu
Gambar ing ngandhap menika nedahaken bregada kraton Ngayogyakarta ingkang sinebut…
Nyutra
Jagakarya
Surakarsa
Dhaeng
Salah satunggaling wewangunan ing Kraton Ngayogyakarta ingkang dipunginakaken kangge papan pagelaran budaya saha papan kangge nampi para tamu inggih punika...
Bangsal Srimanganti
Bangsal Kencana
Bangsal Trajumas
Kamandhungan Lor
Salah satunggaling wewangunan ing Kraton Ngayogyakarta ingkang dipunginakaken kangge papan sungkeman saha papan ngabekten para abdi dalem kados dene dinten riyaya inggih punika...
Bangsal Kencana
Bangsal Srimanganti
Bangsal Trajumas
Kamandhungan Lor
Bergada ing ngandhap menika minangka satunggaling bregada kraton Ngayogyakarta ingkang asalipun saking Bangsawan Makasar, saha gadhah pusaka ingkang sinebut…
Waos Kanjeng Kyai Jatimulya
Waos Kanjeng Kyai Slamet
Waos Kanjeng Kyai Nenggala
Waos Kanjeng Kyai Cakra
Bergada ing ngandhap menika gadhah teges minangka prawira ingkang ancasipun njagi rahayuning Adipati Anom (putra mahkota), dene jejibahananipun…
Ngawal gunungan ingkang kabekta dhateng Mesjid Gedhe
Njagi lan nentremaken lampahing pamarentahan ing Kraton
Cucuking prajurit salebeting perang
Tansah ngampingi saha njaga tentreming ratu
Raja Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat nalika jumeneng nata ugi dados wakil presiden inggih punika...
BRM Herjuno Darpito
GRM Dorojatun
GRM Mustojo
GRM Ibnu Jarot
Grebeg Maulud Dal wonten ing Kraton Ngayogyakarta namung dumadi saben 8 taun sepisan, tradhisi menika minangka pralambang bilih masarakat Jawa sampun samapta nampi piwulang Islam saha pralambang mijilipun Nabi Muhammad SAW inggih punika...
Sekatenan
Numplak Wajik
Jejak Banon
Grebeg Gunungan
Bergada miturut gambar menika nalika lumampah ing adicara adat Kraton Ngayogyakarta dipuniringi swara gendhing. nalika lumampah cepet saha lumampah alon ngginakaken gendhing...
Rintikmas lan Haejunamangsah
Plangkenan lan Slagunder
Surengpang lan Tamtama Balik
Bulu-bulu lan Mars Gendera
