Font size
WorksheetsSAS Ganjil Bahasa Jawa - Kelas 5
Total questions: 35
Worksheet time: 43mins
"Nandur wit iku akeh paedahe. Kapisan, wit bisa nggawe hawa dadi seger lan resik. Kapindho, oyot wit bisa nahan banyu udan supaya ora banjir. Katelu, wit uga bisa dadi papan panggonan manuk-manuk. Mula, kudu padha sregep nandur wit."
Wacan ing dhuwur kalebu jinise paragraf...
Deduktif
Induktif
Campuran
Naratif
Teks sing isine nggambarake sawijining objek kanthi cetha, kaya-kaya sing maca bisa ngrasakake, nyawang, lan ngrungokake dhewe, diarani teks...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
"Ayo padha nindakake urip sehat wiwit saiki! Mangan panganan sing bergizi, aja lali olahraga kanthi teratur. Aja pisan-pisan nyedhaki rokok lan omben-omben keras. Kanthi urip sehat, awake dhewe bakal kuwat lan ora gampang lara. Dadi, wiwit dina iki, ganti pola uripmu!"
Wacan ing dhuwur kalebu jinise teks...
Narasi, amarga nyritakake prastawa.
Eksposisi, amarga njlentrehake cara urip sehat.
Argumentasi, amarga ana panemu lan bukti.
Persuasi, amarga nduweni tujuwan ngajak-ajak.
Yen awaké dhéwé lagi maca wacan kanthi cepet banget mung kanggo nggolèki siji informasi tartamtu (umpamané jeneng utawa tanggal ing dhaptar), jenisé maca kasebut diarani...
Maca Ekstensif (Extensive Reading)
Maca Intensif (Intensive Reading)
Maca Cepet (Scanning)
Maca Indah
Sikap utawa obahing awak nalika maca utawa nembang (umpamané ékspresi pasuryan, polatan tangan, lan obahe sikil), diarani...
Wirasa
Wirama
Wicara
Wiraga
Salah sawijining ciri-ciri teks deskripsi yaiku...
Isiné ngajak-ajak sing maca.
Nggunakake indra kanggo nggambarake objek.
Ana tokoh lan alur kedadean.
Isiné andharan panemu lan bukti.
Paragraf sing kalimat utamané mapan ing pungkasan paragraf diarani paragraf ....
Teks sing nyritakake urutan kedadean utawa prastawa kanthi urutan wektu diarani teks ....
Apa tujuwané maca Intensif?
Teks sing isiné laporan kedadean utawa prastawa sing bener-bener kelakon, diwenehake marang masarakat kanthi cepet lan anyar, diarani...
Teks Deskripsi
Teks Eksposisi
Teks Pawarta
Teks Narasi
Salah sawijining titikane pawarta sing apik yaiku kudu aktual, tegesé...
Isiné penting lan ana paedahé.
Pawarta kasebut kudu bener-bener kedadean.
Prastawa kasebut dumadi ing wektu sing anyar utawa lagi waé kelakon.
Panulisane kudu nggunakake basa sing endah.
"Truk Wadhah Wedhi Ambles ing Dalan Protokol
Ing dina Sabtu (2/12) jam sanga esuk, ana truk wadhah wedhi kang ambles rodhane ing Jalan Sudirman, cedhak lampu abang. Prastawa iki ndadekake maceté dalan luwih saka rong jam. Truk kasebut ambles amarga dalan wis tuwa lan ora kuwat nahan momotan sing kakehan. Ora ana kurban jiwa ing kedadean iki."
Ukara "Ing dina Sabtu (2/12) jam sanga esuk" nuduhake unsur pawarta...
What (Apa)
Who (Sapa)
When (Kapan)
Where (Nang endi)
Salah sawijining cara golek pawarta kanthi langsung takon marang sumber utawa wong sing ngerti kedadean, diarani...
Observasi
Studi Pustaka
Wawancara
Eksperimen
Bédané utama pawarta cetak karo pawarta siyaran (radio) yaiku pawarta cetak migunakake ___________ lan pawarta siyaran migunakake ___________ .
Tulisan; Swara
Gambar; Teks
Video; Gambar
Teks; Tulisan
Pawarta kudu migunakake basa sing baku (standar) lan gampang dimangerteni dening masarakat. Iki nuduhake titikan pawarta yaiku...
Aktual
Cetha (Jelas)
Faktual
Narik Kawigatén
Pawarta sing disampekake lumantar koran kalebu wujud pawarta ....
Pawarta nyebutake: 'Bocah loro keseret arus kali Ciliwung nalika padha adus ing dina Minggu (2/12). Kedadean kasebut dumadi amarga ora ngira yèn banyu kali dadi gedhe sawisé udan deres ing pérangan dhuwur.'
Jupuk lan sebutna unsur WHAT, WHEN, lan WHY saka pawarta kasebut!
Tembung-tembung utawa ukara sing diendah-endahake, tujuwané kanggo nambahi éndahing basa lan nyenengake sing maca utawa ngrungokake, diarani...
Basa Krama
Basa Ngoko
Basa Rinengga
Basa Lugas
Basa Rinengga biasané digunakaké nalika...
Pacelathon saben dina karo kanca.
Nulis layang dhines utawa layang resmi.
Nembang macapat, sesorah (pidhato), utawa nulis geguritan.
Nulis laporan pawarta sing resmi.
Pasangan tembung sing tegesé padha utawa meh padha, dienggo bebarengan kanggo ngandharake teges sing luwih kuwat, diarani...
Tembung Entar
Tembung Camboran
Tembung Saroja
Tembung Kriya
Ukara: 'Dadi bocah iku aja lunyu ilaté, mengko ora dipercaya kanca.' Tembung lunyu ilaté tegesé...
Omongané mblubut lan cetha.
Omongané gampang mencla-mencle utawa ora kena digugu.
Seneng njupuk panganan.
Omongané banter banget.
'Kaya banyu karo lenga' kalebu Paribasan sing tegesé...
Wong loro sing gampang rukun.
Wong loro sing ora bisa rukun utawa selaras.
Wong sing banget srakah.
Wong sing ora duwe isin.
Ukara: 'Mlakué kaya macan luwé' kalebu jenis basa rinengga...
Paribasan
Tembung Entar
Pepindhan
Wangsalan
Tembung entar sing tegesé 'Seneng njupuk duwèké wong liya' yaiku...
Tangan dawa.
Jembahe segara.
Kandel kupinge.
Abang kupinge.
Tembung entar jembar kawruhé tegesé ....
Gawea tuladha ukara sing ngemu Tembung Entar 'adhus kringet'! Terangna tegesé!
Tembang Jawa digolongake dadi telung golongan, yaiku Tembang Gedhé, Tembang Tengahan, lan...
Tembang Madya
Tembang Alit
Tembang Agung
Tembang Anyar
Tembang Macapat iku cacahe ana...
7
9
11
15
Cacahing wanda (suku kata) saben gatra ing tembang macapat diarani...
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru Swara
Guru Wilangan
Tembang sing urutané nomer siji utawa kapisan, sing nggambarake kahanan nalika isih ing jero kandungan yaiku...
Maskumambang
Mijil
Kinanthi
Pocung
Tembang Pocung nduweni paugeran Guru Gatra 4. Tegesé tembang kasebut nduweni...
4 larik (baris) saben sapada (bait).
4 wanda (suku kata) saben sapada.
4 jinis swara.
4 Guru Lagu sing padha.
Ngelmu iku kalakone kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budya pangekese dur angkara (12a)
Tembang ing dhuwur kalebu jinise Tembang...
Maskumambang
Kinanthi
Pocung
Gambuh
Cacahing gatra saben sapada (bait) ing tembang macapat diarani ....
Tibaning swara a, i, u, e, o ing pungkasan gatra diarani ....
Sebutna limang (5) jeneng Tembang Macapat sing kok ngerteni!
