WorksheetsBahasa Jawa X
Total questions: 40
Worksheet time: 10hrs 0mins
Serat Wedhatama kang ngripta .…
Sri Paku Buwana IV
R.Ng. Ranggawarsita
K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
Sultan Agung
Panembahan Senapati
Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku …
guru sastra
guru basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra yaiku …
guru sastra
guru basa
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha diarani ....
dhandhanggula
pangkur
mijil
sinom
sinom
Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani tembang…
dhandhanggula
pangkur
mijil
sinom
maskumambang
Jinjer neng Wedhatama
Ingkang kacetak miring gadhahi teges…
kacipta
lair
mesthi
mungkur
lunga
Werdine gonyak-ganyuk nglelingsemiI, yaiku .....
Sakarepe dhewe mula ngisin-isini
Supaya ora mangu-mangu
Mapan ing papan sepi murih wening atine
Aja tumindak kang singlar saka wewaton urip
Tumindak becik iku minangka lambang kamulyan
Guru gatra tembang Pangkur ana ....
5
6
7
8
9
Guru wilangan tembang Pangkur yaiku .…
8 – 10 – 7 – 7 – 12 – 8 – 8
8 – 11 – 8 – 7 – 11 – 7 – 8
8 – 11 – 7 – 8 – 12 – 8 – 8
8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 9 – 8
8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 8 – 8
Guru lagu ana ing tembang Pangkur yaiku ….
a – i – u – a – u – a – i
a – i – a – a – i – a – i
i – a – e – a – a – u – a
a – u – u – a – u – a – u
a – u – i – a – u – a – i
Unsur-unsur kang mbangun cerkak kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
tema lan amanat
alur lan setting
penokohan lan sudut pandang
riwayat pangripta
setting lan tema
Urut-urutaning teks crita sinebut ....
Tema
Alur
Setting
Point of view
Penokohan
Ringkesan crita cekak sing wis kok garap sinebut ….
Sinopsis
Abstrak
Inti Sari
Kerangka
Cekakan
Nilai kang kamot ing cerkak ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapitayan yaiku......
Nilai moral
Nilai budaya
Nilai religius
Nilai etika
Nilai politis
Struktur pawarta disusun kanthi cara ….
Piramida
Induktif
Deduktif – Induktif
Deduktif
Piramida kuwalik
Unsur-unsur pawarta ing anatarane yaiku .....
Headline, deadline, lead, body language
Objektif, cover both side
Aktual, konflik, tintrim
What, who, when, where, why, how
Nemtokake tema, milih tembung kang jumbuh
“Dina Minggu ing sekolahku dianakake pengetan Maulud Nabi .…”
Pethikan pawarta iki dhuwur ngemot unsur pawarta ....
Who
When
Where
What
How
Yen wong-wong guneman nganggo basa ngoko utawa krama sejatine iku dideleng saka .…
Ukarane
Ater-atere
Diksine
Ejaane
Pocapane
Tembung liyane unggah-ungguh yaiku tembung ....
Tata krama
Tata basa
Tata ukara
Tata makna
Tata laku
Ancasipun saking paragrap deskriptip inggih menika…
Menehi gambaran tumprape samubarang
Menehi piweling dumateng masyarakat
Menehi pengumuman
Menehi pitutur marang masyarakat
Ngajak dene masyarakat tetuku salah sijine prodakPerangan omah joglo kang dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu lan tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan yaiku ….
Teras utawa Pendhapa
Pringgitan
Dalem Agung
Krobongan/senthong
Gandhok atau Pawon/pekiwan
Ruwangan kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku ….
Teras utawa Pendhapa
Pringgitan
Dalem Agung
Krobongan/senthong
Gandhok atau Pawon/pekiwan
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Ruwangan iki diarani ….
Teras utawa Pendhapa
Pringgitan
Dalem Agung
Krobongan/senthong
Gandhok atau Pawon/pekiwan
Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit mula dijenengke .......
Teras utawa Pendhapa
Pringgitan
Dalem Agung
Krobongan/senthong
Gandhok atau Pawon/pekiwan
Istiyani lare ingkang bekti kaliyan tiyang sepuh. Tiyang sepuhipun remen sanget, awit sedaya ngendikaknipun tiyang sepuh tansah dipuntindakaken kanthi remen ing penggalih. Saben enjing saderengipun budhal sekolah ngedalken kambangan wonten ing lepen. Lajeng biyantu ibu ingkang masak,lang ngrampungaken padamelan ingkang entheng-entheng. Kejawi menika tansah pamit lan nyuwun pangestu. Menawi ing babagan tetedhan Istiyani purun sawontenipun. Ukara baku saka paragra deskriptip yaiku…
Istiyani lare ingkang bekti kaliyan tiyang sepuh
tiyang sepuhipun remen sanget
enjing saderengipun budhal sekolah ngedalaken kambangan
kejawi menika tansah pamit lan nyuwun pangestu
ing babagan teladhan Istiyani purun sawontenipun
Tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora teges pepindhan, dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan pangganggone diarani .....
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung plutan
Saloka
Bebasan
Tetembungan utawa unen unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah, lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhan lan kang ajeg panggonane lan panganggone, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan diarani .....
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung plutan
Saloka
Bebasan
Rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane kang ora ngowahi tegese tembung, yaiku .....
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung plutan
Saloka
Bebasan
Tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge. Umume kang suda iku aksara kang mapan ing satengahe tembung. Tembung dadenane uga ora duwe teges anyar, diarani .....
Tembung saroja
Tembung garba
Tembung plutan
Saloka
Bebasan
Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja yaiku ...
Budi-pekerti
Jalwestri
Swara
Pambiwara
Bathok bolu isi madu
“ Prasetya saiki wis kerja.” Yen ditulis aksara Jawa yaiku.…
Kemajuan jaman sangsaya banter
Ukara ing dhuwur manawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi .…
Bapak mundhut radhio regane satus ewu rupiyah. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi….
Wacanen!
wajib ditindakake
wajib dipuntindakaken
wajib katindakaken
wajib katindakake
wajib dipuntidakake
Wacanen!
salebeting pawiyatan
salebeting pawiwahan
salajengipun pawiwahan
salebetipun pawiyatan
salebete pawiyatan
Wacanen!
tamu sedhahan ingkang dhahat kinurmatan
tamu undhangan ingkang winantu ing kabagyan
tamu sekaliyan ingkang kinurmatan
tamu sinedhahan ingkang kinabekten
tamu undhangan ingkang dhahat kinurmatan
Tembung ‘wonten’ menawa ditulis nganggo aksara Jawa, aksara kang ditulis pasangane yaiku aksara ....
Wa
Na
Ta
E
Te
Kang klebu sandhangan panyigeg yaiku ....
Cakra
Wulu
Taling tarung
Pengkal
Layar
Ing ngisor iki kang kalebu sandhangan swara yaiku ....
Suku, wulu, taling tarung, pepet
Suku, wignyan, pepet, layar
Layar, wignyan, pangkon, suku
Cakra, wulu, taling, taling tarung, pengkal
Cakra, keret, panjing la, pengkal
Tembung “basa krama” nggunakake sandhangan wiyanjana kang awujud ....
Keret
Panjing la
Cakra
Panjing wa
Pengkal
