wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

pas bahasa jawa kelas 5

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

2.

Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese...

a)

Sinau

b)

Rekreasi

c)

Mondok

d)

Nginep

3.

Saben liwat tanduran sinawang ijo...

a)

Memplak

b)

Branang

c)

Royo-royo

d)

Gadhing

4.

Salah sijine titikane dheskripsi yaiku...

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha

b)

Isine mujudake asli laporan kegiyatan

c)

Nggambarake panyaruwe saka penulis

d)

Isine mujudake rerangkene cerita kang urut

5.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

6.

Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani...

a)

Parikan

b)

Panyendhu

c)

Bebasan

d)

Panyandra

7.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

d)

Papindhan

8.

Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane...

a)

Jambe sinigar

b)

Nawon kemit

c)

Ndamar kanginan

d)

Mucuk eri

9.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...

a)

Basa rinengga

b)

Basa guyonan

c)

Basa bagongan

d)

Basa krama desa

10.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

11.

Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan…..

a)

Kuping

b)

Mripat

c)

Kulit

d)

Irung

12.

Paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara lekasan (wiwitan) yaiku...

a)

indhuksi

b)

dheduksi

c)

campuran

d)

lamba

13.

Paragrap kang idhe pokoke ora katulis kanthi terang-terangan yaiku ..

a)

dheduksi

b)

indhuksi

c)

campuran

d)

lamba

14.

Paragrap kang idhe pokoke manggon ing ukara pungkasane paragrap yaiku ....

a)

dheduksi

b)

indhuksi

c)

lamba

d)

campuran

15.

Kajaba ukara pokok, Paragrap uga duwe ukara liyane yaiku ...

a)

ukara pokok

b)

panerang

c)

idhe pokok

d)

Dheduktif

16.

Bima mboten semerep yen ibunipun sampun dhateng . Basa kang digunakake yaiku ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

17.

Bima ora weruh yen ibune wis teka. Ukara kasebut nggunakake ragam basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

Karangan sing isine nyritakake sawijining rerangken kedadeyan kanthi runtut adhedhasar urutan wektu, ana paragane, lan ana latar utawa setinge diarani ....

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

19.

Sing kalebu strukture teks narasi yaiku ....

a)

Pambuka, isi, lan panutup

b)

Orientasi, narasi, lan resolusi

c)

Orientasi, komplikasi, lan resolusi

d)

Narasi, eksposisi, lan orientasi

20.

Panggonan kedadeyan sing diandarake jroning crita narasi diarani ....

a)

setting

b)

tema

c)

paraga

d)

amanat

21.

Palaporan ngenani sakabehing kedadeyan kang lagi wae dumadi kang kapacak ing medhiya cetak utawa digiyarake lumantar medhiya elektronik diarani ....

a)

geguritan

b)

pawarta

c)

tembang

d)

lelagon

22.

Pawarta kang diwartakake dening wong liya kanggo pamirsa lumantar swara langsung diarani ....

a)

lisan

b)

wacan

c)

tulisan

d)

gagasan

23.

Jinise pawarta sing wektu lan panggonan kedadeyan ora kena dipesthekake diarani pawarta ....

a)

ndinan

b)

lisan

c)

dadakan

d)

crita

24.

Jinise pawarta sing ora dibatesi wektu lan panggonan, diwedharake mung kanggo hiburan diarani pawarta ....

a)

ndinan

b)

lisan

c)

dadakan

d)

crita

25.

Pawarta sing durung dingerteni bener/lupute kedadeyan sing sabenere diarani ....

a)

kabar manuk

b)

kabar keluwarga

c)

kabar bungah/susah

d)

kabar nagara

26.

Adhedhasar medhiya sing dienggo ngandharake, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

27.

Adhedhasar lingkungan geografis, jinise pawarta diperang ....

a)

politik, hukum, lan budaya

b)

cithak, lan elektronik

c)

lokal, regional, lan nasional

d)

ndinan, dadakan, lan crita

28.

Nulis pawarta iku kudu ana irah-irahan. Irah-irahan iku tegese ....

a)

judhul

b)

isi

c)

pambuka

d)

panutup

29.

Wacanen kanthi setiti!


Alun-alun utawa taman kota iku lumrahe maggone ing tengah-tengan utawa punjering kutha utawa kabupaten. Ing sakiwa tengene alun-alun iku ana bangunan penting.


Lumrahe alun-alun iku manggon ing ....

a)

satengahe kutha

b)

saknjabane kutha

c)

sapinggire kutha

d)

papan sing sepi

30.

Ing ngisor iki, kang termasuk struktur teks narasi yaiku ...

a)

Identifikasi

b)

Alur

c)

Klasifikasi

31.

Tembung loro sing tegese padha digandheng dadi siji dianggo bebarengan, duwe teges mbangetake diarani... .

a)

Tembung saroja

b)

Tembung camboran wutuh

c)

Tembung camboran tugel

d)

Tembung entar

32.

Tembung kang duwe teges ora sebenere utowo kiasan diarani... .

a)

Tembung saroja

b)

Tembung camboran wutuh

c)

Tembung camboran tugel

d)

Tembung entar

33.

Tembung praupane peteng tegese yaiku... .

a)

seneng banget

b)

susah

c)

bingung

d)

gela

34.

Pawakane Gathutkaca gagah prakosa. Tembung gagah prakosa kalebu tembung... .

a)

saroja

b)

camboran wutuh

c)

camboran tugel

d)

entar

35.

Olehe nata barang mbok sing becik, aja ... bisa mbebayani.

a)

abang mbranang

b)

guyup rukun

c)

tumpang tindhih

d)

babak bundhas

36.

Si mbah nginang nganggo suruh, makane dadi dubang. Dubang tegese... .

a)

madu abang

b)

idu abang

c)

mundu abang

d)

duren abang

37.

Ing ngisor iki tuladhane tembung entar, kejaba... .

a)

dawa tangane

b)

kandel kupinge

c)

jembar bawera

d)

dawa ususe

38.

Basa rinengga yaiku....

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kulonan

39.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo....

a)

Menehi rasa endah

b)

Njelasake teges

c)

Nambahi rasa mbangetake

d)

Nambahi rasa cetha

40.

Raden Ajeng Kartini maos majalah ing mburi omah.

Ukara “Raden Ajeng Kartini” kalebu ukara lamba, yaiku ….

a)

jejer

b)

wasesa

c)

katrangan waktu

d)

kahanan